Tata Surya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambaran umum Tata Surya (ukuran planit digambaraké saklaras ing skala, sauntara leté ora): Srengéngé, Merkurius, Venus, Bumi, Mars, Ceres, Yupiter, Saturnus, Uranus, Neptunus, Pluto, Haumea, Makemake lan Eris.

Tata Surya[a] ana ing galaksi Bimasekti iku golongan barang langit kang kawangun saka sawijining lintang kang diarani Srengéngé lan kabèh objèk kang kraket déning gaya gravitasiné. Objèk-objèk mau kalebu wolung planit kang wis kauninga kanthi orbit awujud elips, limang planit cilik, 173 satelit alami kang wis kaidhèntifikasi[b], lan mayuta-yuta barang langit (meteor, asteroid, komet) liyané.

Tata Surya kawangun saka Srengéngé, patang planit pérangan njero, sabuk asteroid, patang planit pérangan njaba, lan ing pérangan paling njaba yaiku Sabuk Kuiper lan piringan kasebar. Awan Oort diprakirakaké ana ing laladan paling adoh kang leté watara kaping sèwu ing njaba pérangan kang paling njaba.

Adhedhasar leté saka Srengéngé, wolung planit Tata Surya yaiku Merkurius utawa Buda (57,9 yuta km), Venus utawa Sukra (108 yuta km), Bumi (150 yuta km), Mars utawa Anggara (228 yuta km), Yupiter utawa Wrehaspati (779 yuta km), Saturnus utawa Saniscara (1.430 yuta km), Uranus (2.880 yuta km), lan Neptunus (4.500 yuta km). Wiwit madyaning 2008, ana limang objèk akasa kang kaklasifikasikaké minangka planit cilik. Orbit planit-planit cilik, kajaba Ceres, ana luwih adoh saka Neptunus. Limang planit cilik mau yaiku Ceres (415 yuta km ing sabuk asteroid; biyèné kaklasifikasikaké minangka planit kalima), Pluto (5.906 yuta km.; biyèné kaklasifikasikaké minangka planit kasanga), Haumea (6.450 yuta km), Makemake (6.850 yuta km), lan Eris (10.100 yuta km).

Enem saka wolung planit lan telu saka limang planit cilik iku diubengi déning satelit alami. Saben planit pérangan njaba diubengi déning cincin planit kang kawangun saka awu lan partikel liyané.

Asal usul[besut | besut sumber]

Akèh hipotèsis ngenani asal usul Tata Surya wis ditélakaké para ahli, sapérangan ing antarané yaiku:

Pierre-Simon Laplace, pandhukung Hipotesis Nebula
Gerard Kuiper, pandhukung Hipotesis Kondènsasi
Hipotesis Nebula

Hipotesis nébula pisanan ditélakaké déning Emanuel Swedenborg (1688-1772)[1] taun 1734 lan disampurnakaké déning Immanuel Kant (1724-1804) nalika taun 1775. Hipotesis sarupa uga dikembangaké déning Pierre Marquis de Laplace[2] kanthi indepènden nalika taun 1796. Hipotesis iki, kang luwih ditepungi kanthi Hipotesis Nebula Kant-Laplace, nyebutaké yèn ing taap awal, Tata Surya isih wujud kabut raseksa. Kabut iki kawangun saka lebu, ès, lan gas kang diarani nébula, lan unsur gas kang sapérangan gedhé hidrogen. Gaya gravitasi kang diduwèni njalari kabut iku nyusut lan mubeng kanthi arah tinentu, suhu kabut saya panas, lan akiré dadi lintang raseksa (srengéngé). Srengéngé raseksa terus nyusut lan mubeng tansaya rikat, lan cincin-cincin gas lan ès kalontar menyang saubengé Srengéngé. Akibat gaya gravitasi, gas-gas mau saya padhet sairing karo pamudhunan suhuné lan minangka planit njero lan planit njaba. Laplace duwé pendhapat yèn orbit awangun mèh mbunder saka planit-planit wujud konsekuènsi saka pambentukané.[3]

Hipotesis Planètisimal

Hipotesis planètisimal pisanan ditélakaké déning Thomas C. Chamberlin lan Forest R. Moulton nalika taun 1900. Hipotesis planètisimal nélakaké yèn Tata Surya awaké dhéwé kawangun akibat anané lintang liya kang liwat cukup cerak karo Srengéngé, nalika mangsa awal pambentukan Srengéngé. Kacerakan mau njalari dumadiné tonjolan ing lumahing Srengéngé, lan bebarengan prosès internal Srengéngé, narik matèri bola-bali saka Srengéngé. Èfèk gravitasi lintang ngakibataké kawanguné loro lengen spiral kang ndawa saka Srengéngé. Sauntara sapérangan gedhé matèri katarik manèh, sapérangan liya bakal tetep ing orbit, saya adhem lan saya padhet, lan dadi barang-barang kanthi ukuran cilik kang diarani planètisimal lan sapérangan kang gedhé minangka protoplanèt. Objèk-objèk mau silih tabrakan lan minangka planit lan rembulan, sauntara sisa-sisa matèri liyané dadi komèt lan astéroid.

Hipotesis Pasang Surut Lintang

Hipotesis pasang surut lintang pisanan ditélakaké déning James Jeans nalika taun 1917. Planit dianggep kawangun amarga nyeraké lintang liya menyang Srengéngé. Kaanan kang mèh silih tabrakan njalari katariké sapérangan gedhé matèri saka Srengéngé lan lintang liya mau déning gaya pasang surut kekaroné, kang banjur kakondhènsasi dadi planit.[3] Nanging astronom Harold Jeffreys taun 1929 mbantah yèn tabrakan kang kaya mangkono iku mèh ora mungkin dumadi.[3] Mangkono uga astronom Henry Norris Russell nélakaké kaabotané marang hipotèsis mau.[4]

Hipotesis Kondhènsasi

Hipotesis kondhènsasi awalé ditélakaké déning astronom Walanda kang jenengé G.P. Kuiper (1905-1973) nalika taun 1950. Hipotesis kondhènsasi njelasaké yèn Tata Surya kawangun saka bal kabut raseksa kang mubeng minangka cakram raseksa.

Hipotesis Lintang Kembar

Hipotesis lintang kembar awalé ditélakaké déning Fred Hoyle (1915-2001) nalika taun 1956. Hipotesis nélakaké yèn biyèné Tata Surya awaké dhéwé wujud loro lintang kang mèh padha ukurané lan silih cerak kang salah sijiné njeblug ninggal serpihan-serpihan cilik. Serpihan iku kaprangkep déning gravitasi lintang kang ora njeblug lan wiwit ngupengi lintang iku.

Sajarah panemon[besut | besut sumber]

Modhèl heliosentris sajeroning manuskrip Copernicus.

Lima planit paling cerak menyang Srengéngé saliyané Bumi (Merkurius, Venus, Mars, Yupiter lan Saturnus) wis ditepungi wiwit jaman biyèn amarga kabèh bisa dideleng kanthi mata langsung. Akèh bangsa ing donya iki duwé jeneng dhéwé kanggo saben planit.

Perkembangan èlmu pengetauan lan tèknologi pangamatan ing limang abad kapungkur nggawa manungsa kanggo mahami barang-barang langit kabébas saka slubung mitologi. Galileo Galilei (1564-1642) kanthi teleskop refraktoré bisa ndadèkaké mata manungsa "luwih tajem" sajeroning ngamati barang langit kang ora bisa diamati lumantar mata langsung.

Amarga teleskop Galileo bisa ngamati luwih tajem, dhèwèké bisa ndeleng manéka owah-owahan wangun kekatonan Venus, kaya déné Venus Sabit utawa Venus Purnama minangka akibat owah-owahan posisi Venus tumrap Srengéngé. Panalaran Venus ngiteri Srengéngé saya nguwataké téyori heliosentris, yaiku yèn Srengéngé iku punjer alam samesta, dudu Bumi, kang sadurungé digagas déning Nicolaus Copernicus (1473-1543). Susunan heliosentris yaiku Srengéngé dikupengi déning Merkurius tekan Saturnus.

Teleskop Galileo terus disampurnakaké déning èlmuwan liya kaya déné Christian Huygens (1629-1695) kang nemu Titan, satelit Saturnus, kang ana mèh kaping 2 let orbit Bumi-Yupiter.

Perkembangan teleskop uga diimbangi uga déning perkembangan pangétungan obah barang-barang langit lan gegandhèngan siji karo liyané lumantar Johannes Kepler (1571-1630) kanthi Hukum Kepler. Lan puncaké, Sir Isaac Newton (1642-1727) kanthi ukum gravitasi. Kanthi loro téyori pangétungan iki kang mungkinaké panggolèkan lan pangétungan barang-barang langit sabanjuré.

Nalika taun 1781, William Herschel (1738-1822) nemu Uranus. Pangétungan tliti orbit Uranus nyimpulaké yèn planit iki ana kang ngganggu. Neptunus tinemu nalika sasi Agustus 1846. Panemon Neptunus pranyata ora cukup njelasaké gangguan orbit Uranus. Pluto banjur tinemu taun 1930.

