Sitosin
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Sitosina | |
|---|---|
| Jeneng Sistematis | 4-amino-1H-pyrimidina-2-on |
| Identifikasi | |
| Nomor CAS | [71-30-7] |
| SMILES | C1=C(NC(=O)N=C1)N |
| Sifat | |
| Rumus molekul | C4H5N3O |
| Massa molar | 111,300 g/mol |
| Titik leleh |
320 - 325°C (dekomposisi) |
| Kajaba dinyatakaké suwaliké, data ing dhuwur lumaku ing kaanan standar (25 °C, 100 kPa) |
|
Sitosina arupa siji saka loro basa N pirimidina sing diduwèki DNA lan RNA. Nukleosida ribosané dijenengi sitidina lan nukleosida deoksiribosané dijenengi deoksisitidina. Sitosina iketan karo guanina ing DNA pilin dhobel liwat telung ikatan hidrogen.
Sitidina bisa mbentuk nukleotida yèn ngiket siji, loro, utawa telung gugus fosfat anorganik (PO43-) mbentuk CMP, CDP, lan CTP (saben bentuk dijenengi sitidina mono-, di-, utawa trifosfat). CTP bisa dadi kofaktor sajroning réaksi enzimatik biokimiawi lan ntransfer sagugus fosfat kanggo ADP kanggo mbentuk ATP. Deoksisitidina trifosfat (dCTP) diperlokaké sajroning PCR minangka bahan baku sintesis DNA.
Ing kahanan tinentu, sitosina bisa ngalami deaminasi dadi urasil. Mutasi iki biasané bisa dikenali déning enzim-enzim sing kalibat sajroning reparasi DNA. Kaya déné ing urasil, metilasi uga bisa dumadi ing sitosin kanthi sokongan enzim DNA-metil-transferase.
|
||||||||||||||||||||||||