Adenosina monofosfat siklik
| Adenosina monofosfat siklik | |
|---|---|
| Identifikasi | |
| Nomor CAS | [60-92-4] |
| PubChem | |
| MeSH | Cyclic+AMP |
| Sifat | |
| Rumus molekul | C10H12N5O6P |
| Massa molar | 329.206 |
| Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
|
Adenosina monofosfat siklik (AMP siklik utawa cAMP) yaiku molekul kanthi bentuk ali-ali kang digawe saka ATP kang minangka molekul pensinyalan intraseluler kang umum (mesenjer kedua) ing sel eukariota, tuladhane ing sel endokrin vertebrata.[1] Senyawa iki uga minangka pengatur pirang-pirang operon bakteri.[1] ATP diganti dadi cAMP dening enzim kang ana ing membran plasma yaiku Adenil siklase minangka respon marang sinyal ekstraseluler.[1] Tuladha sinyal ekstraselulere yaiku adrenalin.[1] Adenil siklase dadi aktif mung sawise epinefrin kaiket ing protein reseptor spesifik.[1] Mula mesenjer wiwitan, hormon mau, nyebabake enzim mebran mensintesis cAMP, kang mancarake sinyal ing sitoplasma.[1] cAMP ora bisa tahan lama yen ora ana hormon, amarga enzim liyane ngowahi cAMP dadi produk kang inaktif, yaiku AMP.[1] Adrenalin mung salah siji saka akeh hormon lan molekul sinyal liyane kang micu jalur kang nglibatake cAMP.[1] Enterotoksin Vibrio cholerae bisa ningkatake produksi cAMP sacara kaluwihan, mula ion klorida lan bikarbonat ditokake kanthi cacah akeh saka sel mukosa ing jero usus.[2] Akibate kadadeyan dehidrasi kang bisa nyebabake kepatèn.[2]