Nalika Pluto tinemu, Pluto mung dikawruhi minangka siji-sijiné objèk ngangkasa kang ana sawisé Neptunus. Banjur nalika taun 1978, Charon, satelit kang ngupengi Pluto tinemu, sadurungé sempat dikira minangka planit kang sabeneré amarga ukurané ora béda adoh karo Pluto.

Para astronom banjur nemu watara 1.000 objèk cilik liyané kang papané ngliwati Neptunus (diarani objèk trans-Neptunus), kang uga ngupengi Srengéngé. Ing kana mungkin ana watara 100.000 objèk sakrupa kang ditepungi minangka Objèk Sabuk Kuiper (Sabuk Kuiper yaiku péranganing objèk-objèk trans-Neptunus). Welasan barang langit kalebu sajeroning Objèk Sabuk Kuiper ing antarané Quaoar (1.250 km ing sasi Juni 2002), Huya (750 km ing sasi Maret 2000), Sedna (1.800 km ing sasi Maret 2004), Orcus, Vesta, Pallas, Hygiea, Varuna, lan 2003 EL61 (1.500 km ing sasi Mèi 2004).

Panemon 2003 EL61 cukup njalari héboh amarga Objèk Sabuk Kuiper iki dikawruhi uga nduwé satelit ing sasi Januari 2005 sanadyan kanthi ukuran luwih cilik saka Pluto. Lan puncaké yaiku panemon UB 313 (2.700 km ing sasi Oktober 2003) kang dijenengi déning panemuné Xena. Saliyané luwih gedhé saka Pluto, objèk iki uga nduwé satelit.

Struktur[besut | besut sumber]

Pambandhing rélatif massa planit. Yupiter iku 71% saka total lan Saturnus 21%. Merkurius lan Mars, kang total bebarengan mung kurang saka 0.1% ora katon sajeroning diagram ing ndhuwur.
Orbit-orbit Tata Surya kanthi skala kang sabeneré
Illustrasi skala

Komponèn utama sistem Tata Surya yaiku srengéngé, sawijining lintang dhèrèt utama kelas G2 kang ngandhut 99,86 persèn massa saka sistem lan ndhominasi kabèh kanthi gaya gravitasiné.[5] Yupiter lan Saturnus, loro komponèn gedhé dhéwé kang ngideri Srengéngé, nyakup kira-kira 90 persèn massa saluwihé.[c]

Mèh kabèh objèk-objèk gedhé kang ngorbit Srengéngé ana ing babagan édharan bumi, kang lumrahé dijenengi èkliptika. Kabèh planit manggon cedhak banget karo èkliptika, sauntara komèt lan objèk-objèk sabuk Kuiper lumrahé duwé béda pojokan kang gedhé banget dibandhingaké èkliptika.

Planit-planit lan objèk-objèk Tata Surya uga ngorbit ngupengi Srengéngé lawan arah jarum jam yèn dideleng saka ndhuwur kutub lor Srengéngé, kajaba Komèt Halley.

Hukum Gerakan Planit Kepler njabaraké yèn orbit saka objèk-objèk Tata Surya saubengé Srengéngé obah kanthi wangun èlips kanthi Srengéngé minangka salah siji titik fokusé. Objèk kang leté luwih cerak saka Srengéngé (sumbu sèmi-mayor-é luwih cilik) duwé taun wektu kang luwih cendhak. Ing orbit èlips, let antarané objèk karo Srengéngé manéka variasi sakdawané taun. Let paling cerak antarané objèk karo Srengéngé dijenengi perihelion, sauntara let paling adoh saka Srengéngé dijenengi aphelion. Kabèh objèk Tata Surya obah paling rikat ing titik perihelion lan paling alon ing titik aphelion. Orbit planit-planit bisa diarani mèh awangun bunderan, éwadéné komèt, asteroid lan objèk sabuk Kuiper akèh-akèhé orbité awangun èlips.

Kanggo nggampangaké réprèsentasi, akèh-akèhé diagram Tata Surya nuduhaké let antarané orbit kang padha siji lan sijiné. Ing kasunyatané, kanthi sapérangan pangecualian, tansaya adoh panggonan sawijining planit utawa sabuk saka Srengéngé, saya gedhé let antarané objèk iku karo jalur ideran orbit sadurungé. Minangka conto, Venus manggon watara 0,33 ékan astronomi (SA) punjul Merkurius[d], éwadéné Saturnus iku 4,3 SA saka Yupiter, lan Neptunus manggon 10,5 SA saka Uranus. Sapérangan upaya wis dicoba kanggo nemtokaké korélasi let antar orbit iki (ukum Titus-Bode), nanging nganti saiki ora ana siji téyori waé wis ditampa.

Mèh kabèh planit-planit ing Tata Surya uga nduwé sistem sékundhèr. Akèh-akèhé iku barang pangorbit alami kang diarani satelit. Sapérangan barang iki nduwé ukuran luwih gedhé saka planit. Mèh kabèh satelit alami kang gedhé dhéwé manggon ing orbit sinkron, kanthi sasisih satelit ngadhep merang arah planit indhuké kanthi permanèn. Papat planit gedhé dhéwé uga nduwé cincin kang isi partikel-partikel cilik kang ngorbit kanthi bebarengan.

Tèrminologi[besut | besut sumber]

Sacara informal, Tata Surya bisa dibagi dadi telu laladan. Tata Surya pérangan njero nyakup papat planit kabumian lan sabuk asteroid utama. Ing laladan kang luwih adoh, Tata Surya pérangan njaba, ana papat gas planit raseksa.[6] Wiwit tinemu Sabuk Kuiper, pérangan paling njaba Tata Surya dianggep wewengkon béda dhéwé kang ngambah kabèh objèk ngliwati Neptunus.[7]

Sacara dinamis lan fisik, objèk kang ngorbit srengéngé bisa diklasifikasikaké sajeroning telung golongan: planit, planit cilik, lan barang cilik Tata Surya. Planit iku sawijining badan kang ngideri Srengéngé lan duwé massa cukup gedhé kanggo minangka buletan dhiri lan wis ngresiki orbité kanthi nginkorporasikaé kabèh objèk-objèk cilik ing saubengé. Kanthi définisi iki, Tata Surya duwé wolu planit: Merkurius, Venus, Bumi, Mars, Yupiter, Saturnus, lan Neptunus. Pluto wis diuwalaké status planèté amarga ora bisa ngresiki orbité saka objèk-objèk Sabuk Kuiper.[8]

Planit cilik iku barang akasa dudu satelit kang ngupengi Srengéngé, duwé massa kang cukup kanggo bisa minangka buletan dhiri nanging durung bisa ngresiki laladan saubengé.[8] Miturut définisi iki, Tata Surya duwé lima planit cilik: Ceres, Pluto, Haumea, Makemake, lan Eris.[9] Objèk liya kang mungkin bakal diklasifikasikaké minangka planit cilik yaiku: Sedna, Orcus, lan Quaoar. Planit cilik kang nduwé orbit ing laladan trans-Neptunus lumrahé ingaran "plutoid".[10] Sisa objèk-objèk liya sabanjuré kang ngiteri Srengéngé yaiku barang cilik Tata Surya.[8]

Èlmuwan ahli planit migunakaké istilah gas, ès, lan watu kanggo ndhèskripsikaké kelas dat kang ana ing njero Tata Surya. Watu kanggo njenengi bahan mawa titik lebur dhuwur (luwih gedhé saka 500 K), minangka conto silikat. Bahan batuan iki umum banget ana ing Tata Surya pérangan njero, wujud komponèn pambentuk utama mèh kabèh planit kabumian lan asteroid. Gas iku bahan-bahan mawa titik lebur asor kaya déné atom hidrogen, hélium, lan gas mulia, bahan-bahan iki ndhominasi wewengkon tengah Tata Surya, kang didhominasi déning Yupiter lan Saturnus. Éwadéné ès, kaya déné banyu, metana, amonia lan karbon dioksida,[11] duwé titik lebur watara atusan drajat kelvin. Bahan iki arupakan komponèn utama saka sapérangan gedhé satelit planit raseksa. Dhèwèké uga wujud komponèn utama Uranus lan Neptunus (kang asring ingaran "ès raseksa"), sarta manéka barang cilik kang ana ing sacedhaké orbit Neptunus.[12]

Istilah volatiles nyakup kabèh bahan mawa titik umub asor (kurang saka atusan kelvin), kang kalebu gas lan ès; gumantung ing suhuné, 'volatiles' bisa tinemu minangka ès, cuwèran, utawa gas ing manéka pérangan Tata Surya.

Zona planit[besut | besut sumber]

Zona Tata Surya kang ngambah, planit pérangan njero, sabuk asteroid, planit pérangan njaba, lan sabuk Kuiper. (Gambar ora selaras karo skala)

Ing zona planit njero, Srengéngé iku punjer Tata Surya lan panggonané paling cedhak karo planit Merkurius (let saka Srengéngé 57,9 × 106 km, utawa 0,39 SA), Venus (108,2 × 106 km, 0,72 SA), Bumi (149,6 × 106 km, 1 SA) lan Mars (227,9 × 106 km, 1,52 SA). Ukuran dhiamèteré antara 4.878 km lan 12.756 km, kanthi massa jinis antara 3,95 g/cm3 lan 5,52 g/cm3.

