Nitrogen
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|||||||||||||||||||||||||
| Katrangan Umum Unsur | |||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Jeneng, Lambang, Nomer atom | nitrogen, N, 7 | ||||||||||||||||||||||||
| Dhèrèt kimia | nonmetals | ||||||||||||||||||||||||
| Golongan, Période, Blok | 15, 2, p | ||||||||||||||||||||||||
| Panampilan | colorless |
||||||||||||||||||||||||
| Massa atom | 14.0067(2) g/mol | ||||||||||||||||||||||||
| Konfigurasi elektron | 1s2 2s2 2p3 | ||||||||||||||||||||||||
| Cacahing èlèktron saben kulit | 2, 5 | ||||||||||||||||||||||||
| Ciri-ciri fisik | |||||||||||||||||||||||||
| Fase | gas | ||||||||||||||||||||||||
| Massa jenis | (0 °C; 101,325 kPa) 1.251 g/L |
||||||||||||||||||||||||
| Titik lebur | 63.15 K (-210.00 °C, -346.00 °F) |
||||||||||||||||||||||||
| Titik umob | 77.36 K (-195.79 °C, -320.42 °F) |
||||||||||||||||||||||||
| Titik kritis | 126.21 K, 3.39 MPa | ||||||||||||||||||||||||
| Kalor peleburan | (N2) 0.720 kJ/mol | ||||||||||||||||||||||||
| Kalor panguapan | (N2) 5.57 kJ/mol | ||||||||||||||||||||||||
| Kapasitas kalor | (25 °C) (N2) 29.124 J/(mol·K) |
||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||
| Ciri-ciri atom | |||||||||||||||||||||||||
| Struktur kristal | hexagonal | ||||||||||||||||||||||||
| Bilangan oksidasi | ±3, 5, 4, 2 (strongly acidic oxide) |
||||||||||||||||||||||||
| Elektronegativitas | 3.04 (skala Pauling) | ||||||||||||||||||||||||
| Energi ionisasi (detil) |
ke-1: 1402.3 kJ/mol | ||||||||||||||||||||||||
| ke-2: 2856 kJ/mol | |||||||||||||||||||||||||
| ke-3: 4578.1 kJ/mol | |||||||||||||||||||||||||
| Jari-jari atom | 65 pm | ||||||||||||||||||||||||
| Jari-jari atom (terhitung) | 56 pm | ||||||||||||||||||||||||
| Jari-jari kovalen | 75 pm | ||||||||||||||||||||||||
| Jari-jari Van der Waals | 155 pm | ||||||||||||||||||||||||
| Lain-lain | |||||||||||||||||||||||||
| Sifat magnetik | ora ana data | ||||||||||||||||||||||||
| Konduktivitas termal | (300 K) 25.83 mW/(m·K) | ||||||||||||||||||||||||
| Kecepatan suara | (gas, 27 °C) 353 m/s | ||||||||||||||||||||||||
| Nomor CAS | 7727-37-9 | ||||||||||||||||||||||||
| Isotop | |||||||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||||||||||
| Referensi | |||||||||||||||||||||||||
Nitrogèn utawa Zat lemes iku sawijining unsur kimia ing tabel périodik sing nduwèni lambang N lan nomor atom 7. Biasané ditemokaké minangka gas tanpa werna, tanpa ganda, tanpa rasa lan arupa gas diatomik dudu logam sing stabil, angel banget réaksi karo unsur utawa senyawa liyané. Dijenengi zat lemas amarga zat iki nduwèni sifat males, ora aktif réaksi karo unsur liyané.
Nitrogen ana 78,08% persen saka atmosfir Bumi lan ana ing akèh jaringan urip. Zat lemas mbentuk akèh senyawa wigati kayata asam amino, amoniak, asam nitrat, lan sianida.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sifat-sifat pinunjul
Nitrogèn iku dat non logam, kanthi èlèktronegatifitas 3.0. Duwé 5 èlèktron ing kulit paling njaba. Mula iku trivalèn ing sebagéyan gedhé senyawa. Nitrogèn ngembun ing suhu 77K (-196oC) ing tekanan atmosfir lan mbeku ing suhu 63K (-210oC).
[sunting] Sajarah
Nitrogèn (Latin nitrum, Basa Yunani Nitron ateges "soda asli", "gen", "pambentukan") sacara resmi ditemokaké déning Daniel Rutherford ing taun 1772, sing nyebut udhara beracun utawa udhara tetep. Pangetauan yèn ana pecahan udhara sing ora mbantu ing pembakaran wis dingertèni déning ahli kimia wiwit akir abad kaping 18. Nitrogèn uga dikaji ing wektu sing mèh padha déning Carl Wilhelm Scheele, Henry Cavendish, lan Joseph Priestley, sing nyebutaké minangka udhara kaobong utawa udhara wis flogistat. Gas nitrogèn cukup lemes saéngga dijenengi déning Antoine Lavoisier minangka azote, tinimbang tetembungan Yunani αζωτος sing maksudé "ora duwé nyawa". Istilah kasebut wis dadi jenengé nitrogèn ing tetembungan Prancis lan sabanjuré mawiyar ing basa-basa liyané.
Senyawa nitrogèn dingertèni wiwit Zaman Pertengahan Éropah. Ahli alkimia ngertèni asam nitrat minangka aqua fortis. Campuran asam hidroklorik lan asam nitrat dijenengi akua regia, sing diakoni amarga kamampuané kanggo nglarutaké emas. Kagunaan senyawa nitrogèn ing tetanèn lan perusahaan ing awalé yaiku ing wangun kalium nitrat, utamané ing pangasilan serbuk panjeblug (garam mesiu), lan sabanjuré, minangka baja lan uga stok panganan ternak kimia.
[sunting] Senyawa
Hidrida utama nitrogèn yaiku amonia (NH3) senadyan hidrazina (N2H4) uga akèh ditemokaké. Amonia duwé sifat basa lan kalarut sebagéyan ing banyu mbentuk ion ammonium (NH4+). Amonia cuwèr sabeneré sithik amfiprotik lan mbentuk ion ammonium lan amida (NH2-); kaloroné dikenal minangka garam amida lan nitrida (N3-), nanging kaurai ing banyu.
Gugus bebas amonia karo atom hidrogèn tunggal utawa gandha dijenengi amina. Rantè, ali-ali utawa struktur hidrida nitrogèn sing luwih gedhé uga dimangertèni nanging ora stabil.
[sunting] Peranan biologi
Nitrogèn arupa unsur kunci ing asam amino lan asam nukleat, lan iki ndadèkaké nitrogèn wigati kanggo kabèh kauripan. Protein disusun saka asam-asam amino, sauntara asam nukleat dadi salah siji komponèn pambentuk DNA lan RNA.
Polong-polongan, kayata kedhelè, bisa nangkep nitrogèn sacara langsung saka atmosfer amarga simbiosis karo bakteri bintil oyot.
[sunting] Isotop
Ana 2 isotop Nitrogèn sing stabil yaiku: 14N dan 15N. Isotop sing paling akèh yaiku 14N (99.634%), sing diasilaké ing lintang-lintang lan sing saluwihé yaiku 15N. Ing antarané sepuluh isotop sing diasilaké sacara sintetik, 1N duwé paruh wektu sakwéné 9 menit lan sing saluwihé padha utawa luwih cilik saka itu.
[sunting] Pepènget
Limbah baja nitrat arupa panyebab utama pancemaran banyu kali lan banyu ngisor lemah.Senyawa sing ngandhut siano(-CN) ngasilaké garam sing beracun banget lan bisa njalari patining kéwan lan manungsa.
[sunting] Pranala njaba
- (en) Artikel nitrogèn saka Universitas California
- (en) Nitrogèn ing www.webelements.com
- (en) Informasi dhasar, struktur atom, lan isotop nitrogèn
- (id) Nitrogen ing perspèktif tetanèn saka Fakultas Pertanian USU
- (id) Kagunaan gas nitrogèn
| Golongan → | 1 | 2 | 3 | 4 | 5 | 6 | 7 | 8 | 9 | 10 | 11 | 12 | 13 | 14 | 15 | 16 | 17 | 18 | ||
| Période ↓ | ||||||||||||||||||||
| 1 | 1 H |
2 He |
||||||||||||||||||
| 2 | 3 Li |
4 Be |
5 B |
6 C |
7 N |
8 O |
9 F |
10 Ne |
||||||||||||
| 3 | 11 Na |
12 Mg |
13 Al |
14 Si |
15 P |
16 S |
17 Cl |
18 Ar |
||||||||||||
| 4 | 19 K |
20 Ca |
21 Sc |
22 Ti |
23 V |
24 Cr |
25 Mn |
26 Fe |
27 Co |
28 Ni |
29 Cu |
30 Zn |
31 Ga |
32 Ge |
33 As |
34 Se |
35 Br |
36 Kr |
||
| 5 | 37 Rb |
38 Sr |
39 Y |
40 Zr |
41 Nb |
42 Mo |
43 Tc |
44 Ru |
45 Rh |
46 Pd |
47 Ag |
48 Cd |
49 In |
50 Sn |
51 Sb |
52 Te |
53 I |
54 Xe |
||
| 6 | 55 Cs |
56 Ba |
* |
71 Lu |
72 Hf |
73 Ta |
74 W |
75 Re |
76 Os |
77 Ir |
78 Pt |
79 Au |
80 Hg |
81 Tl |
82 Pb |
83 Bi |
84 Po |
85 At |
86 Rn |
|
| 7 | 87 Fr |
88 Ra |
** |
103 Lr |
104 Rf |
105 Db |
106 Sg |
107 Bh |
108 Hs |
109 Mt |
110 Ds |
111 Uuu |
112 Uub |
113 Uut |
114 Uuq |
115 Uup |
116 Uuh |
117 Uus |
118 Uuo |
|
| * Lantanida | 57 La |
58 Ce |
59 Pr |
60 Nd |
61 Pm |
62 Sm |
63 Eu |
64 Gd |
65 Tb |
66 Dy |
67 Ho |
68 Er |
69 Tm |
70 Yb |
||||||
| ** Aktinida | 89 Ac |
90 Th |
91 Pa |
92 U |
93 Np |
94 Pu |
95 Am |
96 Cm |
97 Bk |
98 Cf |
99 Es |
100 Fm |
101 Md |
102 No |
||||||
| Logam alkali | Alkali tanah | Lantanida | Aktinida | Logam transisi |
| Logam | Metaloid | Nonlogam | Halogen | Gas mulia |
| Artikel perkawis kimia punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |