Massa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Massa (saka basa bahasa Yunani μάζα) yakuwi sipat fisika saka dzat kang digunakaké kanggo njlentrehaké macemé kelakuané objek kang dititeni. Ning kagunaané nggal dina, massa biasané dipadhakaké karo berat. Ananging miturut pamahaman ilmiah modern, berate dzat kuwi diakibataké dening interaksi massa karo medan gravitasi.

Tuladhané kuwi, aboté dzat sing digawa dening wong sing ana ning Bumi bisa mengasosiasi aboté dzat kuwi karo istilah massané. Asosiasi iki bisa uga diterima kanggo dzat-dzat liyané sing ana ning Bumi. Ananging bedha maneh menawa dzat kuwi ana ing Bulan, aboté bakal luwih entheng lan luwih gampang digotong, ananging massané tetap padha.

Awaké manungsa kang dijangkepi karo indera-indera perasa kang nggawe awak iki bisa ngrasakaké fenomena-fenomena kang macem-macem anané diasosiasikaké karo massa.

Konsep modern massa dikenalaké dening Sir Isaac Newton (1642-1727) yakuwi gravitasi lan inersia kang dikembangaké. Sadhurungé, ana fenomena gravitasi lan inersia dideleng dadi masalah kang bedha lan ora duwe hubungan. Ananging, Isaac Newton nggabungaké fenomena-fenomena iki lan ngendika menawa kabeh fenomena iki disebabaké amarga anané massa.

Satuan-satuan massa[sunting | sunting sumber]

Piranti kang digunakaké kanggo ngukur massa biasané kuwi timbangan. Ning satuan SI, massa diukur ning satuan kilogram, kg. Ana uga satuan massa liyané, kayata:

  • gram: 1 g = 0,001 kg (1000 g = 1 kg)
  • ton: 1 ton = 1000 kg
  • MeV/c2 (Umumé digunakaké kanggo ngemataké massa partikel subatom.)

Ning kahanan kang normal, aboté objek kuwi sabanding karo massané. Ananging kanggo ngerteni bedhané massa karo abot diperlukaké pangukuran kang presisiné gedhe. Mulané kuwi amarga anané relativistik antarané massa karoan energi, kuwi bisa digunakaké kanggo satuan energi makili massa. Tuladjané, eV normalé digunakaké kanggo satuan massa (kira-kira 1,783×10−36 kg) ning ilmu fisika partikel.

Ringkesan saka konsep massa lan formalisme[sunting | sunting sumber]

Ning ilmu mekanika klasik, massa duweni peranan kang penting kanggo nentukaké sifat-sifaté dzat. Hukum Newton kang kaping loro njlentrehaké menawa gaya F yakuwi massa benda (m) dipingaké karo percepatan a:

\mathbf{F}=m\mathbf{a} \, .

Ora namung kuwi, massa uga ana hubungané karo momentum p lan kecepatan v rumusé:

\mathbf{p}=m\mathbf{v} \, ,

uga energi kinetik Ek dietung karo kecepatané, rumusé:

E_k = \tfrac{1}{2}mv^2 \, .
Diagram kang ana ing dhuwur iki nggambaraké hubungané limang sipaté massa karo tetapan proporsionalitasé kang diubungaké karo limang konsep. Nggal sampel massa dipercaya duweni limang sipat, Ananging amarga kuwi nilai tetapan proporsionalitas kang gedhe, umumé angel banget anggoné verifikasikaké luwih saka loro utawa telung sipat kang ana ing sampel massa tartemtu.
* Jari-jari Schwarzschild (r_s) makili kamampuan massa kang bisa mlengkungaké ruang lan wektu.
* Parameter gravitasional standar (\mu) makili kamampuan benda masif nglakokaké gaya gravitasi Newton dening benda liyané.
* Massa inersia (m) makili respon Newtonian massa dening gaya.
* Energi diam (E_0) makili kamampuan massa diubah dadi bentuk energi liyané.
* Panjang gelombang Compton (\lambda) makili respon kuantum massa dening geometri lokal.

Ning ilmu fisika, bisa dibagi sacara konseptual mbedakaké paling ora pitung macem massa utawa pitung fenomena fisika kang bisa dijlentrehaké migunakaké konsep massa:[1]

  • Massa inersia yakuwi ukuran resistansi objek kanggo ngubah kahanan obahé nalika gaya diterapké. Ditentukaké kanthi cara nerapaké gaya mring objek lan ngukur percepatan kang dikasilaké dening gaya kuwi. Objek benda kang massané luwih gedhé duweni inersia kang luwih gedhé uga.
  • Gunggungé materi bisa dietung kanthi teliti nganggo proses elektrodeposisi utawa proses-proses liyané. Massa persis sampel ditentukaké karo ngitung gunggung lan jinis atom-atom kang ana ing jeroné. Ora namung kuwi, energi kang digunakaké nalika pengikatan atom-atom uga digunggung.
  • Massa gravitasional aktif yakuwi ukuran kekuatan fluks gravitasional. Medan gravitasi bisa diukur kanthi cara nibakaké objek tiba lan ngukur perpecapatan tibané benda kuwi. Contoné, objek kang tiba ning Bulan bakal kena medan grafitasi kang cilik, mula akselerasiné luwih lendhek tinimbang benda kuwi tiba ning Bumi. Medan gravitasi bulan luwih cilik amarga Bulan duweni massa gravitasional aktif kang luwih cilik.
  • Massa gravitasional pasif yakuwi ukuran kekuatan interaksi dening objek karo medan gravitasi. Massa gravitasional pasif ditemtukaké karo mbagi aboté objek karo percepatan tiba bebas objek kuwi. Ana rong objek ning medan gravitasi kang padha bakal ngalami percepatan kang padha. Ananging objek karo massa gravitasional pasif luwih cilik bakal nemuni gaya kang luwih cilik.
  • Energi uga duweni massa miturut prinsip kesetaraan massa-energi. Kesetaraan iki bisa dingerteni saka proses fusi nuklir lan lensa gravitasi. Ning fusi nuklir, ana massa diubah dadi energi, foton kang kagolong energi bisa diweruhi liwat kedaden kang memper karo massa gravitasional pasif.
  • Pelengkungan ruang waktu yakuwi manifestasi relativistik anané masaa. Pelengkungan iki cilik banget lan angel ngukuré. Mula kuwi, fenomena iki tembe wae ditemukaké sawise teori relativitas umum Einstein mrediksikaké. Jam atom karo presisi kang dhuwur banget ditemukaké mlaku luwih lendhek daripada jam atom kang digunakaké ning ruang angkasa. Bedhané wektu iki dijenengi dilasi waktu gravitasional.
  • Massa kuantum yakuwi beda watara frekuensi kuantum suatu objek karo bilangan gelombangé:  m^2 = \omega^2 - k^2. Massa kuantum elektron bisa ditentukaké migunakaké spektroskopi kang akeh macemé lan biasané digathukaké karo tetapan Rydberg, jari-jari Bohr, lan jari-jari elektron klasik. Massa kuantum benda kang luwih gedhe bisa wae diukur sacara langsung minggunakaké timbangan watt.

Referensi lan pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Massa&oldid=835863"