Foton

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Foton kang dipancarake ing berkas koheren laser

Foton yaiku partikel elementer ana ing fenomena elektromagnetik.[1] Biasane foton dianggep sing ngawa radiasi elektromagnetik, kaya cahya, gelombang radio, lan Sinar-X.[1] Foton beda karo partikel elementer liyane kaya elektron lan quark, merga foton ora duwe bobot lan ana ing ruang vakum foton bisa obah karo kecepatan cahya, c.[1] Foton duwe sifat gelombang lan partikel ("dualisme gelombang-partikel").[1] Ana ing ilmu fisika, Foton (saka basa Yunani φως, ykang tegese cahaya) yaiku kuantum saka medan elektromagnetik lan salah siji partikel dasar kang disinauni ing elektrodinamika kuantum (QED, Inggris: Quantum Electrodynamics) bagian paling tua saka Model Standar fisika partikel.[1] Awujud gelombang, siji foton tunggal nyebar ana ing kabeh ruang lan nuduhake fenomena gelombang kaya pembiasan lensa lan interferensi destruktif nalika gelombang dipantulake lan musnahake siji karo sijine[1]Dadi partikel, foton mung bisa interaksi karo materi mindahke energi sakjumlah:

E = \frac{hc}{\lambda},

tegese yaiku h yaiku konstanta Planck, c yaiku laju cahaya, lan \lambda yaiku dawa gelombange.[2][3] Sakliyane energi partikel foton uga nggawa momentum lan duwe polarisasi.[2] Foton matuhi hukum mekanika kuantum, kang tegese yaiku besaran-besaran saka foton sering ora bisa diukur kanthi pas.[2] Biasane besaran-besaran sak foton dijabarake dadi probabilitas ngukur polarisasi, posisi, utawa momentum.[2] Tuladhane yaiku foton kang bisa ngeksitasi salah siji molekul, sering ora bisa ngramalake sakdurunge, molekul endi kang arep kena reksitasi.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e f Lewis, GN (1926). "The conservation of photons". Nature 118: 874–875.
  2. a b c d e Isaac Asimov (1966). The Neutrino, Ghost Particle of the Atom. Doubleday.
  3. Isaac Asimov (1968). The Universe From Flat Earth To Quasar. Avon Books.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Foton&oldid=676592"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès