Srengéngé

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Disambig.svg
Kanggé kagunan sanès saking ', mangga mriksani [[]].
Srengéngé Sun symbol.svg
The Sun by the Atmospheric Imaging Assembly of NASA's Solar Dynamics Observatory - 20100819.jpg
Data pangamatan
Let rata-rata
saka bumi
1.496×108 km
8 min 19 s ing kacepetan cahya
Kacerahan visual (V) −26.74 [1]
Magnitudo mutlak 4.83 [1]
Klasifikasi spektral G2V
Metallicity Z = 0.0122[2]
Ukuran pojok 31.6′ – 32.7′ [3]
Tembung sifat surya
Karakteristik orbital
Let rata-rata
saka inti Milky Way
~2.5×1017 km
26.000 taun cahya
Periode galaksi (2.25–2.50)×108 a
Kacepetan ~220 km/s (orbit sekitar pusat Galaksi)
~20 km/s (rélatif dhumateng kacepetan rata-rata lintang liya ing sekitar lintang)
~370 km/s[4] (rélatif dhumateng latar wuri gelombang mikro kosmik)
Karakteristik fisik
Rata-rata diameter 1.392×106 km [1]
109 × bumi
Radius katulistiwa 6.955×105 km [5]
109 × bumi[5]
Keliling katulistiwa 4.379×106 km [5]
109 × bumi[5]
Flattening 9×10−6
Wiyar aréa 6.0877×1012 km2 [5]
11.990 × bumi[5]
Volume 1.412×1018 km3 [5]
1.300.000 × bumi
Massa 1.9891×1030 kg[1]
333.000 × bumi[1]
Kapadhetan rata-rata 1.408×103 kg/m3 [1][5][6]
Kapadhetan Pusat (modhèl): 1.622×105 kg/m3 [1]
Fotosfèr ngisor: 2×10−4 kg/m3
Kromosfèr ngisor: 5×10−6 kg/m3
Korona (rata-rata.): 1×10−12 kg/m3 [7]
Gravitasi permukaan katulistiwa 274.0 m/s2 [1]
27.94 g}}
28 × bumi[5]
Kacepetan uwal dhiri
(saka permukaan)
{617.7 km/s [5]
55 × bumi[5]
Suhu Pusat (modhèl): ~1.57×107 K [1]
Fotosfèr (èfèktif): 5,778 K [1]
Korona: ~5×106 K
Luminosity (Lsol) 3.846×1026 W [1]
~3.75×1028 lm}}
~98 lm/W efficacy
Intensitas rata-rata  (Isol) 2.009×107 W·m−2·sr−1
Karakteristik rotasi
Kamiringan sumbu 7.25° [1]
(tumrap ekliptika)
67.23°
(tumrap bidhang galaksi)
Right ascension
saka kutub lor[8]
286.13°
19 jam 4 menit 30 detik
Deklinasi
saka kutub lor
+63.87°
63°52' LU
Sidereal periode rotasi
(ing katulistiwa)
25.05 dina [1]
(ing 16° lintang) 25.38 dina [1]
25 dina 9 jam 7 menit 12 detik [8]
(ing kutub) 34.4 dina [1]
Kacepetan rotasi
(ing katulistiwa)
7.189×103 km/jam [5]
Komposisi fotosfèr (miturut massa)
Hidrogen 73.46%[9]
Helium 24.85%
Oksigen 0.77%
Karbon 0.29%
Wesi 0.16%
Neon 0.12%
Nitrogen 0.09%
Silikon 0.07%
Magnesium 0.05%
Welirang 0.04%

Srengéngé utawi surya punika bal raseksa ingkang kawangun saking gas hidrogen lan helium.[10] Srengéngé kalebet lintang kanthi werna pethak ingkang kagungan peran minangka pusat tata surya.[11][12][13] Sedaya komponèn tata surya kalebet 8 planèt lan satelitipun, planèt-planèt kerdhil, asteroid, komèt, lan lebu angkasa mubeng ngiteri srengéngé. [14] Sasanèsipun minangka punjer ubengan, srengéngé ugi arupi sumber ènèrgi kanggé kagesangan ingkang teras-terasan.[15] Panas srengéngé ndadosaken bumi anget lan mbentuk iklim, éwadéné cahyanipun maringi pepadhang dhumateng bumi sarta dipunpigunakkaen déning tetanduran kanggé prosès fotosintesis.[15] Tanpa srengéngé, mboten bakal wonten kagesangan ing bumi amargi kathah réaksi kimia ingkang mboten saged dumados.[15]

Nicolaus Copernicus punika tiyang sepisanan ingkang ngajengaken téori bilih srengéngé punika pusat parédharan tata surya ing abad 16.[16] Téori puniki lajeng dipunbuktèkaken déning Galileo Galilei lan pangamat angkasa sanèsipun.[16] Téori ingkang salajengipun dipuntepangi kanthi nami heliosentrisme puniki nugelaken téori geosentrisme (bumi minangka pusat tata surya) ingkang dipunajengaken déning Ptolemeus lan sampun tahan wiwit abad kaping kalih sadèrèngipun masèhi.[17] Konsèp fusi nuklir ingkang dipunajengaken déning Subrahmanyan Chandrasekhar lan Hans Bethe nalika taun 1930 pungkasanipun saged njelasaken punapa puniku srengéngé sacara tepat.[16]

Karakteristik umum srengéngé[sunting | sunting sumber]

Srengéngé awangun bal pijar kanthi senyawa panyusun utami arupi gas hidrogen (74%) lan helium (25%) kaionisasi.[13] [18][14] Senyawa panyusun sanèsipun kapérang saking wesi, nikel, silikon, sulfur, magnesium, karbon, neon, kalsium, lan kromium.[19] Cahya srengéngé asalipun saking asil réaksi fusi hidrogen dados helium.[20]

Adhedhasar pangétangan migunakaken Hukum Newton kanthi nglibataken pangaji kacepetan orbit bumi, let srengéngé, lan gaya gravitasi, dipunpikantuk massa srengéngé inggih punika 1,989x1030 kilogram.[21][18] Angka kasebat sami kaliyan kaping 333.000 massa bumi. [18] Sauntawisipun puniku, dhiameter srengéngé inggih punika 1.392.000 kilometer utawi 865.000 mil, sami kaliyan kaping 109 dhiameter bumi.[14] Minangka pabandhingan, 1,3 yuta planèt saukuran bumi saged mlebet dhumateng srengéngé.[14] Mila, srengéngé dados objèk paling ageng ing tata surya kanthi massa dumugi 99,85% saking total massa tata surya.[22]

Srengéngé arupi lintang ingkang paling caket kaliyan bumi, inggih punika letipun rata-rata 149.600.000 kilometer (92,96 yuta mil).[13][23] Let srengéngé dhumateng bumi puniki dipuntepangi minangka satuan astronomi lan biasa dipunbulataken (kanggé panyedherhanan étangan) dados 150 yuta km. [13][22]

