Atmosfer

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gambar:Andes et Terminator.jpg
Atmosfèr bumi saka angkasa
Proporsi gas ing atmosfèr bumi

Atmosfèr iku lapisan gas sing mbungkus sawijining planet, kalebu bumi, saka permukaan planet mau tekan adoh ing sanjabaning angkasa. Ing bumi, atmosfèr ana saka 0 km sandhuwuré permukaan lemah, tekan udakara 560 km sandhuwuring permukaan bumi. Atmosfèr kasusun saka sapérangan lapisan, sing dijenengi miturut fenomena sing dumadi ing lapisan kasebut.

Atmosfèr Bumi kapérang saka nitrogen (78.17%) lan oksigen (20.97%), kanthi sithik argon (0.9%), karbondioksida (variabel, nanging udakara 0.0357%), uap banyu, lan gas liyané. Atmosfèr ngreksa kauripan ing bumi kanthi nyerep radiasi sinar ultraviolet saka srengéngé lan ngurangi suhu ekstrem ing antananing awan lan bengi. 75% saka atmosfèr ana ing 11 km saka permukaan planet.

Atmosfèr ora nduwèni watesan ndadak, nanging saya tipis saka sithik kanthi tambahing kadhuwuran, ora ana wates sing pesthi antarané atmosfèr lan angkasa luwar.

[sunting] Lapisan-Lapisan

Atmosfer bumi iku kesusun saking lapisan-lapisan:

[sunting] Deleng Uga

[sunting] Pranala njaba

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Atmosfer ing Wikimedia Commons.



Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Atmosfer"