John Dalton
| John Dalton | |
|---|---|
| Miyos | 06 September 1766 Eaglesfield, Cumberland, Inggris |
| Tilar donya | 27 Juli 1844 (umur 77) Manchester, Inggris |
| Notable students | James Prescott Joule |
| Kaahlian | Atomic Theory, Law of Multiple Proportions, Dalton's Law of Partial Pressures, Daltonism |
| Mangaruhi | John Gough |
| Tapak asma |
|
John Dalton (1766-1844) inggih menika ilmuwan saking Inggris ingkang ing abad kaping-19 nyobi nepangaken hipotesa atom wonten ing jagad ilmu pengetahuan.[1] Kanthi pamikiranipun John Dalton saged damel èlmu kimia saya majeng.[1] Panjenenganipun gadhah gagasan bab “teori kuantitatif” ingkang saged dipunginakaken ing percobaan kimia. [1] Dalton nggadhahi pamanggih bab konsep atom, molekul, elemen, lan campuran kimia. [1] Panjenenganipun ugi nggadhahi pamanggih saben kalih atom saking klompok ingkang meh sami inggih menika sami sedaya kualitasipun, kalebet “masa” (kuantitas material wonten ing piranti ingkang dipunukur saking daya tahan perubahan gerak).[1] Dalton nglebetaken satunggal dhaftar ingkang nyerat berat relatif saking pinten jinis atom ingkang benten. [1]
5 Teori Atom Dalton [sunting]
- Unsur-unsur kaperang saking partikel-partikel ingkang alit sanget lan boten saged dipunperang malih ingkang dipunsebat atom. Wonten ing reaksi kimia, boten saged dipundamel utawi dipunowahi dados unsur ingkang sanes.[2]
- Sedaya atom wonten ing unsur ingkang satunggal jinis inggih menika sami, amargi menika nggadhahi sipat ingkang meh sami, kados massa lan ukuran.[2]
- Atom saking unsur-unsur ingkang benten jinisipun nggadhahi sipat ingkang benten ugi.[2]
- Senyawa saged dipunwujudaken nalika langkung saking setunggal jinis unsur ingkang dipundadosaken satunggal (digabungkan).[2]
- Atom-atom saking 2 unsur utawi langkung saking 2, saged dipunreaksi wonten ing perbandingan-perbandingan ingkang benten kangge ngasilaken langkung saking 1 jinis senyawa.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.