Adhedhasar pangétangan kanthi métodhe analisis radhioaktif, dipunmangertosi bilih batuan rembulan, meteorit lan batuan bumi paling sepuh ingkang naté dipunpanggihaken yuswanipun watawis 4,6 yuta taun.[24] Sauntawisipun puniku, conto batuan srengéngé dèrèng naté dipunpikantuk saéngga pangétangan dipunlampahaken sacara matématika migunakaken modhèl interior srengéngé.[25] Adhedhasar asil pangétangan matématika inggih punika srengéngé dipunkintenaken yuswanipun 5 ± 1,5 yuta taun.[25] Nanging, amargi tata surya dipunkawruhi kawangun minangka satunggil kasatuwan salebetipun wekdal ingkang cecaketan mila sapuniki sacara umum srengéngé dipunanggep yuswanipun 4,6 yuta taun.[24][25] Srengéngé kagolong lintang tipe G V, kanthi ciri gadhah suhu lumahipun watawsis 6.000 K lan umumipun tahan salaminipun 10 yuta taun.[20] Srengéngé dipunkintenaken yuswanipun watawis 7 yuta taun malih, sadèrèngipun hidrogen ing intinipun telas.[14] Menawi perkawis kasebat dumados, srengéngé bakal èkspansi dados lintang raseksa warna abrit ingkang asrep lan mangan planèt-planèt alit ing sakupengipun (menawi kalebet bumi) sadèrèngipun pungkasanipun wangsul dados lintang kerdhil warna pethak malih.[14]

Gaya gravitasi ing srengéngé sabandhing kaliyan kaping 28 gravitasi ing bumi.[26] Sacara téori perkawis kasebat ateges bilih satunggiling tiyang gadhah bobot 100 kg ing bumi mila menawi lelampahan ing lumahipun srengéngé bobotipun bakal karaos kados 2.800 kg.[26] Gravitasi srengéngé mungkinaken narik sedaya komponèn-komponèn panyusunipun mbentuk satunggil wangun bal sampurna.[26] Gravitasi srengéngé ugi ingkang nahan planèt-planèt ingkang ngupengi tetep wonten ing orbitipun piyambak-piyambak.[26] Pangaruh saking gravitasi srengéngé tasih saged karaos dumugi let 2 taun cahya.[26]

Radhiasi srengéngé, langkung dipuntepangi minangka cahya srengéngé, inggih punika campuran gelombang èlèktromagnètik ingkang kapérang saking gelombang infraabrit, cahya katingal, sinar ultraviolèt.[27] Sesaya gelombang èlèktromagnètik puniki obah kanthi kacepetan watawis 3,0 x 108 m/s.[27] Mila radhiasi utawi cahya merlokaken wekdal 8 menit kanggé dumugi dhumateng bumi.[27] Srengéngé ugi ngasilaken sinar gamma, nanging frékuènsinipun tansaya alit sairing kaliyan letipun nilaraken inti.[27]

Struktur srengéngé[sunting | sunting sumber]

Ilustrasi bagéyan-bagéyan srengéngé. (1) Inti (2) Zona radhiatif (3) Zona konvèktif (4) Fotosfèr (5) Kromosfèr (6) Korona (7) Bintik srengéngé (8) Granula (9) Prominènsa.

Srengéngé gadhah enem lapisan ingkang saben lapisan gadhah karakteristik tartamtu.[13] Kaenem lapisan kasebat ngliputi inti srengéngé, zona radhioaktif, lan zona konvèktif ingkang mbentuk lapisan lebet (interior); fotosfèr; kromosfèr; lan korona minangka dhaérah paling njawi saking srengéngé.[13]

Inti srengéngé[sunting | sunting sumber]

Inti inggih punika aréa paling lebet saking srengéngé ingkang gadhah suhu watawis 15 yuta drajat Celcius (27 yuta drajat Fahrenheit).[13][28] Adhedhasar pabandhingan radhius/dhiameter, bagéyan inti kanthi ukuran saprasekawan let saking pusat dhumateng lumahipun lan 1/64 total volume srengéngé.[29] Kapadhetanipun inggih punika watawis 150 g/cm3. Suhu lan tekanan ingkang kados mekaten inggilipun mungkinaken wontenipun pamecahan atom-atom dados èlèktron, proton, lan neutron.[28][29] Neutron ingkang mboten gadhah muatan bakal nilar inti nuju bagéyan srengéngé ingkang langkung njawi.[28] Sauntawis puniku, ènèrgi panas ing lebet inti nyebabaken pagerakan èlèktron lan proton cepet sanget lan silih tabrakan satunggal kaliyan sanèsipun nyebabaken réaksi fusi nuklir (asring ugi dipunsebat termonuklir).[13][28] Inti srengéngé inggih punika papan dumadosipun réaksi fusi nuklir helium dados hidrogen.[29] Ènèrgi asil réaksi termonuklir ing inti arupi sinar gamma lan neutrino maringi tenaga ageng sanget ugi ngasilaken sedaya ènèrgi panas lan cahya ingkang dipuntampi ing bumi.[13][28][30] Ènèrgi kasebat dipunbeta medal saking srengéngé liwat radhiasi.[13]

Zona radhiatif[sunting | sunting sumber]

Zona radhiatif inggih punika dhaérah ingkang nylubungi inti srengéngé.[31] Ènèrgi saking inti salebetipun wangun radhiasi kempal ing dhaérah puniki sadèrèngipun dipunterasaken dhumateng bagéyan srengéngé ingkang langkung njawi.[31] Kapadhetan zona radhiatif inggih punika watawis 20 g/cm3 kanthi suhu saking bagéyan lebet dhumateng njawi antawisipun 7 yuta dumugi 2 yuta drajat Celcius.[32] Suhu lan dhènsitas zona radhiatif tasih cekap inggil, nanging mboten mungkinaken dumadosipun réaksi fusi nuklir.[32]

Zona konvèktif[sunting | sunting sumber]

Zona konvèktif inggih punika lapisan ing pundi suhu wiwit mandhap.[13] Suhu zona konvèktif inggih punika watawis 2 yuta drajat Celcius (3.5 yuta drajat Fahrenheit).[13] Sasampunipun medal saking zona radhiatif, atom-atom kanthi ènèrgi saking inti srengéngé bakal obah nuju lapisan langkung njawi ingkang gadhah suhu langkung asor.[33] Pamandhapan suhu kasebat nyebabaken dumadosipun saya alonipun gerakan atom saéngga pagerakan sacara radhiasi dados kirang èfisièn malih.[30] Ènèrgi saking inti srengéngé mbetahaken wekdal 170.000 taun kanggé nggayuh zona konvèktif.[13] Nalika wonten ing zona konvèktif, pagerakan atom bakal dumados sacara konvèksi ing aréa sadawanipun sapérangan atus kilometer ingkang kasusun saking sèl-sèl gas raseksa ingkang teras sirkulasi.[30] Atom-atom kanthi suhu inggil ingkang nembé medal saking zona radhiatif bakal obah kanthi alon nggayuh lapisan paling njawi zona konvèktif ingkang langkung asrep nyebabaken atom-atom kasebat "dhawah" malih dhumateng lapisan paling inggil zona radhiatif ingkang panas ingkang salajengĞipun minggah malih.[33] Prastawa puniki bola-bali teras nyebabaken wontenipun pagerakan wolak-walik ingkang nyebabaken transfer ènèrgi kadosdéné ingkang dumados nalika manasaken toya ing salebetipun panci.[33] Mila, zona konvèktif dipuntepangi ugi kanthi nami zona pangumuban (the boiling zone).[33] Matèri ènèrgi bakal dumugi bagéyan inggil zona konvèktif salebetipun wekdal sapérangan minggu.[33]

Fotosfèr[sunting | sunting sumber]

