Gravitasi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gravitasi kasrengèngèn/ solar nyababaken benda-benda langit woten ing posisi orbitipun piyambak-piyambak salebetipun ngubengi srengéngé. Gravitasi gaya tarik-tumarik ingkang kadadosan antawesipun sadaya partikel ingkang nggadhahi massa ing alam jagad. Fisika modhèren ngandharaken gravitasi migunakaken Téyori Relativitas Umum saking Einstein, nanging ukum gravitasi universal Nyuton ingkang langkung prasaja minangka ukum ingkang cekap akurat salebeting kathahipun prakawis.

Minangka tuladha, bumi ingkang nggadhahi massa ageng sanget ngasilaken gaya gravitasi ingkang ageng ugi kanggé narik benda-benda ing sisihipun, kalebet makluk urip, lan benda-benda ingkang woten Bumi. Gaya gravitasi punika ugi saged narik benda-benda ingkang woten sak njawinipun bumi, kadosta bulan, météyor, lan benda akasa lintunipun, kalebet satelit damelan manungsa.

Ukum Gravitasi Universal Nyuton[besut | besut sumber]

Hukum gravitasi universal Nyuton dipunrumusaken kados punika:

Saben ‘’massa’’ narik ‘’massa’’ titik lintunipun kanthi gaya satunggal garis ingkang ngubungaken titik kekalihipun. Agengipun ‘’gaya’’ kasebat abandhing lurus déning ‘’ping-pingané’’ massa kekalihipun lan abandhing kosok balen déning kwadrat let kekalih massa titik wau.
F inggih punika agengipun gaya garafitasi antiwesipun kalih titik massa wau.
G inggih punika ajegan gravitasi
m1 inggihpunika agengipun massa titik ingkang sapisan.
m2 inggih punika agengipun massa titik ingkang kaping kalih.
r inggih punika jarak antawisipun kekalih massa titik, lan
g inggih punika ‘’rerancagan gravitasi’’ =

Salebeting Sistem Internasional, F dipunukur ing nyuton (N), m1 lan m2 ing kilograms (kg), r ing mèter (m), lan ajegan Gkinten-kiten sami kaliyan 6,67 × 10−11 N m2 kg−2.

Saking ‘’kasamèn’’ punika saged dipunturunaken kasamèn kanggé ngétang abot. Abot satunggaling benda inggih punika asil saking ping-pingan massa benda kasebat kaliyan rerancagan gravitasi bumi. Kasamèn kasebat saged dipunserat kados punika : . W inggih punika abot benda kasebut, m inggihpunika massa lan g inggih punika rerancagan gravitasi.

Pranala njawi[besut | besut sumber]