Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Atom helium |
|
|
| Ilustrasi atom helium kang nuduhake inti atom (abang nom) lan distribusi awan elektron (ireng). Inti atom (tengen ndhuwur) awangun simètris bunder, kanggo inti atom kang luwih rumit ora tansah kaya mangkono. |
| Klasifikasi |
|
|
| Sipat-sipat |
|
|
Atom ya iku satuan dhasar matèri, kang kasusun saka inti atom lan uga èlèktron minangka momotan negatif kang ngubengi. [1]Inti atom kasusun saka proton kang muatane positif, lan neutron kang muatane netral.[1] Èlèktron-èlèktron kang ana ing sawijining atom kajiret ana ing inti atom déning gaya èlèktromagnètik.[1] Sakumpulan atom kuwi bisa gegandhèngan siji klawan liyané lan mbentuk sawijining molekul.[1] Atom kang ana kandhutané proton lan èlèktron kang pada sipaté netral, déné kang duwÉ kandhutan proton lan èlèktron kang béda sipat positif utawa negatif lan dijenengi ion.[1] Atom diklompokaké miturut gunggung proton lan neutron kang ana ing inti atom kuwi.[1] Gunggung proton ana ing atom nentokaké unsur kimia atom kuwi, lan jumlah neutron nentukaké isotop unsur kuwi. [1]Istilah atom asalé saka Basa Yunani (ἄτομος/átomos, α-τεμνω), kang tegesé ora bisa ditugel utawa ora bisa dibagi-bagi.[2] Konsèp atom dadi komponèn kang ora bisa dibagi-bagi manèh pisanan diajokaké déning filsuf India lan Yunani.[2] Ana ing abad kaping-17 lan kaping-18, para kimiawan nentokaké dhasar-dhasar pamikiran iki kanthi nuduhaké sawijining dat-dat kang ora bisa dibagi-bagi manèh nganggo métodhe-métodhe kimia.[2] Nganti tekan pungkasaning abad kaping-19 lan wiwitan abad kaping-20, para fisikawan bisa nemokaké struktur lan komponèn-komponèn subatom ana ing sajeroné atom, iki mbuktèkaké yèn atom dudu ora bisa dibagi manèh.[2] Prinsip-prinsip mékanika kuantum kang digunakaké para fisikawan banjur bisa gawé modhèl atom.[2]
[sunting] Cathetan Suku