Fotosfèr utawi lumahipun srengéngé ngliputi wilayah ingkang kandelipun 500 kilometer kanthi suhu watawis 5.500 drajat Celcius (10.000 drajat Fahrenheit).[13] Sebagéyan ageng radhiasi srengéngé ingkang dipunuwalaken medal asalipun saking fotosfèr.[13] Ènèrgi kasebat dipunobservasi minangka sinar srengéngé ing bumi, 8 menit sasampunipun nilar srengéngé.[13]

Kromosfèr[sunting | sunting sumber]

Kromosfèr inggih punika lapisan ing sainggilipun fotosfèr.[13] Werna saking kromosfèr biasanipun mboten katingal amargi katutup cahya ingkang padhang sanget ingkang dipunasilaken fotosfèr.[13] Nanging nalika dumados grahana srengéngé total, ing pundi rembulan nutupi fotosfèr, bagéyan kromosfèr bakal katingal minangka pigura kanthi warna abrit ing sakupengipun srengéngé.[13][30] Warna abrit kasebat dipunsebabaken déning inggilipun kandhutan helium ing mrika.[30]

Korona[sunting | sunting sumber]

Korona arupi lapisan paling njawi saking srengéngé.[30] Lapisan puniki gadhah warna pethak, nanging namung saged dipuntingali nalika dumados grahana amargi cahya ingkang dipunpancaraken mboten sami kiyatipun bagéyan srengéngé ingkang langkung lebet.[30] Nalika grahana total dumados, korona katingal mbentuk makutha cahya kanthi warna pethak ing sakupengipun srengéngé.[13] Lapisan korona gadhah suhu ingkang langkung inggil tinimbang bagéyan lebet srengéngé kanthi rata-rata 2 yuta drajat Fahrenheit, nanging ing sapérangan bagéyan saged dumugi suhu 5 yuta drajat Fahrenheit.[30]

Pagerakan srengéngé[sunting | sunting sumber]

Ilustrasi rotasi srengéngé. Wonten éwah-éwahan posisi bintik srengéngé salaminipun dumados pagerakan

Srengéngé gadhah kalih jinis pagerakan, inggih punika:

  • Srengéngé nglampahi rotasi ing sumbunipun laminipun watawis 27 dinten kanggé pikantuk satunggil puteran.[34] Gerakan rotasi puniki sepindhaipun dipunkawruhi liwat pangamatan dhumateng éwah-éwahan posisi bintik srengéngé.[34] Sumbu rotasi srengéngé miring tebihipun 7,25° saking sumbu orbit bumi saéngga kutub lèr srengéngé bakal langkung katèingal ing wulan September sauntawis kutub kidul srengéngé langkung katingal ing wulan Maret.[34] Srengéngé sans bal padhet, ananging bal gas, saéngga srengéngé mboten rotasi kanthi kacepetan ingang sragam.[34] Ahli astronomi nélakaken bilih rotasi bagéyan interior srengéngé mboten sami kalian bagéyan lumahanipun.[35] Bagéyan inti lan zona radhiatif rotasi sesarengan, éwadéné zona konvèktif lan fotosfèr ugi rotasi sesarengan nanging kanthi kacepetan ingkang bènten.[35] Bagéyan ékuatorial (tengah) mbetahaken wekdal rotasi watawis 24 dinten éwadéné bagéyan kutubipun rotasi laminipun watawis 31 dinten.[34][36] Sumber bèntenipun wekdal rotasi srengéngé kasebat tasih dipuntliti.[34]
  • Srengéngé lan sedaya isi tata surya obah ing orbitipun ngupengi galaksi bimasakti.[36] Srengéngé mapan tebihipun 28.000 taun cahya saking pusat galaksi bimasakti.[36] Kacepetan rata-rata pagerakan puniki inggih punika 828.000 km/jam saéngga dipunkintenaken bakal mbetahaken wekdal 230 yuta taun kanggé pikantuk satunggil puteran sampurna ngupengi galaksi.[36]

Let srengéngé dhumateng lintang paling caket[sunting | sunting sumber]

Ilustrasi pambandhing wujud srengéngé lan ukuran déning planèt-planèt salebetipun sistèm tata surya. Garis tengah srengéngé kaping 11 garis tengah Jupiter, planèt ingkang paling ageng.

Sistem lintang ingkang paling caket kaliyan srengéngé inggih punika Alpha Centauri.[37] Lintang ing salebetipun komplèks kasebat ingkang gadhah posisi paling caket kaliyan srengéngé inggih punika Proxima Centauri, satunggiling lintang kanthi warna abrit redhup ingkang wonten salebetipun konstélasi Centaurus.[37] Let srengéngé dhumateng Proxima Centauri inggih punika 4,3 taun cahya (39.900 yuta km utawi 270 éwu unit astronomi), kirang langkung kaping 270 éwu let srengéngé dhumateng bumi.[37] Para ahli astronomi mangertosi bilih bendha-bendha angkasa mesthi obah salebetipun orbitipun piyambak-piyambak.[38] Mila, pangétangan let dipunlampahaken adhedhasar éwah-éwahan posisi satunggiling lintang salebetipun kurun wekdal tartamtu kanthi pathokan dhumateng posisinipun tumrap lintang-lintang ing sakupengipun.[38] Métodhe pangukuran puniki dipunsebat parallaks (parallax).[38]

Ciri khas srengéngé[sunting | sunting sumber]

Bagéyan-bagéyanipun srengéngé

Ing ngandhap puniki sapérangan ciri khas ingkang dipungadhahi srengéngé:

Prominènsa (lathi latu srengéngé)[sunting | sunting sumber]

Prominènsa inggih punika salah satunggil ciri khas srengéngé, arupi bagéyan srengéngé mèmper lathi latu ingkang ageng sanget lan padhang ingkang nyiprat medal saking bagéyan lumahanipun srengéngé sarta asring ugi awangun loop (puteran).[39][40]Prominènsa dipunsebat ugi minangka filamèn srengéngé amargi senadyan juluranipun padhang sanget menawi dipuntingali ing angkasa ingkang peteng, nanging mboten langkung padhang tinimbang sedaya srengéngé puniku piyambak.[39] Prominènsa namung saged dipuntingali saking bumi kanthi bantuan teleskop lan filter.[39] Prominènsa paling ageng ingkang naté dipuntangkep déning SOHO (Solar and Heliospheric Observatory) dipunèstimasi ukuran panjangipun 350 éwu km.[39]

Sami kados korona, prominènsa kawangun saking plasma nanging gadhah suhu ingkang langkung asrep.[39] Prominènsa isinipun matèri kanthi massa dumugi 100 milyar kg.[39] Prominènsa dumados ing lapisan fotosfèr srengéngé lan obah medal nuju korona srengéngé.[39] Plasma prominènsa obah ing sadawanipun médhan magnèt srengéngé.[41] Érupsi saged dumados nalika struktur prominèsa dados mboten stabil saéngga bakal pecah lan ngedalaken plasmanipun.[41] Nalika dumados érupsi, matérial ingkang dipunwedalaken dados bagéyan saking struktur magnètik ingkang ageng sanget dipunsebat semburan massa korona (coronnal mass ejection/ CME).[39][41] Pagerakan semburan korona kasebat dumados ing kacepetan ingkang inggil sanget, inggih punika antawis 20 éwu m/s dumugi 3,2 yuta km/s.[39] Pagerakan kasebat ugi nyebabaken paningkatan suhu dumugi puluhan yuta drajat salebetipun wekdal ingkang singkat.[39] Menawi érupsi semburan massa korona ngarah dhumateng bumi, bakal dumados interaksi kaliyan médhan magnèt bumi lan ngakibataken dumadosipun badhai géomagnètik ingkang gadhah potènsi ngganggu jaringan komunikasi lan listrik.[41]