Ing antarané Mars lan Yupiter ana laladan kang ingaran sabuk asteroid, kumpulan batuan métal lan mineral. Akèh-akèhé asteroid-asteroid iki mung duwé dhiamèter sapérangan kilomèter (pirsani: Pratélan asteroid), lan sapérangan duwé dhiamèter 100 km utawa luwih. Ceres, péranganing kumpulan asteroid iki, ukurané watara 960 km lan dikategorikaké minangka planit cilik. Orbit asteroid-asteroid iki èliptis banget, malah sapérangan nyimpangi Merkurius (Icarus) lan Uranus (Chiron).

Ing zona planit njaba, ana planit gas raseksa Yupiter (778,3 × 106 km, 5,2 SA), Uranus (2,875 × 109 km, 19,2 SA) lan Neptunus (4,504 × 109 km, 30,1 SA) kanthi massa jinis antara 0,7 g/cm3 lan 1,66 g/cm3.

Let rata-rata antarané planit-planit karo Srengéngé bisa diprakirakaké kanthi migunakaké baris matématis Titus-Bode. Régularitas let antarané jalur ideran orbit-orbit iki kamungkinan wujud èfèk résonansi sisa saka awal kawanguné Tata Surya. Anèhé, planit Neptunus ora mijil ing baris matématis Titus-Bode, kang gawé para pangamat spékulasi yèn Neptunus wujud asil tabrakan kosmis.

Srengéngé[besut | besut sumber]

Artikel utama: Srengéngé

Srengéngé iku lintang indhuk Tata Surya lan wujud komponèn utama sistem Tata Surya iki. Lintang iki ukurané 332.830 massa bumi. Massa kang gedhé iki njalari kapadhetan inti kang cukup gedhé kanggo bisa njurung kasinambungan fusi nuklir lan nyemburaké sapérangan ènèrgi kang dahsyat. Akèh-akèhé ènèrgi iki dipancaraké menyang njaban akasa sajeroning wangun radhiasi èlètromagnètik, kalebu spèktrum optik.

Srengéngé dikategorikaké sajeroning lintang cilik kuning (jinis G V) kang ukurané tengahan, nanging jeneng iki bisa njalari kasalahpahaman, amarga dibandhingaké karo lintang-lintang kang ana ing njero galaksi Bimasekti, Srengéngé kalebu cukup gedhé lan cemerlang. Lintang diklasifikasikaké mawa dhiagram Hertzsprung-Russell, yaiku sawijining grafik kang nggambaraké gegandhèngan pangaji luminositas sawijining lintang marang suhu lumahané. Lumrahé, lintang kang luwih panas bakal luwih cemerlang. Lintang-lintang kang nuruti pola iki diarani ana ing dhèrèt utama, lan Srengéngé panggoné persis ing tengah dhèrèt iki. Nanging, lintang-lintang kang luwih cemerlang lan luwih panas saka Srengéngé iku langka, éwadéné lintang-lintang kang luwih redhup lan adhem iku umum.[13]

Dipercaya yèn posisi Srengéngé ing dhèrèt utama kanthi umum wujud "pucuk urip" saka sawijining lintang, amarga durung entèké hidrogen kang kasimpen kanggo fusi nuklir. Saiki Srengéngé tuwuh tansaya padhang jingglang. Ing awal uripé, tingkat kacemerlangané iku watara 70 persèn saka kacermelangan saiki.[14]

Srengéngé kanthi métalisitas dikategorikaké minangka lintang "populasi I". Lintang kategori iki kawangun luwih akir ing tingkat évolusi alam semesta, saéngga ngandhut luwih akèh unsur kang luwih abot tinimbang hidrogen lan hélium ("metal" sajeroning sebutan astronomi) dibandhingaké karo lintang "populasi II".[15] Unsur-unsur kang luwih abot tinimbang hidrogen lan hélium kawangun ing njero inti lintang purba kang banjur njeblug. Lintang-lintang génerasi pisanan perlu cures luwih dhisik sadurungé alam semesta bisa dikebaki déning unsur-unsur kang luwih abot iki.

Lintang-lintang tuwa dhéwé ngandhut metal sithik banget, éwadéné lintang anyar nduwé kandhungan métal kang luwih dhuwur. Tingkat métalitas kang dhuwur iki diprakirakaké duwé prabawa wigati ing pambentukan sistem Tata Surya, amarga kawanguné planit iku asil panggumpelan métal.[16]

Médhium antarplanèt[besut | besut sumber]

Lembar ilènan heliosfer, amarga obah rotasi magnètis Srengéngé tumrap médhium antarplanèt.

Saliyané cahya, Srengéngé uga kanthi kasinambungan mancaraké semburan partikel kanthi momotan (plasma) kang ditepungi minangka angin surya. Semburan partikel iki nyebar metu kira-kira ing karikatan 1,5 yuta kilomèter per jam,[17] nyiptakaké atmosfèr tipis (heliosfer) kang ngrambah Tata Surya paling ora adohé 100 SA (deleng uga heliopause). Kabèh iki ingaran médhium antarplanèt.

Lésus géomagnètis ing lumahing Srengéngé, kaya déné semburan Srengéngé (solar flares) lan uncalan massa korona (coronal mass ejection) njalari gangguan ing heliosfer, nyiptakaké cuaca ruwang akasa.[18] Struktur gedhé dhéwé saka heliosfer dijenengi lembar ilènan heliosfer (heliospheric current sheet), sawijining spiral kang dumadi amarga obah rotasi magnètis Srengéngé tumrap médhium antarplanèt.[19][20] Médhan magnèt bumi nyegah atmosfèr bumi interaksi karo angin surya. Venus lan Mars kang ora duwé médhan magnèt, atmosfèré entèk kakikis menyang njaba akasa.[21] Interaksi antarané angin surya lan médhan magnèt bumi njalari dumadiné aurora, kang bisa dideleng cedhak kutub magnètik bumi.

Heliosfer uga duwé peran ngreksa Tata Surya saka sinar kosmik kang asalé saka njaban Tata Surya. Médhan magnèt planit-planit nambah peran pangreksan sabanjuré. Dhènsitas sinar kosmik ing médhium antarlintang lan kekuwatan médhan magnèt Srengéngé ngalami owah-owahan ing skala wektu kang dawa banget, saéngga drajat radhiasi kosmis ing njero Tata Surya dhéwé iku manéka variasi, sanajan ora dikawruhi sepira gedhéné.[22]

Médhium antarplanèt uga wujud papan anané paling ora loro laladan mèmper piringan kang isiné lebu kosmis. Sing pisanan, méga lebu zodhiak, ana ing Tata Surya pérangan njero lan wujud jalaran cahya zodhiak. Iki kamungkinan kawangun saka tabrakan sajeroning sabuk astéroid kang disebabaké déning interaksi karo planit-planit.[23] Laladan kaloro mbentang antarané 10 SA nganti watara 40 SA, lan mungkin disebabaké déning tabrakan kang mèmper nanging dumadi ing njero Sabuk Kuiper.[24][25]

Tata Surya pérangan njero[besut | besut sumber]

Tata Surya pérangan njero iku jeneng umum kang nyakup planit kabumian lan asteroid. Mliginé kagawé saka silikat lan logam, objèk saka Tata Surya pérangan njero nglingkup cerak karo Srengéngé, radhius saka kabèh laladan iki luwih cendhak saka let antarané Yupiter lan Saturnus.

Planit-planit pérangan njero[besut | besut sumber]

Artikel utama: Planit kebumian
Barkas:Terrestrial planit size comparisons.jpg
Planit-planit pérangan njero. Saka kiwa nengen: Merkurius, Venus, Bumi, lan Mars (ukuran miturut skala)

Papat planit pérangan njero utawa planit kabumian (terrestrial planit) duwé komposisi batuan kang padhet, mèh ora duwé utawa ora duwé satelit lan ora duwé sistem cincin. Komposisi planit-planit iki mligi yaiku mineral kanthi titik lèlèh dhuwur, kaya déné silikat kang intip lan slubung, lan logam kaya déné wesi lan nikel kang intiné. Telu saka papat planit iki (Venus, Bumi lan Mars) duwé atmosfèr, kabèh duwé kawah météor lan sipat-sipat lumahan tèktonis kaya déné gunung geni lan lembah pecahan. Planit kang panggonané ing antarané Srengéngé lan Bumi (Merkurius lan Venus) diarani uga minangka planit infèrior.

