Basa Jawa Krama

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Basa Jawa Krama kuwi tataran paling dhuwur jroning undha-usuk Basa Jawa.

Krama Lugu[sunting | sunting sumber]

Basa Krama Lugu yaiku basa kang tetembunge migunakake tembung krama kabeh tanpa kacampuran karo tembung krama inggil. Dene gunane basa krama lugu kasebut dienggo guneman dening : a. Wong enom marang wong tuwa. b. Wong mbasakake awake dhewe. c. Wong sing lagi pitepungan anyar. d. Para murid marang gurune. e. Abdi marang bendarane. f. Andhahan marang pimpinane.

ꦧꦭꦸꦁ==Krama Inggil== Basa Krama Inggil kuwi tembungé nganggo krama dicampur tembung krama inggil tumrap sing diajak wicara. Basa Jawa Krama biasa dianggo wicara antarané priyayi cilik marang priyayi gedhé, wong anom marang wong sing luwih tuwa. Ciri-ciri utama:

  • Aku diowahi dadi kawula, abdidalem kawula utawa dalem waé
  • Kowé diowahi dadi panjenengan dalem utawa dicekak nandalem waé

Mudha Krama[sunting | sunting sumber]

Basa Mudha Krama iki basa sing luwes banget kanggo sok sapa waé. Wong sing diajak wicara dikurmati, déné sing ngajak wicara mapanaké dhiri pribadi ana ing tataran sangisoré. Biasané dianggo déning para mudha marang wong sing luwih tuwa. Ciri-ciriné antara liya:

  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi panjenengan, sampéyan, panjenenganipun kangmas, panjenenganipun ibu lsp.
  • Ater-ater dak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko-, diowahi dadi dipun
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi panjenengan, sampéyan
  • Panambang -é, diowahi dadi -ipun
  • Panambang -aké, diowahi dadi aken

Tuladha:

A: "Bapak, punika wonten tamu. Sajakipun priyantun tebih".
B: "Ana tamu. Aturana lenggah dhisik. Tak salin sedhéla".
B: "É déné kowé, tak arani dhayoh saka ngendi".
C: "Inggih, temtunipun damel kagèt panjenenganipun bapak sekaliyan. Tiyang kula, mboten ngaturi serat rumiyin".

Krama Desa[sunting | sunting sumber]

Basa Krama Desa migunakaké tembung basa krama dicampur tembung krama desa. Ciri-ciri utama:

  • Aku diowahi dadi kula
  • Kowé diowahi dadi sampéyan
  • Ater-ater dak- diowahi dadi kula
  • Ater-ater ko- diowahi dadi sampéyan
  • Ater-ater di- diowahi dadi dipun

Kramantara[sunting | sunting sumber]

Kramantara kuwi kabèh tembung-tembungé saka basa krama ora dicampur karo krama inggil. Biasa dipigunakaké déning wong tuwa marang wong sing luwih anom, dideleng saka umur utawa kalungguhané. Ananging dina iki tataran basa Kramantara iki wis ora biasa dianggo, senadyan tumrap sing luwih anom lan luwih dhuwur kalungguhané ora kabotan nganggo tataran basa Mudha Krama. Ciri-ciriné:

  • Aku, diowahi dadi kula
  • Kowé, diowahi dadi sampéyan
  • Ater-ater dak-, diowahi dadi kula
  • Ater-ater di-, diowahi dadi dipun-
  • Panambang -ku, diowahi dadi kula
  • Panambang -mu, diowahi dadi sampéyan
  • Panambang -é, diowahi dadi ipun
  • Panambang -aké, diowahi dadi aken

Tuladha A nganggo basa Kramantara B nganggo basa Mudha Krama

A: "Dhateng kula punika manawi pun adhi suka, kula nedha nyambut gadhahan sampéyan gangsa klenèngan".
B: "Kagem ing damel punapa teka kadingarèn mawi mundhut klenèngan".
A: "Anu, keng mbakyu nyetauni putu, kemaruk sampun lungsé saweg gadhah putu sapunika".
B: "Ingkang kapundhut sléndro punapa pélog?"
B: "Kalih pisan kémawon, mangké yèn namung salah satunggal mindhak damel cuwaning tamu"

Wredha Krama[sunting | sunting sumber]

Wredha Krama kuwi mèh padha karo Kramantara, padha-padha ora dicampur nganggo tembung krama inggil, bédané ana ing ater-ater di-, panambang -é, lan panambang -aké.

  • Ater-ater di- ing tataran Kramantara diowahi dadi dipun-, nanging ing Wedha Krama tetep ora owah.
  • Panambang -é, ing basa Kramantara diowahi dadi ipun, déné ing Wredha Krama tetep ora owah.
  • Panambang -aké ing basa Kramantara dadi aken, déné ing Wredha Krama tetep ora owah.
  • Tembung aku, kowé, ater-ater dak-, ko-, padha karo ing tataran Kramantara.

Tataran Wedha Krama iki uga wis arang dianggo, umué luwih milih Mudha Krama.

Tuladha: A nganggo basa Wredha Krama B nganggo basa Mudha Krama

A: "Pinten lélangané kapal kalih punika?"
B: "Kula nun, kawan belah, dèrèng presèn tuwin wragading lampah".
A: "Dados mboten kirang kawan atus resiké?"
B: "Manawi".
A: "Punapa mulus mboten wonten ciriné?"
B: "Ingkang satunggal mulus, satunggalipun ciri suduk".
A: "Inggilé punapa jangkep kawan kaki?"
B: "Namung kirang sadim".

Basa Kedhaton[sunting | sunting sumber]

Basa kedhaton ugi kasebat basa bagongan, inggih menika basa ingkang namung kaginakaen utawi kangge gineman wonten salebetipun dhatulaya utawi karaton. Lirinipun sedaya priyayi ingkang apangkat inggil utawi andhap menawi gineman sami ngginakaken basa bagongan, kejawi menawi munjuk atur dhumateng nata utawi nalendra. pramila wonten ingkang mastani bilih basa bagongan menika minangka basa resmi ing salebetipun karaton.

Delengen uga[sunting | sunting sumber]

Wacan[sunting | sunting sumber]

  • Febyardini Dian P.R., S.S. etal, Pepak lan Wasis Basa Jawa, Indonesiatera Yogyakarta, 2008, ISBN 978-775-052-0
  • DR. Aryo Bimo Setyanto, SH, Parama Sastra Bahasa Jawa, Panji Pustaka Yogyakarta, Cithakan pisanan Oktober 2007 ISBN 979-25-2732-X
  • Dr. Purwadi, M.Hum.,et al, Tata Bahasa Jawa, Media Abadi Yogyakarta, cithakan pisanan Agustus 2005, ISBN 979-3525-50-9
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Basa_Jawa_Krama&oldid=883190"