Timin
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Timin | |
|---|---|
| Jeneng kimia | 5-metilpirimidin-2,4(1H,3H)-dion |
| Jeneng liya | 5-metilurasil |
| Rumus kimia | C5H6N2O2 |
| Massa molekul | 126.11 g/mol |
| Titik lebur | 316 - 317 °C |
| Nomor CAS | 65-71-4 |
| SMILES | CC1=CNC(NC1=O)=O |
Timina ora padha karo tiamin, sawijining jenis vitamin B.
Timina utawa 5-metilurasil arupa salah siji saka loro basa N pirimidina sing nyusun DNA. RNA ora nduwèni timina lan, kanthi sithik pangecualian, urasil nggantèkaké posisiné. Ing DNA kanthi pilin dhobel, timina bakal iketan karo adenina liwat rong ikatan hidrogen kanggo mbentuk struktur sing stabil.
Timina bareng karo gula deoksiribosa mbentuk nukleosida sing disebut deoksitimidina utawa timidina. Timidina bisa mbentuk nukleotida yèn ngalami fosforilasi dadi dTMP, dTDP, utawa dTTP (deoksitimidina mono-, di-, utawa trifosfat). dTTP diperlokaké sajroning PCR minangka salah sawijining bahan baku nukleotida.
|
||||||||||||||||||||||||