Merkurius[besut | besut sumber]
Merkurius (0,4 SA saka Srengéngé) iku planit paling cerak saka Srengéngé sarta uga paling cilik (0,055 massa Bumi). Merkurius ora duwé satelit alami lan ciri géologisé saliyané kawah météorid kang dikawruhi yaiku lobed ridges utawa rupes, kamungkinan dumadi amarga pangerutan ing périodhe awal sajarahé.[26] Atmosfèr Merkurius kang mèh bisa dilirwakaké kapérang saka atom-atom kang uwal saka lumahané amarga semburan angin surya.[27] Gedhéné inti wesi lan tipisé kerak Merkurius isih durung bisa diterangaké. Miturut prakiran hipotésa lapisan njaba planit iki ucul sawisé dumadi tabrakan gedhé, lan ngrembakané ("akresi") penuhé kacandhet déning ènèrgi awal Srengéngé.[28][29]
Venus[besut | besut sumber]
Venus (0,7 SA saka Srengéngé) mawa ukuran mèmper bumi (0,815 massa bumi). Lan kaya déné bumi, planit iki duwé slimut kulit silikat kang kandel lan mawa inti wesi, atmosfèré uga kandel lan duwé aktivitas géologi. Nanging planit iki luwih garing saka bumi lan atmosfèré kaping sanga luwih padhet saka bumi. Venus ora duwé satelit. Venus iku planit paling panas kanthi suhu lumahan ngancik 400 °C, kamungkinan gedhé disebabaké gunggung gas omah kaca kang kakandhut ing njero atmosfèr.[30] Tekan saiki aktivitas géologis Venus durung didhetèksi, nanging amarga planit iki ora duwé medhan magnèt kang bisa nyegah entèké atmosfèr, dinuga sumber atmosfèr Venus asalé saka gunung geni.[31]
Bumi[besut | besut sumber]
Bumi (1 SA saka Srengéngé) iku planit pérangan njero kang gedhé dhéwé lan paling padhet, siji-sijiné kang dikawruhi duwé aktivitas géologi lan siji-sijiné planit kang dikawruhi duwé mahluk urip. Hidrosfèr-é kang cuwèr iku kas ing antarané planit-planit kabumian lan uga wujud siji-sijiné planit kang diamati duwé lèmpèng tèktonik. Atmosfèr bumi béda banget dibandhingaké planit-planit liyané, amarga diprabawai déning anané mahluk urip kang ngasilaké 21% oksigèn.[32] Bumi duwé siji satelit, rembulan, siji-sijiné satelit gedhé saka planit kabumian ing njero Tata Surya.
Mars[besut | besut sumber]
Mars (1,5 SA saka Srengéngé) kanthi ukuran luwih cilik saka bumi lan Venus (0,107 massa bumi). Planit iki duwé atmosfèr tipis kang kandhutan mligi iku karbon dioksida. Lumahan Mars kang dikebaki gunung geni raseksa kaya déné Olympus Mons lan lembah retakan kaya déné Valles marineris, nuduhaké aktivitas géologis kang terus dumadi nganti saiki. Warna abangé asalé saka warna karat lemahé kang sugih wesi.[33] Mars duwé loro satelit alami cilik (Deimos lan Phobos) kang dinuga wujud asteroid kang kajebak gravitasi Mars.[34]

Sabuk asteroid[besut | besut sumber]

Artikel utama: Sabuk asteroid
Sabuk asteroid utama lan asteroid Troya

Asteroid kanthi umum iku objèk Tata Surya kang kapérang saka batuan lan mineral logam beku.[35]

Sabuk asteroid utama ana ing antarané orbit Mars lan Yupiter, leté watara 2,3 lan 3,3 SA saka Srengéngé, dinuga wujud sisa saka bahan formasi Tata Surya kang gagal nggumpel amarga prabawa gravitasi Yupiter.[36]

Gradhasi ukuran asteroid iku atusan kilomèter tekan mikroskopis. Kabèh asteroid, kajaba Ceres kang gedhé dhéwé, diklasifikasikaké minangka barang cilik Tata Surya. Sapérangan asteroid kaya déné Vesta lan Hygiea mungkin bakal diklasifikasikaké minangka planit cilik yèn kabukti wis ngancik kasetimbangan hidrostatik.[37]

Sabuk asteroid kapérang saka maèwu-èwu, mungkin yutan objèk kanthi dhiamèter sakilometer.[38] Sanajan mangkono, massa total saka sabuk utama iki ora punjul saprasèwu massa bumi.[39] Sabuk utama ora rapet, kapal ruwang akasa kanthi rutin mbrobos laladan iki tanpa ngalami kacilakan. Asteroid kang dhiamèteré watara 10 lan 10−4 m ingaran météorid.[40]

Ceres[besut | besut sumber]
Ceres

Ceres (2,77 SA) iku barang gedhé dhéwé ing sabuk asteroid lan diklasifikasikaké minangka planit cilik. Dhiamèteré iku kurang sithik saka 1000 km, cukup gedhé kanggo duwé gravitasi dhéwé kanggo nggumpel minangka bunderan. Ceres dianggep planit nalika tinemu ing abad ka 19, nanging di-réklasifikasi dadi asteroid nalika taun 1850an sawisé observasi luwih lanjut nemu sapérangan asteroid manèh.[41] Ceres diréklasifikasi lanjut nalika taun 2006 minangka planit cilik.

Golongan asteroid[besut | besut sumber]

Asteroid ing sabuk utama dibagi dadi golongan lan kulawarga asteroid dhedhasar sipat-sipat orbité. Satelit asteroid iku asteroid kang ngiteri asteroid kang luwih gedhé. Satelit-satelit iki ora gampang dibédakaké saka satelit-satelit planit, sok-sok mèh padha gedhéné karo pasangané. Sabuk asteroid uga duwé komèt sabuk utama kang mungkin wujud sumber banyu bumi.[42]

Asteroid-asteroid Trojan ana ing titik L4 atau L5 Yupiter (laladan gravitasi stabil kang ana ing ngarep lan mburi sawijining orbit planit), sebutan "trojan" asring dipigunakaké kanggo objèk-objèk cilik ing Titik Langrange saka sawijining planit utawa satelit. Golongan Asteroid Hilda ana ing orbit résonansi 2:3 saka Yupiter, kang tegesé golongan iki ngiteri Srengéngé kaping telu kanggo saben loro ideran Yupiter.

Pérangan njero Tata Surya uga dikebaki déning asteroid alasan, kang akèh ngethok orbit-orbit planit-planit pérangan njero.

Tata Surya pérangan njaba[besut | besut sumber]

Ing pérangan njaba Tata Surya ana gas-gas raseksa karo satelit-satelité kang mawa ukuran planit. Akèh komèt kanthi périodha cendhak kalebu sapérangan Centaur, uga duwé orbit ing laladan iki. Badan-badan padhet ing laladan iki ngandhut gunggung volatil (conto: banyu, amonia, métan, kang asring ingaran "es" sajeroning pangistilahan èlmu kaplanètan) kang luwih dhuwur dibandhingaké planit batuan ing pérangan njero Tata Surya.

Planit-planit njaba[besut | besut sumber]

Artikel utama: Raseksa gas
Raseksa-raseksa gas sajeroning Tata Surya lan Srengéngé, dhedhasar skala

Kapapat planit njaba, kang ingaran uga planit raseksa gas (gas giant), utawa planit jovian, kanthi kasluruhan nyakup 99 persèn massa kang ngorbit Srengéngé. Yupiter lan Saturnus sapérangan gedhé ngandhut hidrogen lan hélium; Uranus lan Neptunus duwé proporsi ès kang luwih gedhé. Para astronom ngusulaké yèn kaloroné dikategorikaké dhéwé minangka raseksa ès.[43] Kapapat raseksa gas iki kabèh duwé cincin, sanajan mung sistem cincin Saturnus kang bisa dideleng kanthi gampang saka bumi.