Satèunggiling prominènsa ingkang stabil saged tahan ing korona dumugi mawulan-wulan dangunipun lan ukuranipun taras tansaya ageng saben dinten.[41] Para ahli tasih teras nliti kepripun lan kénging punapa prominènsa saged dumados.[41]

Bintik srengéngé[sunting | sunting sumber]

Bintik srengéngé inggih punika granula-granula cembung alit ingkang dipunpanggihi ing bagéyan fotosfèr srengéngé kanthi gunggung ingkang mboten kaétang.[42] Bintik srengéngé karipta nalika garis médhan magnèt srengéngé nembus bagéyan fotosfèr.[43] Ukuran bintik srengéngé saged langkung ageng tinimbang bumi.[40] Bintik srengéngé gadhah dhaérah ingkang peteng ingkang naminipun umbra, ingkang dipunkupengi déning dhaérah ingkang langkung padhang ingkang aranipun penumbra.[42] Warna bintik srengéngé katingal langkung peteng amargi suhunipun ingkang tebih langkung asor saking fotosfèr.[42] Suhu ing dhaérah umbra inggih punika watawis 2.200 °C éwadéné ing dhaérah penumbra inggih punika 3.500 °C.[42] Amargi émisi cahya ugi dipunpangaruhi déning suhu mila bagéyan bintik srengéngé umbra namung ngémisikaken kaping 1/6 cahya menawi dipunbandhingaken lumahipun srengéngé ing ukuran ingkang sami.[42]

Angin srengéngé[sunting | sunting sumber]

Angin srengéngé kawangun saking aliran konstan saking partikel-partikel ingkang dipunwedalaken déning bagéyan inggil atomosfèr srengéngé, ingkang obah dhumateng sedaya tata surya.[44] Partikel-partikel kasebat gadhah ènèrgi ingkang inggil, nanging prosès pagerakanipun medal médhan gravitasi srengéngé ing kacepetan ingkang inggil sanget dèreng dipunmangertos sacara sampurna.[44] Kacepetan angin srengéngé kapérang dados kalih, inggih punika angin cepet ingkang nggayuh 400 km/s lan angin cepet ingkang nggayuh langkung saking 500 km/s.[45] Kecepetan puniki ugi saya tambah sacara èksponènsial selaras letipun saking srengéngé.[45] Angin srengéngé ingkang umum dumados gadhah kacepetan 750 km/s lan asalipun saking bolongan korona ing atmosfèr srengéngé.[45]

Sapérangan bukti wontenipun angin srengéngé ingkang saged dipunraosaken utawi dipuntingali saking bumi inggih punika badhai géomagnetik kanthi ènèrgi inggil ingkang nrisak satelit lan sistem listrik, aurora ing Kutub Lèr utawi Kutub Kidul, lan partikel mèmper buntut panjang ing komèt ingkang mesthi ngedohi srengéngé amargi siliran angin srengéngé.[44] Angin srengéngé saged mbebayani kanggé kagesangan ing Bumi menawi mboten wonten médhan magnèt bumi ingkang ngreksa saking radhiasi.[44] Ing sanyatanipun, ukuran lan wangun médhan magnèt bumi ugi dipuntemtokaken déning kakiyatan lan kacepetan angin srengéngé ingkang liwat.[44]

Badai srengéngé[sunting | sunting sumber]

Badai srengéngé dumados nalika wonten panguwalan sanalika ènèrgi magnètik ingkang kawangun ing atmosfèr srengéngé.[46] Plasma srengéngé ingkang ningkat suhunipun dumugi mayuta-yuta Kelvin sesarengan kaliyan partikel-partikel sanèsipun nglampahi akselerasi nyaketi kacepetan cahya.[47] Total ènèrgi ingkang dipunuwalaken sami kaliyan mayuta-yuta bom hidrogen kanthi ukuran 100 megaton.[46] Gunggung lan kakiyatan badai srengéngé kathah variasinipun.[47] Nalika srengéngé aktif lan gadhah kathah bintik, badai srengéngé langkung asring dumados. Badai srengéngé asring ugi dumados sesarengan kaliyan lubèripun massa korona.[47] Badai srengéngé maringaken risiko radhiasi ingkang ageng sanget dhumateng satelit, montor mabur ulang alik, astronot, lan utaminipun sistem télékomunikasi bumi.[47][48] Badai srengéngé ingkang sepindhahipun kacathet ing pustaka astronomi inggih punika nalika tanggal 1 September 1859.[46] Kalih panliti, Richard C. Carrington lan Richard Hodgson ingkang nembé ngobservasi bintik srengéngé liwat teleskop ing papan kapisah, ngamati badai srengéngé ingkang katingal minangka cahya pethak ageng ing sakupengipun srengéngé.[46] Kadadosan puniki dipunsebat Carrington Event lan nyebabaken lumpuhipun jaringan télégraf transatlantik antawisipun Amérika lan Éropah.[48]

Èksplorasi srengéngé[sunting | sunting sumber]

Solar Maximum Mission, salah satunggil satelit ingkang dipunluncuraken Amérika Sarékat kanggé nyinaoni srengéngé.

Montor mabur ulang-alik ingkang kaping sepindhah kasil mlebet dhumateng orbit srengéngé inggih punika Pioneer 4.[49] Pioneer 4, ingkang dipunluncuraken tanggal 3 Maret 1959 déning Amérika Sarékat, dados pionir salebetipun sajarah èksplorasi srengéngé.[49][50] Kasilipun Pioneer 4 dipunterasaken déning paluncuran Pioneer 5 - Pioneer 9 salaminipun 1959-1968 ingkang panci gadhah tujuan kanggé nyinaoni perkawis srengéngé.[50] Nalika tanggal 26 Mei 1973, stasiun njawi angkasa Amérika Sarékat kanthi nami Skylab dipunluncuraken kanthi mbeta 3 awak.[50] Skylab mbeta Apollo Telescope Mount (ATM) ingkang dipungunakaken kanggé mundhut langkung saking 150.000 gambar srengéngé.[50]

Montor mabur ulang-alik sanèsipun, Helios I kasil ngorbit dumugi nggayuh let 47 yuta km saking srengéngé (nglabeti orbit Merkuri).[50][51]Helios I teras mubeng kanggé mesthèkaken sedaya bagéyan montor mabur pikantuk gunggung panas ingkang sami saking srengéngé.[51] Helios I gadhah tugas ngempalaken data-data perkawis srengéngé.[51] Montor mabur ulang-alik asil karya sesarengan antawisipun Amérika Sarékat lan Jerman puniki operasinipun wiwit 10 Desember 1974 dumugi akir 1982.[50][51] Helios II dipunluncuraken tanggal 16 Januari 1976 lan kasil nggayuh let 43 yuta km saking srengéngé.[50] Misi Helios II rampung wulan April 1976 nanging dipunnengké kémawon tetep wonten ing orbit.[51]

