RNA
RNA (Ribonucleic Acid) inggih menika "duta" utawi pambekta pesan genetik saking gen kanggé ribosom, inggih menika organel ingkang sampun dipunmangertosi gegandénganipun kaliyan sintésis protéin wonten ing lebet sitoplasma sel.[1] Saben jinisning RNA nggadhahi kualitas struktural khusus ingkang damelaken cocok kanggé fungsi ingkang spèsifik.[2] RNA nggadhahi basis Adenin (A), Sitosin (C), saha Urasil (U).[3]
Bab lan Paragraf |
Bèntenipun RNA saha DNA [sunting]
bèntenipun ingkang langkung utami antawis DNA saha RNA inggih menika menawi ingkang kantun menika nggadhahi gendhis (gula) ingkang bènten, inggih menika ribosa.[1] RNA untaianipun tunggal (boten kados DNA ingkang untaianipun ganda) saha nggadhahi urasil (U), boten timim (T) dados setunggal saking sekawan basa-nipun.[1]
Bukti ingkang kapisan kanggé wontenipun asam ribonukleat duta (ARNd) dipunangsal saking studi kaliyan bakteri.[1] Wonten ing baktèria menika gèn-gèn boten pados nyata dipunpindahaken saking piranti-piranti penyintésa (pandamel) protein.[1] Studi-studi lajeng wonten sèl-sèl eukariotik masthèaken menawi molekul-molekul RNA utawi ARN pancén bergerak saking nukleus ke sitoplasma.[1] ARNd dipunbentuk menawi sègmén DNA khusus, inggih menika setunggal gèn, dados aktif.[1]
Sintesis Protein [sunting]
Sintèsis protèin kadadosan wonten ing kelompok-kelompok partikel sitoplasmik ingkang alit sanget ingkang dipunsebat ribosom.[4] Partikel-partikel menika inggih menika rakitan makromolekular RNA ribosom (rRNA) saha protèin-protèin.[4] Saben ribosom kadadosan saking kalih subunit : ingkang ageng saha ingkang alit.[4] Subunit ingkang alit nggadhahi setunggal molekul rRNA.[4] Subunit ingkang ageng wonten ing ribosom ekariotik nggadhahi setunggal copy saking saben tiga molekul rRNA ingkang berlainan[4].
Wonten ing ékariota, molekul-molekul RNA ribosom dipunsintesis wonten ing nukleus, kaliyan ngginakaken templat (gen) DNA.[4] Sel-sel ingkang secara aktif terlibat wonten ing sintèsis sejumlah ageng protèin tunggal saged nggadhahi kathah sanget RNA khusus kanthi ukuran ingkang benten saking rRNA utawi tRNA.[4]
Translasi RNA [sunting]
Translasi RNA kedadosan wonten ing ribosom, proses menika kalampahan wonten tiga prosés.[5]
- Inisiasi
- Pemanjangan
- Terminasi
Inisiasi [sunting]
Ribosom ngiketaken piyambakipun wonten ing situs inisiasi khusus wonten molekul mRNA.[5] Situs menika kawontenan ing nukleotida "lawan arus" saking kawiwitan pesenipun.[5] Saklajengipun tRNA inisiator ingkang khusus ngiketaken piyambakipun wonten ing kodon (limrahipun AUG)ingkang miwiti saben pesen.[5] Pangiketan kadadosan wonten situs ing ribosom ingkang dipunsebat situs P.[5] Asam amino ingkang dipunbekta tRNA inisiator inggih menika metionin (utawi wonten ing bakteri, wujud termodifikasi secara kimia ingkang dipuntandai fMet).[5]
Pemanjangan [sunting]
Molekul tRNA ingkang mampu berpasangan basa kaiyan kodon mRNA saklajengipun ngantos wonten situs ingkang langkung caket wonten ing ribosom.[5] Asam amino sakderengipun (Met wonten ngajeng translasi) dipunrantai wonten ingkang nembe mlebet ngagem ikatan peptida.[5] tRNA inisiator dipunbébasaken saking situs P saha ribosom nggéséraken setunggal kodon arah arus.[5] Bab menika mindahaken tRNA ingkang langkung mutakhir datengipun wonten kaliyan dipeptida nipun ingkang nemplek wonten situs P saha mbikak situs A kangge kadatenganipun tRNA sanesipun ingkang mbekta asam amino ingkang nomer tiga kanggé polipeptida ingkang tumbuh.[5] Kados mekaten, pesen ingkang wiwitipun dipuntransripsi tumuju wonten molekul mRNA dipuntranslasi tumuju ing runtunan pasti asam-asam amino wonten polipeptida kasebut.[5]
Terminasi [sunting]
Perpanjangan polipeptida kalajengaken ngantos purnanipun pesen ingkang bersangkutan.[5]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g (id)Pai, Anna C.1985.Foundations of Genetics.Jakarta:Erlangga.127
- ^ library.thinkquest.org(dipununduh tanggal 31 Maret 2011)
- ^ news-medical.net (dipununduh tanggal 31 Maret 2011)
- ^ a b c d e f g (id)Kimball, John W.1983.Biology.Jakarta:Erlangga.282-283
- ^ a b c d e f g h i j k l (id)Kimball, John W.1983.Biology.Jakarta:Erlangga.285-286