Yupiter[besut | besut sumber]
Yupiter (5,2 SA), kanthi massa kaping 318 massa bumi, iku massané kaping 2,5 massa saka gabungan kabèh planit liyané. Kandhutan mligi iku hidrogen lan hélium. Sumber panas ing njero Yupiter njalari timbulé sapérangan ciri sèmi-permanèn ing atmosfèré, minangka conto pita pita awan lan Bintik Abang Raseksa. Sing dikawruhi, Yupiter duwé 63 satelit. Papat kang gedhé dhéwé, Ganymede, Callisto, Io, lan Europa ngatonaké kamèmperan karo planit kabumian, kaya déné gunung geni lan inti kang panas.[44] Ganymede, kang wujud satelit gedhé dhéwé ing Tata Surya, duwé ukuran luwih gedhé saka Merkurius.
Saturnus[besut | besut sumber]
Saturnus (9,5 SA) kang ditepungi kanthi sistem cinciné, duwé sapérangan pepadhan karo Yupiter, minangka conto komposisi atmosfèré. Sanajan Saturnus gehdéné mung 60% volume Yupiter, planit iki mung duwé bobot kurang saka sapratelu Yupiter utawa kaping 95 massa bumi, agawé planit iki wujud sawijining planit kang paling ora padhet ing Tata Surya. Saturnus duwé 60 satelit kang dikawruhi tekan saiki (lan 3 kang durung dipesthèkaké) loro ing antarané Titan lan Enceladus, nuduhaké aktivitas géologis, sanajan mèh kapérang mung saka ès waé.[45] Titan duwé ukuran luwih gedhé saka Merkurius lan wujud siji-sijiné satelit ing Tata Surya kang duwé atmosfèr kang cukup duwé arti.
Uranus[besut | besut sumber]
Uranus (19,6 SA) kang duwé massa kaping 14 massa bumi, iku planit kang paling ènthèng ing antarané planit-planit njaba. Planit iki duwé kabédan ciri orbit. Uranus ngiteri Srengéngé kanthi ukuran poros 90 drajat ing ekliptika. Planit iki duwé inti kang adhem banget dibandhingaké gas raseksa liyané lan mung sithik mancaraké ènèrgi panas.[46] Uranus duwé 27 satelit kang dikawruhi, kang gedhé dhéwé iku Titania, Oberon, Umbriel, Ariel lan Miranda.
Neptunus[besut | besut sumber]
Neptunus (30 SA) sanajan luwih cilik sithik saka Uranus, duwé massa kaping 17 massa bumi, saéngga agawé planit iki luwih padhet. Planit iki mancaraké panas saka njero nanging ora akèh kaya déné Yupiter utawa Saturnus.[47] Neptunus duwé 13 satelit kang dikawruhi. Sing gedhé dhéwé, Triton, géologiné aktif, lan duwé geyser nitrogèn cuwèr.[48] Triton iku siji-sijiné satelit gedhé kang orbité walik arah (retrogade). Neptunus uga diampingi sapérangan planit minor ing orbité, kang ingaran Trojan Neptunus. Bendha-barang iki duwé résonansi 1:1 karo Neptunus.

Komèt[besut | besut sumber]

Artikel utama: Komèt
Komèt McNaught utawa C/2006 P1 dideleng saka Matakohe, New Zealand tanggal 20 Januari 2007 jam 9.03pm.

Komèt iku badan Tata Surya cilik, lumrahé mung mawa ukuran sapérangan kilomèter, lan kagawé saka ès volatil. Badan-badan iki duwé èksèntrisitas orbit dhuwur, kanthi umum perihelion-é ana ing planit-planit pérangan njero lan panggonan aphelion-é luwih adoh saka Pluto. Nalika sawijining komèt ngleboni Tata Surya pérangan njero, ceraké let saka Srengéngé njalari lumahan èsé ngalami sumblimasi lan ionisasi, kang ngasilaké koma, buntut gas lan lebu dawa, kang asring bisa dideleng kanthi mata langsung.

Komèt mawa périodha cendhak, duwé kalangsungan orbit kurang saka rongatus taun. Éwadéné komèt mawa périodha panjang, duwé orbit kang lumaku èwonan taun. Komèt mawa périodha cendhak dipercaya asalé saka Sabuk Kuiper, éwadéné komèt mawa périodha dawa, kaya déné Hale-bopp, asalé saka Awan Oort. Akèh golongan komèt, kaya déné Kreutz Sungrazers, kawangun saka pecahan sawijining indhuk tunggal.[49] Sapérangan komèt mawa orbit hiperbolik mungkin asalé saka njaba Tata Surya, nanging nemtokaké jalur orbité kanthi mesthi iku angèl banget.[50] Komèt tuwa kang bahan volatilesé wis entèk amarga panas Srengéngé asring dikategorikaké minangka asteroid.[51]

Centaur[besut | besut sumber]

Centaur iku barang-barang ès mèmper komèt kang poros semi-majoré luwih gedhé saka Yupiter (5,5 SA) lan luwih cilik saka Neptunus (30 SA). Centaur gedhé dhéwé kang dikawruhi yaiku, 10199 Chariklo, kanthi dhiamèter 250 km.[52] Centaur temonan pisanan, 2060 Chiron, uga diklasifikasikaké minangka komèt (95P) amarga duwé koma padha kaya déné komèt yèn nyedhaki Srengéngé.[53] Sapérangan astronom nglasifikasikaké Centaurs minangka objèk sabuk Kuiper sebaran-menyang-njero (inward-scattered Kuiper belt objects), sairing karo sebaran metu kang manggon ing piringan kasebar (outward-scattered residents of the scattered disc).[54]

Laladan trans-Neptunus[besut | besut sumber]

Plot kabèh objèk sabuk Kuiper
Dhiagram kang nuduhaké pambagian sabuk Kuiper

Laladan kang ana adoh ngliwati Neptunus, utawa laladan trans-Neptunus, sapérangan gedhé durung dièksplorasi. Miturut praduga laladan iki sapérangan gedhé kapérang saka donya-donya cilik (kang gedhé dhéwé duwé dhiamèter sapralima bumi lan massané adoh luwih cilik saka rembulan) lan mligi ngandhut watu lan ès. Laladan iki uga ditepungi minangka laladan njaba Tata Surya, sanajan manéka wong migunakaké istilah iki kanggo laladan kang ana ngluwihi sabuk asteroid.

Sabuk Kuiper[besut | besut sumber]

Artikel utama: Sabuk Kuiper

Sabuk Kuiper iku sawijining cincin raseksa mèmper karo sabuk asteroid, nanging komposisi mligi iku ès. Sabuk iki manggon ana ing antarané 30 lan 50 SA, lan kapérang saka barang cilik Tata Surya. Sanajan mangkono, sapérangan objèk Kuiper kang gedhé dhéwé, kaya déné Quaoar, Varuna, lan Orcus, mungkin bakal diklasifikasikaké minangka planit cilik. Para èlmuwan mrakirakaké ana watara 100.000 objèk Sabuk Kuiper kanthi dhiamèter punjul 50 km, nanging diprakirakaké massa total Sabuk Kuiper mung saprasepuluh massa bumi.[55] Akèh objèk Kuiper duwé satelit gandha lan akèh-akèhé duwé orbit ing njaba babagan èliptika.

Sabuk Kuiper kanthi kasar bisa dibagi dadi "sabuk klasik" lan résonansi. Résonansi iku orbit kang agandhèng marang Neptunus (conto: loro orbit kanggo saben telu orbit Neptunus utawa siji kanggo saben loro). Résonansi kang pisanan awalé ing Neptunus dhéwé. Sabuk klasik kapérang saka objèk kang ora duwé résonansi karo Neptunus, lan manggon watara 39,4 SA tekan 47,7 SA.[56] Anggota dari sabuk klasik diklasifikasikan sebagai cubewanos, setelah anggota jinis pertamanya ditemukan (15760) 1992QB1 [57]

Pluto lan Charon[besut | besut sumber]
Pluto lan katelu satelité

Pluto (rata-rata 39 SA), sawijining planit cilik, iku objèk gedhé dhéwé kang dikawruhi ing Sabuk Kuiper. Nalika tinemu ing taun 1930, barang iki dianggep planit kang kasanga, dhéfinisi iki diganti nalika taun 2006 kanthi diangkaté dhéfinisi formal planit. Pluto duwé kamiringan orbit cukup èksèntrik (17 drajat saka babagan èkliptika) lan leté 29,7 SA saka Srengéngé ing titik perihelion (padha leté karo orbit Neptunus) tekan 49,5 SA ing titik aphelion.

Ora cetha apa Charon, satelit Pluto kang gedhé dhéwé, bakal terus diklasifikasikaké minangka satelit utawa dadi sawijining planit cilik uga. Pluto lan Charon, kaloroné ngiteri titik barycenter gravitasi ing ndhuwur lumahané, kang gawé Pluto-Charon sawijining sistem gandha. Loro satelit kang adoh luwih cilik Nix lan Hydra uga ngiteri Pluto lan Charon. Pluto ana ing sabuk résonan lan duwé 3:2 résonansi karo Neptunus, kang tegesé Pluto ngiteri Srengéngé kaping loro kanggo saben telung ideran Neptunus. Objèk sabuk Kuiper kang orbité duwé résonansi kang padha ingaran plutino.[58]

Haumea lan Makemake[besut | besut sumber]

Haumea (rata-rata 43,34 SA) lan Makemake (rata-rata 45,79 SA) iku loro objèk gedhé dhéwé kang dikawruhi ing njero sabuk Kuiper klasik. Haumea iku sawijining objèk kanthi wangun endhog lan duwé satelit loro. Makemake iku objèk paling kinclong ing sabuk Kuiper sawisé Pluto. Ing awalé dijenengi 2003 EL61 lan 2005 FY9, nalika taun 2008 dijenengi lan status minangka planit cilik. Orbit kaloroné duwé inklinasi adoh luwih mbujur saka Pluto (28° lan 29°) [59] lan béda kaya déné Pluto, kaloroné ora diprabawai déning Neptunus, minangka péranganing golongan Objèk Sabuk Kuiper klasik.