Solar Maximum Mission dipundhesain kanggé nglampahaken observasi aktivitas srengéngé utaminipun bintik lan latu srengéngé nalika srengéngé wonten ing périodhe aktivitas maksimum.[50][51] SMM dipunluncuraken déning Amérika Sarékat tanggal 14 Februari 1980.[50] Salaminipun lelampahanipun, SMM naté ngalami karisakan nanging kasil dipunleresaken déning awak montor mabur ulang alik Challenger.[51] SMM teras wonten ing orbit bumi salaminipun nglampahaken observasi.[50][51] SMM ngempalaken data dumugi 24 November 1989 lan kobong nalika mlebet malih dhumateng atmosfèr bumi tanggal 2 Desember 1989.[50][51]

Montor mabur ulang alik Ulysses inggih punika asil proyèk internasional kanggé nyinaoni kutub-kutub srengéngé, dipunluncuraken tanggal 6 Oktober 1990.[50] Éwadéné Yohkoh inggih punika montor mabur ulang alik ingkang dipunluncuraken kanggé nyinaoni radhiasi ènèrgi inggil saking srengéngé.[50] Yohkoh arupi asil karya sesarengan Jepang, Amérika Sarékat, lan Inggris ingkang dipunluncuraken tanggal 31 Agustus 1991.[50]

Misi èksplorasi srengéngé ingkang paling misuwur inggih punika Solar and Heliospheric Observatory (SOHO) ingkang dipunkembangaken déning Badan Antariksa Amérika Sarékat (NASA) nyambut damel sesarengan kalian Agènsi Njawi Angkasa Éropah (ESA) lan dipunluncuraken tanggal 12 Desember 1995.[52] SOHO gadhah tugas ngempalaken data struktur internal, prosès fisik ingkang dumados, sarta pamundhutan gambar lan dhiagnosis spèktroskopis srengéngé.[50] SOHO dipunpanggènaken ing let 1,5 yuta km saking bumi lan tasih operasi dumugi sapuniki.[50]

Misi èksplorasi paling énggal saking NASA inggih punika montor mabur ulang alik kembar kanthi nami STEREO ingkang dipunluncuraken tanggal 26 Oktober 2006.[52][51] STEREO gadhah tugas kanggé nganalisis lan mundhut gambar srengéngé salebetipun wangun 3 dhimènsi.[51] Solar Dynamics Observatory Mission inggih punika misi èksplorasi NASA ingkang nembé wonten pangembangan lan sampun dipunpublikasikaken wulan April 2008.[51] Solar Dynamics Observatory Mission dipunkintenaken bakal ngorbit kanggé nyinaoni dhinamika srengéngé ingkang ngliputi aktivitas srengéngé, évolusi atmosfèr srengéngé, lan pangaruh radhiasi srengéngé dhumateng planèt-planèt sanès.[51]

Srengéngé minangka simbol kapitadosan lan kabudayan[sunting | sunting sumber]

Srengéngé sampun dados simbol wigatos ing kathah kabudayan salamipipun peradhaban manungsa.[53] Salebetipun mitologi ingkang dipungadhahi déning manéka bangsa ing donya, srengéngé gadhah peranan ingkang wigatos sanget ing salebetipun kagesangan masarakatipun.[53] Srengéngé dipuntepangi kanthi nami ingkang bèntèn-bènten ing saben kabudayan lan asring ugi dipunsembah minangka déwa.[13][53]

Peran srengéngé ing manéka kabudayan lan kapitadosan[sunting | sunting sumber]

  • Ra (utawi Re) punika dipunsembah minangka Déwa Srengéngé ugi pangripta ing kabudayan Mesir Kuna.[53][54] Ing hieroglif, srengéngé dipungambaraken minangka satunggiling cakram.[53] Ra nyimbulaken paningalan langit saéngga asring dipungambaraken minangka cakram ingkang wonten ing sirah manuk falkon utawi cakram mawi swiwi.[53] Déwa Ra dipunpitados nitih kréta perang nglintasi langit ing wektu siang.[55] Déwa Ra ugi dipungambaraken minangka panjagi pharaoh utawi Raja Mesir.[55] Sasanèsipun puniku, Ra dipungambaraken minangka déwa ingkang sampun sepuh lan manggèn ing langit kanggé ngawasi donya.[55]
  • Salebetipun mitologi India, srengéngé dipunsebat kanthi nami Surya.[53] Sasanèsipun minangka srengéngé puniku piyambak, Surya ugi dipuntepangi minangka déwa srengéngé.[56] Tembung surya asalipun saking basa Sansekerta sur utawi svar ingkang gadhah akir kagungan sinar.[56] Surya dipungambaraken minangka déwa ingkang nyipeng kaseimbangan ing lumahing bumi.[56] Panyembahan srengéngé sampun dipunlampahaken déning panganut kapitadosan Hindhu salaminipun éwonan taun.[53] Sapuniki pèngetan riyaya srengéngé mlethèk tasih dipunlangsungaken ing pinggiran Kali Gangga ingkang wonten ing kitha paling suci ing India, kitha Benares.[24] Surya Namaskar utawi pangurmatan dhuateng srengéngé inggih punika satunggiling gerakan wigatos salebetipun yoga.[53]
  • Helios inggih punika déwa srengéngé salebetipun mitologi Yunani.[53] Helios dipunsebat ugi minangka Sol Invictus ing kabudayan Romawi.[57] Sasanèsipun puniku, Helios ugi arupi sisih sanès saking Apollo.[53] Dipuncariyosaken Helios inggih punika déwa ingkang nganggé makutha halo srengéngé lan nitih kréta perang nuju dhumateng angkasa.[58] Helios inggih punika déwa ingkang kanggungan tanggel waler maringi cahya dhumateng swarga lan bumi kanthi cara nyandhet srengéngé ing kréta ingkang dipuntitih.[57]
  • Bangsa Inca nyembah déwa srengéngé ingkang naminipun Inti, minangka déwa paling inggil.[59] Déwa Inti dipunpitados nganugerahaken peradhaban Inca dhumateng putranipun, Manco Capac, ingkang ugi arupi raja bangsa Inca ingkang sepindhah.[59] Bangsa Inca nyebat dhirinipun minangka putra-putri srengéngé.[59] Saben taun bangsa Inca maringaken pasembahan asil panèn kanthi gunggung ingkang ageng kanggé upacara-upacara ingkang sesambetan kaliyan panyembahan srengéngé.[59]
  • Déwa srengéngé ingkang dipunsembah déning bangsa Maya inggih punika Kinich-ahau.[60] Kinich-ahau inggih punika pamimpin bagéyan lèr.[60]
  • Suku Aztec nyembah Huitzilopochtli, ingkang arupi déwa perang lan simbul srengéngé.[61] Saben dinten Huitzilopochtli dipuncariyosaken migunakaken sinar srengéngé kanggé ngusir pepeteng saking langit, nanging saben ndalu déwa puniki pejah lan pepeteng dhateng malih.[61] Kanggé maringi kakiyatan dhumateng déwaipun, bangsa Aztec nyaosaken pasembahan jantung manungsa saben dinten.[24]
  • Shintoisme arupi agami ingkang gadhah inti dhumateng panyembahan srengéngé ingkang tasih wonten ing Jepang.[24] Jepang gadhah julukan "Negara Srengéngé Mlethèk".[24]

Bangunan lan bendha ingkang sesambetan kaliyan srengéngé[sunting | sunting sumber]

  • Jam srengéngé ingging punika saprangkat alat ingkang dipunpigunakaken minangka panedah wekdal adhedhasar ayang-ayang gnomon (batang utawi lèmpèngan panenger) ingkang éwah teras panggènanipun selaras kaliyan pagerakan bumi dhumateng srengéngé.[62] Jam srengéngé ngrembaka ing antawisipun kabudayan kuna Babylonia, Yunan, Mesir, Romawi, Cina, lan Jepang. Jam srengéngé paling sepuh ingkang naté dipunpanggihi déning Chaldean Berosis, ingkang gesang watawis 340 SM. Sapérangan artèfak jam srengéngé sanèn dipunpanggihaken ing Tivoli, Italia taun 1746, ing Castel Nuovo taun 1751, ing Rigano taun 1751, lan ing Pompeii taun 1762.
  • Stonehenge ingkang wonten ing Wiltshire, Inggris, gadhah pilar watu paling ageng ingkang dipunsebat Heelstone nengeri posisi mlethèkipun srengéngé tanggal 21 Juni (posisi srengéngé tepat ing lèr bumi).[63]
  • Observatorium kuna ingkang dipunbangun kanggé Déwa Ra tasih saged dipunpanggihi ing Luxor, satunggiling kitha caket Kali Nil ing Mesir.[24] Éwadéné El Karmak inggih punika kuil ingkang ugi dipunbangun kanggé Déwa Ra lan mapan ing lèr-wétan Luxor.[64] Atusan obelisk Mesir ingkang gadhah fungsi minangka jam srengéngé ing jamanipun ugi saged dipunpanggihaken ing Luxor lan Heliopolis (kitha srengéngé).[24]
  • Salah satunggil bangunan misuwur ingkang dipundhèdhikasikaken kanggé Surya dipunbangun nalika abad kaping 13 kanthi nami Surya Deula (Candhi Srengéngé) ingkang wonten ing Konarak, India.[56]
  • Pilar Intihuatana ingkang wonten ing kawasan Machu Picchu inggih punika bangunan ingkang dipundegaken déning bangsa Inca.[59] Nalika tengah dinten saben tanggal 21 Maret lan 21 September, posisi srengéngé bakal wonten mèh tepat ing sainggiling pilar saéngga mboten badhé wonten ayang-ayang pilar sekedhik kémawon.[59][65] Ing wekdal puniki, masarakat Inca bakal ngawontenaken upacara ing papan kasebat amargi masarakat kasebat pitados bilih srengéngé nembé dipuniket ing langit.[59][65] Intihuatana dipunpigunakaken kanggé nemtokaken dinten ing pundi dumados equinox (laminipun siang sami kaliyan ndalu) lan périodhe-périodhe astronomis sanèsipun[65]
  • Bangsa Maya misuwur kanthi kalèndher isi 365 dinten lan 260 dinten ingkang dipundamel adhedhasar pangamatan astronomis, kalebet dhumateng srengéngé.[66] Kalèndher 365 dinten puniki dipunsebat Haab, éwadéné kalèndher 260 dinten dipunsebat Tzolkin.[66]
  • Kalèndher Aztec dipunpahat ing sainggilipun satunggiling watu wangun bunderan. Isinipun inggih punika 365 siklus kalèndher adhedhasar srengéngé lan 260 siklus ritual.[67] Kalèndher watu Aztec puniki sapuniki dipunsimpen ing National Museum of Anthropology and History ing Chapultepec Park, Mexico City.[67]
  • Srengéngé ugi sampun dados objèk ingkang nengsemaken kanggé pelukis lan panulis misuwur donya.[24] Claude Monet, Joan Miro, Caspar David Friedrich (irah-irahan lukisan: Woman in Morning Sun - Wanita salebetipun Srengéngé Éjang , lan Vincent van Gogh (irah-irahan lukisan: Another Light, A Stronger Sun - Cahya Sanès, Srengéngé ingkang Langkung Kiyat) inggih punika sapérangan pelukis ingkang naté ndadosaken srengéngé minangka objèk lukisanipun.[24] Éwadéné Ralph Waldo Emerson lan Friedrich Nietzsche inggih punika panulis lan filsuf ingkang naté damel cariyos, puisi, ugi tembung-tembung mutiara kanthi subjèk srengéngé.[24]

Mupangat lan peran srengéngé[sunting | sunting sumber]

Srengéngé punika sumber ènèrgi kanggé kagesangan.[24] Srengéngé gadhah kathah mupangat lan peran ingkang wigatèos sanget kanggé kagesangan kadosta:

  • Panas srengéngé maringi suhu ingkang pas kanggé kalangsungan gesang organisme ing bumi.[24] Bumi ugi nampi ènèrgi srengéngé kanthi cacah ingkang samadya kanggé damel toya tetep wangun cuwèr, ing pundi arupi salah satunggil panyokong kagesangan.[24] Sasanèsipun puniku panas srengéngé mungkinaken wontenipun angin, siklus jawah, cuaca, lan iklim.[24]
  • Cahya srengéngé dipunmupangataken sacara langsung déning tetanduran mawi klorofil kanggé nglangsungaken fotosintesis, saéngga tetanduran saged tuwuh sarta ngasilaken oksigen lan gadhah peran minangka sumber pangan kanggé kéwan lan manungsa.[24] Makluk gesang ingkang sampun mati bakal dados fosil ingkang ngasilaken lenga bumi lan batu bara minangka sumber ènèrgi.[24] Perkawis puniki arupi peran saking ènèrgi srengéngé sacara mboten langsung [24]
  • Pambangkit listrik tenaga srengéngé inggih punika modhèl énggal pambangkit listrik kanthi sumber ènèrgi kaénggalaken.[68] Pambangkit listrik puniki kapérang saking kaca-kaca ageng utawi panèl ingkang bakal nangkep cahya srengéngé lan ngonsèntrasikaken dhumateng satunggal titik.[68] Panas ingkang dipuntangkap salajengipun dipunginakaken kanggé ngasilaken uwap panas mawi tekanan, ingkang bakal dipunpigunakaken kanggé nglampahaken turbin saéngga ènèrgi listrik saged dipunasilaken.[68] Prinsip panèl surya inggih punika panggunaan sèl surya utawi sèl photovoltaic ingkang kadamel saking silikon kanggé nangkep sinar srengéngé.[68] Sèl surya sampun kathah dipungunakaken kanggé kalkulator tenaga surya. Panèl surya sampun kathah dipunpasang ing atep bangunan lan griya ing dhaérah pakuthan kanggé pikantuk listrik kanthi gratis.[68]
  • Pagerakan rotasi bumi nyebabaken wonten bagéyan ingkang nampi sinar srengéngé lan wonten ingkang mboten.[69] Perkawis puniki ingkang ngripta wontenipun diten siang lan ndalu ing bumi.[69] Lajeng pagerakan bumi ngupengi srengéngé nyebabaken dumadosipun mungsa.[69]
  • Srengéngé dados pamanunggal planèt-planèt lan bendha angkasa sanès ing sistem tata surya ingkang obah utawi gadhah rotasi ngupengi srengéngé.[10] Sedaya sistem saged mubeng ing njawi angkasa amargi dipuntahan déning gaya gravitasi srengéngé ingkang ageng sanget.[10]

Dasanama[sunting | sunting sumber]

  • Arka
  • Aruna
  • Bagaskara
  • Bagaspati
  • Baskara
  • Dewangkara
  • Pradangga
  • Raditya
  • Radite
  • Rawi
  • Sasrabanu
  • Surya
  • We

Priksani ugi[sunting | sunting sumber]

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o Williams, D. R. (2004). "Sun Fact Sheet". NASA. http://nssdc.gsfc.nasa.gov/planetary/factsheet/sunfact.html. Retrieved 2010-09-27.
  2. ^ Asplund, M.; N. Grevesse and A. J. Sauval (2006). "The new solar abundances - Part I: the observations". Communications in Asteroseismology 147: 76–79. Bibcode 2006CoAst.147...76A. doi:10.1553/cia147s76.
  3. ^ "Eclipse 99: Frequently Asked Questions". NASA. http://education.gsfc.nasa.gov/eclipse/pages/faq.html. Retrieved 2010-10-24.
  4. ^ Hinshaw, G.; et al. (2009). "Five-year Wilkinson Microwave Anisotropy Probe observations: data processing, sky maps, and basic results". The Astrophysical Journal Supplement Series 118 (2): 225–245. Bibcode 2009ApJS..180..225H. doi:10.1088/0067-0049/180/2/225.
  5. ^ a b c d e f g h i j k l "Solar System Exploration: Planets: Sun: Facts & Figures". NASA. Archived from the original on 2008-01-02. http://web.archive.org/web/20080102034758/http://solarsystem.nasa.gov/planets/profile.cfm?Object=Sun&Display=Facts&System=Metric.
  6. ^ Ko, M. (1999). "Density of the Sun". In Elert, G.. The Physics Factbook. http://hypertextbook.com/facts/1999/MayKo.shtml.
  7. ^ "Principles of Spectroscopy". University of Michigan, Astronomy Department. 30 August 2007. http://www.astro.lsa.umich.edu/undergrad/Labs/spectro/short_spectro.html.
  8. ^ a b Seidelmann, P. K.; et al. (2000). "Report Of The IAU/IAG Working Group On Cartographic Coordinates And Rotational Elements Of The Planets And Satellites: 2000". http://www.hnsky.org/iau-iag.htm. Retrieved 2006-03-22.
  9. ^ "The Sun's Vital Statistics". Stanford Solar Center. http://solar-center.stanford.edu/vitalstats.html. Retrieved 2008-07-29., citing Eddy, J. (1979). A New Sun: The Solar Results From Skylab. NASA. p. 37. NASA SP-402. http://history.nasa.gov/SP-402/contents.htm.
  10. ^ a b c (en) Braham, I (2009), Erlangga For Kids, ISBN 9789797419233 (matahari bola raksasa lihat Ing Panelusuran Buku Google)
  11. ^ (en) Cappacio, G (2009), written at Tarrytown, New York, Marshall Cavendish, ISBN 9780761442424 (bintang berukuran sedang lihat Ing Panelusuran Buku Google)
  12. ^ (en) Cain, F (26) "Color of The Sun" Universe Today http://www.universetoday.com/18689/color-of-the-sun/. Retrieved 29-05-2011
  13. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u (en) Harvey, S; Phil Davis "Solar System Explanation Planet Sun" NASA http://solarsystem.nasa.gov/planets/profile.cfm?Object=Sun&Display=OverviewLong. Retrieved 25-05-2011
  14. ^ a b c d e f (en) Cain, F (2009) "About the Sun" Universe Today http://www.universetoday.com/47725/about-the-sun/. Retrieved 20-06-2011
  15. ^ a b c (en) Lang, KR (2006), written at Canada (2 ed.), Springer, ISBN 9780387304564 (matahari sumber energi lihat Ing Panelusuran Buku Google)
  16. ^ a b c (en) Cain, F (2008) "History of The Sun" Universe Today http://www.universetoday.com/18383/history-of-the-sun/. Retrieved 20-06-2011
  17. ^ (en) Coffey, J (2010) "Heliocentric" Universe Today http://www.universetoday.com/75594/heliocentric/. Retrieved 23-06-2011
  18. ^ a b c (en) "Sun Facts" NASA Marshall Space Flight Center http://solarscience.msfc.nasa.gov/. Retrieved 31-05-2011
  19. ^ (en) Cain, F (2008) "What is the Sun Made Of?" Universe Today http://www.universetoday.com/18088/what-is-the-sun-made-of/. Retrieved 20-06-2011
  20. ^ a b (en) Coffey, J (2008) "The Sun" Universe Today http://www.universetoday.com/16338/the-sun/. Retrieved 20-06-2011
  21. ^ (en) "Measuring the Weight of Stars" NASA Goddard Space Flight Center 09 http://imagine.gsfc.nasa.gov/docs/ask_astro/answers/970609f.html. Retrieved 31-05-2011
  22. ^ a b (en) Doody, D "Basic of Space Flight Section 1 Chapter 1. The Solar System" California, USA: Jet Propulsion Laboratory, California Institute of Technology http://www2.jpl.nasa.gov/basics/bsf1-1.php. Retrieved 31-05-2011
  23. ^ (en) Green, SF; Jones, MH; Burnell, SJ (2009), written at Cambridge, United Kingdom, An Introduction to The Sun and Stars, Cambridge University Press, ISBN 9780521546225 (lintang paling caket kaliyan bumi pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  24. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r (en) Lang, KR (2003), written at Cambridge, Cambridge University Press, ISBN 9780521813068 (4,6 yuta taun pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  25. ^ a b c (en) Seeds, MA (2008), written at Canada (6 ed.), Thompson Learning Inc., ISBN 9780495387879 (pangétangan dipunlampahaken sacara matématika pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  26. ^ a b c d e (en) Cain, F (2008) "Gravity of The Sun" Universe Today http://www.universetoday.com/18373/gravity-of-the-sun//. Retrieved 20-06-2011
  27. ^ a b c d (en) Villanueva, JC (2010) "Color of The Sun" Universe Today http://www.universetoday.com/60065/radiation-from-the-sun/. Retrieved 23-06-2011
  28. ^ a b c d e (en)"The Sun's Energy Source" Yohkoh Public Outreach Program http://solar.physics.montana.edu/ypop/Spotlight/SunInfo/Core.html. Retrieved 05-06-2011
  29. ^ a b c (en) Pugh, P (2007), シュプリンガー・ジャパン株式会社, ISBN 9780387681269 (let inti, fusi helium dados hidrogen pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  30. ^ a b c d e f g h (en) Cohen, H "From Core to Corona Layers of the Sun" FusEdWeb Fusion Energy Education http://fusedweb.pppl.gov/cpep/chart_pages/5.plasmas/sunlayers.html. Retrieved 05-06-2011
  31. ^ a b (en)"A Slow Means of Energy Transport" Yohkoh Public Outreach Program http://solar.physics.montana.edu/ypop/Spotlight/SunInfo/Radzone.html. Retrieved 05-06-2011
  32. ^ a b (en) Pugh, P (2007), シュプリンガー・ジャパン株式会社, ISBN 9780387681269 (suhu zona radhioaktif pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  33. ^ a b c d e (en)"The Boiling Zone" Yohkoh Public Outreach Program http://solar.physics.montana.edu/ypop/Spotlight/SunInfo/Conzone.html. Retrieved 12-06-2011
