Baktèri
Baktèri, saka tembung Latin bacterium (jamak, bacteria), iku klompok raseksa saka organisme urip. Baktèri iku cilik banget (mikroskopik) lan akèh-akèhé unisèlular (sèl tunggal), kanthi struktur sèl sing rélatif prasaja tanpa nukleus/inti sel, cytoskeleton, lan organel liya kaya mitokondria lan kloroplas. Struktur sèl baktèri dijlentrèhaké luwih pepak jroning artikel ngenani prokariota, amarga baktèri minangka prokariota, kanggo mbédakaké saka organisme sing nduwèni sèl luwih komplèks, diarani eukariota. Jeneng "baktèri" wis ditrapaké kanggo kabèh prokariota utawa kanggo klompok gedhéné, gumantung marang panyaru ngenani hubungané.
Baktèri iku sing paling akèh saka kabèh organisme. Baktèri kasebar ing lemah, banyu, lan minangka simbiosis saka organisme liya. Akèh patogen arupa bakteri. Akèh saka baktèri, padatan ukurané mung 0,5-5 μm, senajan ana jinis sing ukurané bisa nganti 0,3 mm ing dhiamèteré. Padatan nduwèni dinding sèl kayata kéwan lan jamur, nanging kanthi komposisi béda banget (peptidoglikan). Akèh obah nganggo flagela sing béda ing struktur saka flagela klompok liya.
Bab lan Paragraf |
Baktèri patogen [sunting]
Minangka klompok bakteri parasit sing nimbulaké panyakit ing manungsa, sato kéwan lan tetanduran.
Baktèri panyebab panyakit ing manungsa:
| No. | Jeneng baktèri | Panyakit sing ditimbulaké |
|---|---|---|
| 1. | Salmonella typhosa | Tipes |
| 2. | Shigella dysenteriae | Disentri basiler |
| 3. | Vibrio comma | Kolèra |
| 4. | Haemophilus influenza | Influensa |
| 5. | Diplococcus pneumoniae | Pneumonia (radhang paru-paru) |
| 6. | Mycobacterium tuberculosis | TBC paru-paru |
| 7. | Clostridium tetani | Tétanes |
| 8. | Neiseria meningitis | Meningitis (radhang selaput otak) |
| 9. | Neiseria gonorrhoeae | Gonorrhaeae (kencing nanah) |
| 10. | Treponema pallidum | Sifilis utawa Lues utawa raja singa |
| 11. | Mycobacterium leprae | Lépra (kusta) |
| 12. | Treponema pertenue | Puru utawa pathèk |
Baktèri panyebab panyakit ing kéwan:
| No. | Jeneng baktèri | Panyakit sing ditimbulaké |
|---|---|---|
| 1. | Brucella abortus | Brucellosis ing sapi |
| 2. | Streptococcus agalactia | Mastitis ing sapi (radang payudara) |
| 3. | Bacillus anthracis | Antraks |
| 4. | Actinomyces bovis | Bengkak rahang ing sapi |
| 5. | Cytophaga columnaris | Panyakit ing iwak |
Baktèri panyebab panyakit ing tetanduran:
| No. | Jeneng baktèri | Panyakit sing ditimbulaké |
|---|---|---|
| 1. | Xanthomonas oryzae | Nyerang pucuk wit pari |
| 2. | Xanthomonas campestris | Nyerang tanduran kubis |
| 3. | Pseudomonas solanacaerum | Panyakit alum jroning famili térong-térongan |
| 4. | Erwinia amylovora | Panyakit bonyok ing woh-wohan |
Deleng uga [sunting]
Daftar pustaka [sunting]
- Alcamo IE (2001). Fundamentals of microbiology. Boston: Jones and Bartlett. ISBN 0-7637-1067-9.
- Atlas RM (1995). Principles of microbiology. St. Louis: Mosby. ISBN 0-8016-7790-4.
- Martinko JM, Madigan MT (2005). Brock Biology of Microorganisms (11th ed. ed.). Englewood Cliffs, N.J: Prentice Hall. ISBN 0-13-144329-1.
- Holt JC, Bergey DH (1994). Bergey's manual of determinative bacteriology (9th ed. ed.). Baltimore: Williams & Wilkins. ISBN 0-683-00603-7.
- Hugenholtz P, Goebel BM, Pace NR (1998). "Impact of culture-independent studies on the emerging phylogenetic view of bacterial diversity". J Bacteriol 180 (18): 4765–74. PMID 9733676. http://jb.asm.org/cgi/content/full/180/18/4765?view=full&pmid=9733676.
- Funke BR, Tortora GJ, Case CL (2004). Microbiology: an introduction (8th ed, ed.). San Francisco: Benjamin Cummings. ISBN 0-8053-7614-3.
Pranala jaba [sunting]
- Bacterial Nomenclature Up-To-Date from DSMZ
- The largest bacteria
- Tree of Life: Eubacteria
- Videos of bacteria swimming and tumbling, use of optical tweezers and other videos.
- Planet of the Bacteria by Stephen Jay Gould
- On-line text book on bacteriology
- Animated guide to bacterial cell structure.