Piringan kasebar[besut | besut sumber]

Artikel utama: Piringan kasebar
Ireng: kasebar; biru: klasik; ijo: résonan
Eris lan satelité Dysnomia

Piringan kasebar (scattered disc) silih potong karo sabuk Kuiper lan nyebar metu adoh luwih wiyar. Laladan iki dinuga wujud sumber komèt mawa périodha cendèk. Objèk piringan kasebar dinuga kaoncataké menyang orbit kang ora tinentu amarga prabawa gravitasi saka obahan migrasi awal Neptunus. Akèh-akèhé objèk piringan kasebar (scattered disc objects, utawa SDO) duwé perihelion ing njero sabuk Kuiper lan aphelion adohé mèh 150 SA saka Srengéngé. Orbit OPT uga duwé inklinasi dhuwur ing babagan èkliptika lan asring mèh kanthi pojok siku-siku. Sapérangan astronom nggolongaké piringan kasebar mung minangka péranganing sabuk Kuiper lan njuluki piringan kasebar minangka "objèk sabuk Kuiper kasebar" (scattered Kuiper belt objects).[60]

Eris[besut | besut sumber]

Eris (rata-rata 68 SA) iku objèk piringan kasebar gedhé dhéwé kang dikawruhi lan njalari wiwitané dhebat babagan dhéfinisi planit, amarga Eris mung 5%luwih gedhé saka Pluto lan duwé prakiran dhiamèter watara 2.400 km. Eris iku planit cilik gedhé dhéwé kang dikawruhi lan duwé satelit siji, Dysnomia.[61] Kayadéné Pluto, orbité duwé èksèntrisitas dhuwur, kanthi titik perihelion 38,2 SA (mèmper let Pluto menyang Srengéngé) lan titik aphelion 97,6 SA kanthi babagan èkliptika mbujur banget.

Laladan paling adoh[besut | besut sumber]

Titik papan Tata Surya pungkasan lan ruwang antar lintang wiwit ora persis kadhéfinisi. Watesan-watesan njaba iki dumadi saka loro gaya tekan kang kapisah: angin surya lan gravitasi Srengéngé. Watesan paling adoh prabawa angin surya kira-kira leté kaping papat let Pluto lan Srengéngé. Heliopause iki ingaran minangka titik awal médhium antar lintang. Nanging Bal Roche Srengéngé, let èfèktif prabawa gravitasi Srengéngé, diprakirakaké nyakup watara kaping sèwu luwih adoh.

Heliopause[besut | besut sumber]

Voyager ngleboni heliosheath

Heliopause dibagi dadi rong pérangan kapisah. Méga angin kang obah ing karikatan 400 km/dhetik nganti nabrak plasma saka médhium ruwang antarlintang. Tabrakan iki dumadi ing benturan tèrminasi kang kira kira ana ing 80-100 SA saka Srengéngé ing laladan lawan angin lan watara 200 SA saka Srengéngé ing laladan saarah jurusan angin. Banjur angin saya alon dramatis, saya mampet lan owah dadi kenceng, minangka struktur oval kang ditepungi minangka heliosheath, kanthi kelakuan mèmper kaya déné buntut komèt, saya ngulur metu adohé 40 SA ing pérangan arah lawan angin lan matikel-tikel luwih adoh ing sisih liyané. Voyager 1 lan Voyager 2 dilapuraké wis nembus benturan terminasi iki lan ngleboni heliosheath, ing let 94 lan 84 SA saka Srengéngé. Watesan njaba saka heliosfer, heliopause, iku titik papan angin surya mandheg lan ruwang antar lintang kawiwitan.

Wujud saka pucuk njaba heliosfer kamungkinan diprabawai saka dhinamika fluida saka interaksi médhium antarlintang lan uga médhan magnèt Srengéngé kang ngarah ing sisih kidul (saéngga mènèhi wujud bujel ing hemisfer lor kanthi let 9 SA, lan luwih adoh tinimbang hemisfer kidul. Saluwihé saka heliopause, ing let watara 230 SA, ana benturan busur, jaluran ombak plasma kang ditinggalaké Srengéngé sairing iderané mubeng ing Bimasekti.

Tekan saiki durung ana kapal njaba akasa kang ngliwati heliopause, saéngga oraa mungkin ngawruhi kondhisi ruwang antarlintang lokal kanthi mesthi. Diarepaké satelit NASA voyager bakal nembus heliopause ing watara dhékade ngarep lan ngirim manèh data tingkat radhiasi lan angin surya. Kanggo iku, sawijining tim kang dibiyayani NASA wis ngembangaké konsèp "Vision Mission" kang bakal kusus ngirimaké satelit panjajak menyang heliosfer.

Méga Oort[besut | besut sumber]

Artikel utama: Méga Oort
Gambaran sawijining artis ngenani Méga Oort

Sacara hipotèsa, Méga Oort iku sawijining massa mawa ukuran raseksa kang kapérang saka matrilyun-trilyun objèk ès, dipracaya wujud sumber komèt mawa périodha dawa. Méga iki nylubungi srengéngé ing let watara 50.000 SA (watara 1 taun cahya) tekan adohé 100.000 SA (1,87 taun cahya). Laladan iki dipracaya ngandhut komèt kang luwar saka pérangan njero Tata Surya amarga interaksi karo planit-planit pérangan njaba. Objèk Méga Oort obah alon banget lan bisa digoncangaké déning kaanan-kaanan langka kaya déné tabrakan, èfèk gravitasi saka liwaté lintang, utawa gaya pasang galaksi, gaya pasang kang disurung Bimasekti.[62][63]

Sedna[besut | besut sumber]

Foto teleskop Sedna

90377 Sedna (rata-rata 525,86 SA) iku sawijining barang semu abang mèmper Pluto kanthi orbit raseksa kang èliptis banget, watara 76 SA ing perihelion lan 928 SA ing aphelion lan duwé jangka orbit 12.050 taun. Mike Brown, panemu objèk iki nalika taun 2003, negesaké yèn Sedna ora wujud péranganing piringan kasebar utawa uga sabuk Kuiper amarga perihelioné adoh banget saka prabawa migrasi Neptunus. Dhèwèké lan sapérangan astronom liyané duwé pendhapat yèn Sedna iku objèk pisanan saka sawijining golongan anyar, kang mungkin uga nyakup 2000 CR105. Sawijining barang mawa titik perihelion ing 45 SA, aphelion ing 415 SA, lan duwé jangka orbit 3.420 taun. Brown njuluki golongan iki "Méga Oort pérangan njero", amarga mungkin dumadi liwat prosès kang mèmper, sanajan adoh luwih cedhak menyang Srengéngé. Kamungkinan gedhé Sedna iku sawijining planit cilik, sanajan wujud kabubunderané isih kudu ditemtokaké kanthi cetha.

Watesan-watesan[besut | besut sumber]

Cithakan:Deleng uga Akèh prakara saka Tata Suryané awaké dhéwé kang isih durung dikawruhi. Médhan gravitasi Srengéngé diprakirakaké ndhominasi gaya gravitasi lintang-lintang saubengé nganti adohé rong taun cahya (125.000 SA). Prakiran ngisor radhius Méga Oort, ing sisih liya, ora luwih gedhé saka 50.000 SA.[64] Sanajan Sedna wis tinemu, laladan antarané Sabuk Kuiper lan Méga Oort, sawijining laladan kang duwé radhius puluhan èwu SA, bisa ditélakaké durung dipetakaké. Saliyané iku, uga ana studi kang lagi lumaku, kang nyinaoni laladan antarané Merkurius lan Srengéngé.[65] Objèk-objèk anyar mungkin isih bakal tinemu ing laladan kang durung dipetakaké.

Dhimènsi[besut | besut sumber]

Pabandhingan sapérangan ukuran wigati planit-planit:

Karakteristik Merkurius Venus Bumi Mars Yupiter Saturnus Uranus Neptunus
Let orbit (yuta km) (SA) 57,91 (0,39) 108,21 (0,72) 149,60 (1,00) 227,94 (1,52) 778,41 (5,20) 1.426,72 (9,54) 2.870,97 (19,19) 4.498,25 (30,07)
Wektu ideran (taun) 0,24 (88 dina) 0,62 (224 dina) 1,00 1,88 11,86 29,45 84,02 164,79
Jangka rotasi 58,65 dina 243,02 dina 23 jam 56 menit 24 jam 37 menit 9 jam 55 menit 10 jam 47 menit 17 jam 14 menit 16 jam 7 menit
Èksèntrisitas ideran 0,206 0,007 0,017 0,093 0,048 0,054 0,047 0,009
Pojok inklinasi orbit (°) 7,00 3,39 0,00 1,85 1,31 2,48 0,77 1,77
Pojok inklinasi ékuator marang orbit (°) 0,00 177,36 23,45 25,19 3,12 26,73 97,86 29,58
Dhiamèter ékuator (km) 4.879 12.104 12.756 6.805 142.984 120.536 51.118 49.528
Massa (dibandhingaké Bumi) 0,06 0,81 1,00 0,15 317,8 95,2 14,5 17,1
Kapadhetan manengah (g/cm³) 5,43 5,24 5,52 3,93 1,33 0,69 1,27 1,64
Suhu lumahan
min.
manengah
maks.
-173 °C
+167 °C
+427 °C
+437 °C
+464 °C
+497 °C
-89 °C
+15 °C
+58 °C
-133 °C
-55 °C
+27 °C
-108 °C
-139 °C
-197 °C
-201 °C

Kontèks galaksi[besut | besut sumber]

Lokasi Tata Surya ing njero galaksi Bimasekti
Lukisan artis saka Gelembung Lokal

Tata Surya ana ing galaksi Bimasekti, sawijining galaksi spiral kang dhiamèteré watara 100.000 taun cahya lan duwé watara 200 milyar lintang.[66] Srengéngé manggon ing salah siji lengen spiral galaksi kang ingaran Lengen Orion.[67] Panggonan Srengéngé leté watara 25.000 lan 28.000 taun cahya saka punjer galaksi, kanthi karikatan orbit ngupengi punjer galaksi watara 2.200 kilomèter per dhetik.

