Godhong

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Godhong pakis

Godhong kuwi salah siji organ tetanduran sing tuwuh ing batang kang fungsi utamané nyerep énergi cahya srengéngé kanggo fotosintesis. Umumé wernané ijo amarga ing kana ana jaringan sing paling akèh ngandhut klorofil. Godhong arupa organ tetanduran sing paling amba saéngga bisa nyerep energi cahaya srengéngé saokèh-okèhé.

Godhong duwé peran kang wigati ing prosès mrodhuksi bahan pangan tetanduran supaya bisa tetep urip lan tuwuh amarga tetanduran iku organisme autotrof obligat sing kudu masok kabutuhan energiné dhéwé liwat konvèrsi energi cahaya dadi energi kimia.

Werna ijo godhong asalé saka kandhungan klorofil ing godhong. Klorofil iku senyawa pigmen sing duwé peran nyeléksi panjang gelombang cahaya sing energiné dijupuk kanggo fotosintesis. Sabeneré godhong uga duwé pigmèn liya, umpamané karoten (wernané jingga/kuning tuwa), xantofil (wernané kuning), lan antosianin (wernané abang, biru, utawa ungu, gumantung drajat keaseman). Godhong tuwa kélangan klorofil saéngga wernané malih dadi kuning utawa abang (bisa dipirsani kanthi cetha ing godhong sing rogol).

Fungsi godhong[sunting | sunting sumber]

  • Papan dumadiné fotosintesis.
  • Minangka organ ambegan.
Ing godhong ana stomata sing fungsiné minangka organ respirasi (pirsani katerangan ing sangisoré Anatomi Godhong).
Umpamané ing tetanduran soyor bèbèk (tunas godhong).

Morfologi godhong[sunting | sunting sumber]

Gambar manéka warna wangun godhong

Wangun godhong akèh banget macemé, nanging biyasané arupa lembaran, bisa tipis utawa kandel. Gambaran rong dhimènsi godhong digunaaké kanggo mbédaaké wangun-wangun godhong. Wangun dhasar godhong mbunder, kanthi variasi cuping ndriji utawa dadi elips lan ndawa. Wangun ekstremé bisa lancip dawa.

Godhong bisa uga malèh dadi eri (umpamané ing tetanduran kaktus), lan njalari godhong kélangan fungsiné minangka organ fotosintetik. Godhong tetanduran sukulen utawa xérofit uga bisa ngalami paralihan fungsi dadi organ panyimpen banyu.

Anatomi Godhong[sunting | sunting sumber]

  • Epidermis, lapisan paling njaba godhong sing nutup bagéyan ndhuwur lan ngisor godhong. Epidermis kapérang dadi epidermis ndhuwur lan epidermis ngisor. Fungsi epidermis yaiku ngreksa jaringan sangisoré. Kanggo nyegah dumadiné panguapan banyu sing kegedhén, epidermis godhong katutup déning lapisan kutikula.
  • Jaringan palisade utawa jaringan tiang iku jaringan sing duwé fungsi minangka papan dumadiné fotosintesis
  • Jaringan spons utawa jaringan kembang karang sing ana ronggané. Jaringan iki fungsiné minangka papan nyimpen cadhangan pangan.
  • Berkas pembuluh angkut sing kapérang saka xilem utawa pembuluh kayu lan floem utawa pembuluh tapis. Xilem duwé fungsi ngangkut banyu lan garam-garaman sing diserot oyot saka njeron lemah pinuju godhong (sing dipigunaaké minangka bahan fotosintesis). Éwadéné floem duwé fungsi ngangkut asil fotosintesis nuju sakabèhing awak tetanduran.
Gambar anatomi godhong
  • Stoma (jamak: stomata) utawa tutuk godhong duwé fungsi minangka organ respirasi. Stoma njupuk CO2 saka udhara kanggo didadèkaké bahan fotosintesis. Banjur stoma bakal ngetokaké O2 minangka asil fotosintesis. Stoma kaya irungé awake dhéwé, kayata stoma njupuk CO2 saka hawa lan ngetokaké O2, éwadéné irung njupukO2 lan ngetokaké CO2. Ing tetanduran dharat sing posisi godhongé ndatar, stomata iku papané ing epidermis ngisor. Ing godhong sing posisiné jejeg, biyasané stomatané ana ing sisih sakloroné godhong. Ing tetanduran sing godhongé ana ing ndhuwur banyu, stomatané ing sisih nduwur godhong. Saliyané liwat stoma, tetanduran tingkat dhuwur uga ambegan liwat lentisel sing ana ing batang.
Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Godhong&oldid=814105"