Kimia
Kimia (basa Arab: كيمياء utawa basa Yunani: χημεία "khemeia") iku ngèlmu sing manyinaoni sifating dat-dat dhasar matéri sing ana ing jagat. Ngèlmu iki dadi nyinaoni sifat dhasar, pangowahan lan interaksi atom-atom, yaiku dat-dat dhasar matéri.
Olèhé manyinaoni ngèlmu iki, papané ana ing laboratorium.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Bidang-Bidang Kimia
Bidang-bidang khusus ilmu kimia iku antarane:
[sunting] Atom
Artikel utama bab: Atom.
Atom iku satuan materi sing cilik banget sing ketata saking:
- Nukleus utawa inti atom sing duwe muatan positif sing umume ngandung Proton lan Neutron
- Elektron ngubengi nang sekitar inti atom kanggo ngimbangi muatan positif inti atom.
[sunting] Unsur Kimia
Artikel utama bab: Unsur kimia.
Unsur Kimia iku kelompok atom sing duwé jumlah proton sing pada ing jero inti atom utawa nukleus/inti. Jumlah iku diarani nomer atom unsur. Kanggo conto: kabèh atom sing duwé proton 6 iji ing intiné iku mesthi atom saka unsur kimia karbon, utawa kabèh atom sing duwé proton 92 iji ing inti/nukleuse mesthi atom unsur uranium.
Tampilan unsur-unsur iku paling pas tur gampang dipahami ana ing tabel périodik. Ing tabel périodik iku unsur kimia ditata miturut lambang unsur lan nomer atomé.
[sunting] Cabang-Cabang Kimia
Cabang-cabang utama ilmu kimia iku antarane:
Sa'liyane iku uga ana cabang-cabang khusus sing mbahas kaitan ilmu kimia iki kaliyan ilmu liyane contone:
- Elektrokimia
- Farmakologi
- Geokimia
- Kimia Atmosfer
- Kimia Inti
- Kimia Komputasi
- Kimia Lingkungan
- Kimia Obat
- Kimia Polimer
- Kimia Supramolekul
- Termokimia
- lyy.
[sunting] Pirsani Uga
- Hukum Kimia
- Tata Jeneng Kimia
- Wujud Zat
- Kimiawan
- Tabel périodik
- Daftar unsur miturut jeneng
- Daftar unsur miturut nomer atom
|
Kimia |
| Biokimia • Èlèktrokimia • Farmasi • Farmakologi • Fotokimia • Èlmu bahan • Kimia analitik • Kimia anorganik • Kimia fisik • Kimia komputasi • Kimia lingkungan • Kimia nuklir • Kimia organik • Kimia polimèr • Tèrmokimia |
| Tabel périodik | Daftar senyawa |
|
|||||