Antosianin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Woh anggur kang ngendhut antosiani

Antosianin (basa Inggrisé: anthocyanin, saka gabungan tembung Yunani:anthos = "kembang", lan cyanos = "biru") yaiku pigmen kang bisa nyampur karo banyu sacara alamiah ing saben tanduran. [1]Manut jenengé, pigmen iki mènèhi werna ing kembang, woh-wohan, lan godhong tetanduran ijo, lan wis akèh digunakaké minanga pewarna alami ing prodhuk panganan. [1]Werna mau saka antosianin kang kasusun déning ikatan rangkap terkonjugasi kang dhawa, mula bisa nyerep cahya ing rentang cahya kang katon. [1]Sistem ikatan rangkap terkonjugasi iki uga bisa ndadèkaké Antosianin minangka antioksidan kanthi mékanisme penangkalan radikal. [1]

Antosianin minangka sub-tipe senyawa organik saka kulawarga flaonoid, lan minangka anggota klompok senyawa kang luwih gedheéyaiku polifenol. [2] Pirang-pirang senyawa antosianin kang paling akèh ditemokaké yaiku pelargonidin, peonidin, sianidin, malvidin, petunidin, dan delfinidin. [2]

Akèh-akèhé tanduran ngandhut antosianin sing paling gedhé ana ing wohé. [3]Tanduran liyane kayata tèh, kakao, serealia, buncis, kul lan petunia uga ngandhut antosinin ing bagéyan awak saliyane ing wohé.[3] Anggur minangka woh kang paling akèh dimanfaataké mnangka sumber antosianin amarga pigmèn mau lumayan gedhé kang ana ing kulité. [3]Mula, kulit anggur sisa saka pabrik wine kang kerep diklumpukaké manèh kanggo dièkstraksi antosianin karo pelarut kang asipat asam. [3]

Cathetan Suku [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Antosianin&oldid=847388"