Saben révolusiné duwé jangka 225-250 yuta taun. Wektu révolusi iki ditepungi minangka taun galaksi Tata Surya.[68] Apex Srengéngé, arah jalur Srengéngé ing ruwang semesta, cerak panggonané karo rasi lintang Herkules kaarah ing posisi akir lintang Vega.[69]

Panggonan Tata Surya ing njero galaksi duwé peran wigati sajeroning évolusi kauripan ing Bumi. Wangun orbit bumi iku mèmper bunderan kanthi karikatan mèh padha karo lengen spiral galaksi, mula bumi arang banget mbrobos jalur lengen. Lengen spiral galaksi duwé konsèntrasi supernova dhuwur kang duwé potènsi bebaya gedhé banget tumrap kauripan ing Bumi. Kaanan iki mènèhi Bumi jangka stabilitas kang dawa kang mungkinaké évolusi kauripan.[70]

Tata Surya manggon adoh saka laladan padhet lintang ing punjer galaksi. Ing laladan punjer, tarikan gravitasi lintang-lintang kang silih cerak bisa nggoyang barang-barang ing Méga Oort lan nembakaké komèt-komèt menyang pérangan njero Tata Surya. Iki bisa ngasilaké potènsi tabrakan kang ngrusak kauripan ing Bumi.

Intènsitas radhiasi saka punjer galaksi uga mangaruhi perkembangan wujud urip tingkat dhuwur. Sanajan mangkoko, para èlmuwan duwé hipotèsa yèn ing lokasi Tata Surya saiki iki supernova wis mangaruhi kauripan ing Bumi ing 35.000 taun pungkasan kanthi nguncalaké pecahan-pecahan inti lintang menyang Srengéngé sajeroning wujud lebu radhiasi utawa bahan kang luwih gedhé liyané, kaya déné manéka barang mèmper komèt.[71]

Laladan lingkungan saubengé[besut | besut sumber]

Lingkungan galaksi paling cedhak saka Tata Suryaiku sawijining papan kang diarani Méga Antarlintang Lokal (Local Interstellar Cloud, utawa Local Fluff), yaiku wewengkon kanthi méga kandel kang ditepungi kanthi aran Gelembung Lokal (Local Bubble), kang ana ing tengah-tengah wewengkon kang arang. Gelembung Lokal iki wanguné gronggongan mèmper jam gesik kang ana ing médhium antarlintang, lan mawa ukuran watara 300 taun cahya. Gelembung iki kebak sebaran plasma kanthi suhu dhuwur kang mungkin asalé saka sapérangan supernova kang durung suwé dumadi.[72]

Ing sajeroning let sepuluh taun cahya (95 triliun km) saka Srengéngé, gunggung lintang rélatif sithik. Lintang kang paling cerak yaiku sistem kembar telu Alpha Centauri, kang leté 4,4 taun cahya. Alpha Centauri A lan B wujud lintang gandha mèmper karo Srengéngé, éwadéné Centauri C iku cilik abang (ingaran uga Proxima Centauri) kang ngideri kembaran gandha pisanan ing let 0,2 taun cahya.

Lintang-lintang paling cerak sabanjuré yaiku sawijining cilik abang kang dijenengi Lintang Barnard (5,9 taun cahya), Wolf 359 (7,8 taun cahya) lan Lalande 21185 (8,3 taun cahya). Lintang gedhé dhéwé sajeroning let sepuluh taun cahya yaiku Sirius, sawijining lintang kinclong dikategoriaké 'urutan utama' kira-kira duwé massa kaping loroné massa Srengéngé, lan dikupengi déning sawijining cilik putih kanthi jeneng Sirius B. Kaloroné leté 8,6 taun cahya. Sisa sistem saluwihé kang ana ing njero let 10 taun cahyaiku sistem lintang gandha cilik abang Luyten 726-8 (8,7 taun cahya) lan sawijining cilik abang kanthi jeneng Ross 154 (9,7 taun cahya).[73]

Lintang tunggal paling cerak kang mèmper Srengéngé yaiku Tau Ceti, kang ana ing 11,9 taun cahya. Lintang iki kira-kira ukurané 80% bobot Srengéngé, nanging kakinclongané (luminositas) mung 60%.[74] Planit njaba Tata Surya paling cerak saka Srengéngé, kang dikawruhi tekan saiki yaiku ing lintang Epsilon Eridani, sawijining lintang kang luwih pudhar sithik lan luwih abang dibandhingaké Srengéngé. Panggoné watara 10,5 taun cahya. Planit lintang iki kang wis dipesthèkaké, kanthi jeneng Epsilon Eridani b, kurang luwih ukurané kaping 1,5 massa Yupiter lan ngupengi indhuk lintangé kanthi let 6,9 taun cahya.[75]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ Kapitalisasi istilah iki manéka. Persatuan Astronomi Internasional, badan kang ngurusi masalah panengeran astronomis, nyebutaké yèn kabèh objèk astronomi dikapitalisasi jenengé (Tata Surya). Nanging, istilah iki uga asring ditemoni sajeroning wangun huruf cilik (tata surya)
  2. ^ Delengen Pratélan satelit kanggo kabèh satelit alami saka wolu planit lan lima planit cilik.
  3. ^ Massa Tata Surya ora kalebu Srengéngé, Yupiter, lan Saturnus, bisa diétung kanthi nambahaké kabèh massa objèk gedhé dhéwé kang diétung lan migunakaké pangétungan kasar kanggo massa méga Oort (watara kaping 3 massa Bumi),,[76] sabuk Kuiper (watara kaping 0,1 massa Bumi)[55] lan sabuk asteroid (watara kaping 0,0005 massa Bumi)[39] kanthi total massa kaping ~37 massa Bumi, utawa 8,1 persèn massa ing orbit ing saubengé Srengéngé. Yèn dikurangi nganggo massa Uranus lan Neptunus (kaloroné kaping ~31 massa Bumi), sisané kaping ~6 massa Bumi wujud 1,3 persèn saka massa sakabèhané.
  4. ^ Astronom ngukur let ing njero Tata Surya kanthi ékan astronomi (SA). Siji SA leté watara let rata-rata Srengéngé lan Bumi, utawa 149.598.000 km. Pluto leté watara 38 SA saka Srengéngé, Yupiter 5,2 SA. Siji taun cahya iku 63.240 SA..

