Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Adenina iku salah siji saka loro basa N purina sing dipigunakaké kanggo mbentuk nukleotida saka asam nukleat DNA lan RNA. Ing DNA, adenina (A) iketan karo timina (T) liwat loro ikatan hidrogen kanggo mbantu nytabilaké struktur asam nukleat. Ing RNA mawa berkas dhobel (dsRNA), adenin iketan karo urasil (U).
Bareng karo gula ribosa adenin mbentuk nukleosida sing disebut adenosina, sauntara bareng karo deoksiribosa adenin mbentuk deoksiadenosina. Adenosina bisa iketan karo gugus fosfat anorganik (PO43-). Yèn ngiket siji gugus fosfat dijenengi adenosina monofosfat (AMP), loro gugus fosfat dijenengi adenosina difosfat (ADP), lan telu gugus fosfat dijenengi adenosina trifosfat (ATP). ATP arupa salah siji senyawa wigati jroning metabolisme kabèh organisme urip minangka panggawa energi kimia kanggo manéka reaksi biokimiawi. Ing tèknik PCR, deoksiadenosina trifosfat (dATP) arupa siji saka papat nukleotida bébas sing perlu disedyakaké sadurungé prosès diwiwiti.
Pranala njaba[sunting]
|
Nukleobasa, nukleosida, lan nukleotida |
|
| Nukleobasa |
|
|
Nukleosida/
(NB+pentosa) |
|
|
Nukleotida/
(NS+fosfat) |
|
|
|
|
|
|
monofosfat ( dAMP, dGMP, dUMP, TMP, dCMP) · difosfat ( dADP, dGDP, TDP, dCDP) · trifosfat ( dATP, dGTP, TTP, dCTP)
|
|
|
|
|
|
|