  34. ^ a b c d e f (en) Hathaway, DH (2003) "Solar Rotation" NASA/Marshall Space Flight Center http://solarscience.msfc.nasa.gov/sunturn.shtml. Retrieved 16-06-2011
  35. ^ a b (en) Cain, F (2008) "Rotation of the Sun" Universe Today http://www.universetoday.com/18565/rotation-of-the-sun/. Retrieved 16-06-2011
  36. ^ a b c d (en) Coffey, J (2010) "Does The Sun Rotate?" Universe Today http://www.universetoday.com/60192/does-the-sun-rotate/. Retrieved 16-06-2011
  37. ^ a b c (en) Tam, K (1996) "Distance to The Nearest Star" The Physics Factbook™ http://hypertextbook.com/facts/KathrynTam.shtml. Retrieved 17-06-2011
  38. ^ a b c (en) Gib, M "The Nearest Star" NASA'S HEASARC High Energy Astrophysics Science Archive Research Center http://heasarc.nasa.gov/docs/cosmic/nearest_star_info.html. Retrieved 17-06-2011
  39. ^ a b c d e f g h i j (en) Villanueva, JC (2010) "Solar Prominence" Universe Today http://www.universetoday.com/55646/solar-prominence/. Retrieved 17-06-2011
  40. ^ a b (en) Braham, I (2009), Erlangga For Kida, ISBN 9789797419233 (prominènsa lathi latu pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  41. ^ a b c d e f (en) Zell, H (2011) "Monster Prominence Erupts from the Sun" NASA http://www.nasa.gov/mission_pages/sunearth/news/News022411-monsterprom.html. Retrieved 17-06-2011
  42. ^ a b c d e (en) Cline, T "Issue #52: Sunspots From A To B - Solar Magnetism" NASA http://sunearthday.nasa.gov/2007/locations/ttt_atob.php. Retrieved 17-06-2011
  43. ^ (en) Cain, F (2009) "What Are Sunspots?" Universe Today http://www.universetoday.com/47728/what-are-sunspots/. Retrieved 17-06-2011
  44. ^ a b c d e (en) Cain, F (2008) "Solar Wind" Universe Today http://www.universetoday.com/18269/solar-wind/. Retrieved 23-06-2011
  45. ^ a b c (en) Radiman I, Soegiatini E, Sungging E. Soegianto E. 2007. The motion of solar wind charged particle in a sinusoidal vibrating magnetic field. J Mat Sains 12:127:133.
  46. ^ a b c d (en) Holman, G (2007) "Solar Flares" NASA's Goddard Space Flight Center http://hesperia.gsfc.nasa.gov/sftheory/flare.htm. Retrieved 23-06-2011
  47. ^ a b c d (en) Cain, F (2008) "Solar Flares" Universe Today http://www.universetoday.com/18273/solar-flares/. Retrieved 23-06-2011
  48. ^ a b (id) Sudibyo, M (2011) "Mengenal Badai Matahari" Kompasiana http://edukasi.kompasiana.com/2011/04/21/mengenal-badai-matahari/. Retrieved 23-06-2011
  49. ^ a b (en) "The Space Exploration Timeline That Reflects The History Of Space Exploration" http://www.space-exploration.org/?page_id=8. Retrieved 17-06-2011
  50. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (en) Hamilton, CJ (2000) "Chronology of Space Exploration" http://www.solarviews.com/span/craft2.htm#sun. Retrieved 17-06-2011
  51. ^ a b c d e f g h i j k l m (en) "Timeline of Space Exploration" 2009 http://www.bobthealien.co.uk/spacevisitsdest.htm. Retrieved 17-06-2011
  52. ^ a b (en) Cain, F (2008) "NASA and The Sun" Universe Today http://www.universetoday.com/18114/nasa-and-the-sun/. Retrieved 20-06-2011
  53. ^ a b c d e f g h i j k (en) Deepak, S (2003) "Ra, Surya, Rangi, Atea Myths of Sun God" Kalpana http://www.kalpana.it/eng/writer/sunil_deepak/sun_myths.htm. Retrieved 16-06-2011
  54. ^ (en) "Re" NESTA 2011 http://www.windows2universe.org/mythology/ra_sun.html. Retrieved 16-06-2011
  55. ^ a b c (en) "The Goddess of Ancient Egypt" Tour Egypt 2011 http://www.touregypt.net/godsofegypt/ra.htm. Retrieved 20-06-2011
  56. ^ a b c d (en) Prophet, ML; Prophet, EC; Booth, A (2003), written at USA, Booth, A, ed., Summit University Press, ISBN 9780972040242 (Surya asalipun saking basa Sansekekerta pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  57. ^ a b (en) Littleton, CS; Marshall Cavendish Corporation (2005), Marshall Cavendish, ISBN 9780761475590 (Helios lihat Ing Panelusuran Buku Google)
  58. ^ (en) Vita-Finzi, C (2008), Springer, ISBN 9781402068805 (makutha halo pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  59. ^ a b c d e f g (en) Roza, G (2007), The Rosen Publishing Group, ISBN 9781404207394 (Intihuatana pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  60. ^ a b (en) James Lewis Thomas Chalmbers Spence (2009), Forgotten Books, ISBN 9781605068329 (Kinich-ahau pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  61. ^ a b Histrory World. http://www.historyworld.net/wrldhis/PlainTextHistories.asp?gtrack=pthc&ParagraphID=ezq#ezq dipunaksès tanggal 24 Juni 2011
  62. ^ (id) PUSPA IPTEK (2006) "Apa Jam Matahari itu?" Yayasan Parahyangan Satya http://www.thebiggestsundial.com/php/thebiggestsundial/main_exhibits.php?id=13. Retrieved 24-06-2011
  63. ^ (en) Phillips, KJH (1995), written at Cambridge, Cambridge University Press, ISBN 9780521397889 (lintang mawi ukuran sedheng pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  64. ^ (en) Cline, T "El Karmak" NASA http://sunearthday.nasa.gov/2005/locations/elkarnak.htm. Retrieved 20-06-2011
  65. ^ a b c Sacred Place. 2010. Macchu Pichu [terhubung berkala]. http://www.sacredsites.com/americas/peru/machu_picchu.html [dipunaksès tanggal 22 Juni 2011]
  66. ^ a b (en) Clow, BH; Calleman, CJ (2007), Inner Traditions / Bear & Co., ISBN 9781591430704 (Haab pirsani Ing Panelusuran Buku Google)
  67. ^ a b c d e (id) Greenpeace. 2011. Energi matahari [terhubung berkala]. http://www.greenpeace.org/seasia/id/campaigns/perubahan-iklim-global/Energi-Bersih/Energi_matahari/ [diakses 23 Juni 2011]
  68. ^ a b c (en) Wilson, TV (2011) "How the Earth Works" HowStuffWorks http://science.howstuffworks.com/environmental/earth/geophysics/earth2.htm. Retrieved 23-06-2011

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Wiktionary-logo-en.png
Pirsani informasi ngenani Srengéngé ing KamusWiki.
Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Tata Surya
8planet.jpg
Planet: Merkurius | Venus | Bumi | Mars | Yupiter | Saturnus | Uranus | Neptunus
Planet cilik: Ceres | Pluto | Eris
Liyane: Srengéngé | Satelit | Asteroid | Komet | Sabuk kuiper | Awan oort

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Srengéngé&oldid=887814"