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Swedenborg, Emanuel. 1734, (Principia) Latin: Opera Philosophica et Mineralia (English: Philosophical and Mineralogical Works), (Principia, Volume 1)
  2. See, T. J. J. (1909). "The Past History of the Earth as Inferred from the Mode of Formation of the Solar System". Proceedings of the American Philosophical Society. 48: 119. Dibukak ing 2006-07-23.
  3. a b c M. M. Woolfson (1993). "The Solar System: Its Origin and Evolution". Journal of the Royal Astronomical Society. 34: 1–20. Dibukak ing 2008-04-16.
  4. Benjamin Crowell (1998–2006). "5". Conservation Laws. lightandmatter.com. Diarsip saka sing asli ing 2010-12-14. Dibukak ing 2012-07-11.{{cite book}}: CS1 maint: date format (link)
  5. M Woolfson (2000). "The origin and evolution of the solar system". Astronomy & Geophysics. 41: 1.12. doi:10.1046/j.1468-4004.2000.00012.x.
  6. nineplanets.org. "An Overview of the Solar System". Dibukak ing 2007-02-15.
  7. Amir Alexander (2006). "New Horizons Set to Launch on 9-Year Voyage to Pluto and the Kuiper Belt". The Planetary Society. Diarsip saka sing asli ing 2006-02-22. Dibukak ing 2006-11-08.
  8. a b c "The Final IAU Resolution on the definition of "planit" ready for voting". IAU. 2006-08-24. Diarsip saka sing asli ing 2009-01-07. Dibukak ing 2007-03-02.
  9. "Dwarf Planets and their Systems". Working Group for Planetary System Nomenclature (WGPSN). U.S. Geological Survey. 2008-11-07. Dibukak ing 2008-07-13.
  10. "Plutoid chosen as name for Solar System objects like Pluto". International Astronomical Union (News Release-IAU0804), Paris. 11 Juni 2008. Diarsip saka sing asli ing 2008-06-13. Dibukak ing 2008-06-11.
  11. Feaga, L (2007). "Asymmetries in the distribution of H2O and CO2 in the inner coma of Comet 9P/Tempel 1 as observed by Deep Impact". Icarus. 190: 345. Bibcode:2007Icar..190..345F. doi:10.1016/j.icarus.2007.04.009.
  12. Michael Zellik (2002). Astronomy: The Evolving Universe (édhisi ka-9th). Cambridge University Press. kc. 240. ISBN 0521800900. OCLC 223304585.
  13. Smart, R. L.; Carollo, D.; Lattanzi, M. G.; McLean, B.; Spagna, A. (2001). "The Second Guide Star Catalogue and Cool Stars". Perkins Observatory. Dibukak ing 2006-12-26.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  14. Nir J. Shaviv (2003). "Towards a Solution to the Early Faint Sun Paradox: A Lower Cosmic Ray Flux from a Stronger Solar Wind". Journal of Geophysical Research. 108: 1437. doi:10.1029/2003JA009997. Dibukak ing 2009-01-26.
  15. T. S. van Albada, Norman Baker (1973). "On the Two Oosterhoff Groups of Globular Clusters". Astrophysical Journal. 185: 477–498. doi:10.1086/152434.
  16. Charles H. Lineweaver (2001-03-09). "An Estimate of the Age Distribution of Terrestrial Planets in the Universe: Quantifying Metallicity as a Selection Effect". University of New South Wales. Dibukak ing 2006-07-23.
  17. "Solar Physics: The Solar Wind". Marshall Space Flight Center. 2006-07-16. Diarsip saka sing asli ing 2015-08-13. Dibukak ing 2006-10-03.
  18. Phillips, Tony (2001-02-15). "The Sun Does a Flip". Science@NASA. Diarsip saka sing asli ing 2009-05-12. Dibukak ing 2007-02-04.
  19. A Star with two North Poles Archived 2009-07-18 at the Wayback Machine., April 22, 2003, Science @ NASA
  20. Riley, Pete; Linker, J. A.; Mikić, Z., "Modeling the heliospheric current sheet: Solar cycle variations", (2002) Journal of Geophysical Research (Space Physics), Volume 107, Issue A7, pp. SSH 8-1, CiteID 1136, DOI 10.1029/2001JA000299. (Full text Archived 2009-08-14 at the Wayback Machine.)
  21. Cithakan:Cite science
  22. Langner, U. W.; M.S. Potgieter (2005). "Effects of the position of the solar wind termination shock and the heliopause on the heliospheric modulation of cosmic rays". Advances in Space Research. 35 (12): 2084–2090. doi:10.1016/j.asr.2004.12.005. Dibukak ing 2007-02-11.
  23. "Long-term Evolution of the Zodiacal Cloud". 1998. Diarsip saka sing asli ing 2013-05-01. Dibukak ing 2007-02-03.
  24. "ESA scientist discovers a way to shortlist stars that might have planets". ESA Science and Technology. 2003. Dibukak ing 2007-02-03.
  25. Landgraf, M.; Liou, J.-C.; Zook, H. A.; Grün, E. (May 2002). "Origins of Solar System Dust beyond Jupiter". The Astronomical Journal. 123 (5): 2857–2861. doi:10.1086/339704. Dibukak ing 2007-02-09.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  26. Schenk P., Melosh H.J. (1994), Lobate Thrust Scarps and the Thickness of Mercury's Lithosphere, Abstracts of the 25th Lunar and Planetary Science Conference, 1994LPI....25.1203S
  27. Bill Arnett (2006). "Mercury". The Nine Planets. Dibukak ing 2006-09-14.
  28. Benz, W., Slattery, W. L., Cameron, A. G. W. (1988), Collisional stripping of Mercury's mantle, Icarus, v. 74, p. 516–528.
  29. Cameron, A. G. W. (1985), The partial volatilization of Mercury, Icarus, v. 64, p. 285–294.
  30. Mark Alan Bullock (1997). "The Stability of Climate on Venus" (PDF). Southwest Research Institute. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2007-06-14. Dibukak ing 2006-12-26. {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung)
  31. Paul Rincon (1999). "Climate Change as a Regulator of Tectonics on Venus" (PDF). Johnson Space Center Houston, TX, Institute of Meteoritics, University of New Mexico, Albuquerque, NM. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2007-06-14. Dibukak ing 2006-11-19.
  32. Anne E. Egger, M.A./M.S. "Earth's Atmosphere: Composition and Structure". VisionLearning.com. Dibukak ing 2006-12-26.
  33. David Noever (2004). "Modern Martian Marvels: Volcanoes?". NASA Astrobiology Magazine. Dibukak ing 2006-07-23.
  34. Scott S. Sheppard, David Jewitt, and Jan Kleyna (2004). "A Survey for Outer Satellites of Mars: Limits to Completeness". The Astronomical Journal. Dibukak ing 2006-12-26.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  35. "Are Kuiper Belt Objects asteroids? Are large Kuiper Belt Objects planets?". Cornell University. Dibukak ing 2009-03-01.
  36. Petit, J.-M.; Morbidelli, A.; Chambers, J. (2001). "The Primordial Excitation and Clearing of the Asteroid Belt" (PDF). Icarus. 153: 338–347. doi:10.1006/icar.2001.6702. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2007-02-21. Dibukak ing 2007-03-22.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  37. "IAU Planit Definition Committee". International Astronomical Union. 2006. Diarsip saka sing asli ing 2009-06-03. Dibukak ing 2009-03-01.
  38. "New study reveals twice as many asteroids as previously believed". ESA. 2002. Dibukak ing 2006-06-23.
  39. a b Krasinsky, G. A.; Pitjeva, E. V.; Vasilyev, M. V.; Yagudina, E. I. (July 2002). "Hidden Mass in the Asteroid Belt". Icarus. 158 (1): 98–105. doi:10.1006/icar.2002.6837.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  40. Beech, M.; Duncan I. Steel (September 1995). "On the Definition of the Term Meteoroid". Quarterly Journal of the Royal Astronomical Society. 36 (3): 281–284. Dibukak ing 2006-08-31.
  41. "History and Discovery of Asteroids" (DOC). NASA. Dibukak ing 2006-08-29.
  42. Phil Berardelli (2006). "Main-Belt Comets May Have Been Source Of Earths Water". SpaceDaily. Dibukak ing 2006-06-23.
  43. Jack J. Lissauer, David J. Stevenson (2006). "Formation of Giant Planets" (PDF). NASA Ames Research Center; California Institute of Technology. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-03-26. Dibukak ing 2006-01-16.
  44. Pappalardo, R T (1999). "Geology of the Icy Galilean Satellites: A Framework for Compositional Studies". Brown University. Diarsip saka sing asli ing 2008-02-12. Dibukak ing 2006-01-16.
  45. J. S. Kargel (1994). "Cryovolcanism on the icy satellites". U.S. Geological Survey. Diarsip saka sing asli ing 2013-10-31. Dibukak ing 2006-01-16.
  46. Hawksett, David; Longstaff, Alan; Cooper, Keith; Clark, Stuart (2005). "10 Mysteries of the Solar System". Astronomy Now. Dibukak ing 2006-01-16.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  47. Podolak, M.; Reynolds, R. T.; Young, R. (1990). "Post Voyager comparisons of the interiors of Uranus and Neptune". NASA, Ames Research Center. Dibukak ing 2006-01-16.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  48. Duxbury, N.S., Brown, R.H. (1995). "The Plausibility of Boiling Geysers on Triton". Beacon eSpace. Diarsip saka sing asli ing 2009-04-26. Dibukak ing 2006-01-16.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  49. Sekanina, Zdenek (2001). "Kreutz sungrazers: the ultimate case of cometary fragmentation and disintegration?". Publications of the Astronomical Institute of the Academy of Sciences of the Czech Republic. 89 p.78–93.
  50. Królikowska, M. (2001). "A study of the original orbits of hyperbolic comets". Astronomy & Astrophysics. 376 (1): 316–324. doi:10.1051/0004-6361:20010945. Dibukak ing 2007-01-02.
  51. Fred L. Whipple (April 1992). "The activities of comets related to their aging and origin". Diarsip saka sing asli ing 2012-05-24. Dibukak ing 2006-12-26.
  52. John Stansberry, Will Grundy, Mike Brown, Dale Cruikshank, John Spencer, David Trilling, Jean-Luc Margot (2007). "Physical Properties of Kuiper Belt and Centaur Objects: Constraints from Spitzer Space Telescope". Dibukak ing 2008-09-21.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  53. Patrick Vanouplines (1995). "Chiron biography". Vrije Universitiet Brussel. Dibukak ing 2006-06-23.
  54. "List Of Centaurs and Scattered-Disk Objects". IAU: Minor Planit Center. Dibukak ing 2007-04-02.
  55. a b Audrey Delsanti and David Jewitt (2006). "The Solar System Beyond The Planets" (PDF). Institute for Astronomy, University of Hawaii. Diarsip (PDF) saka asliné ing 2006-05-25. Dibukak ing 2007-01-03.
  56. M. W. Buie, R. L. Millis, L. H. Wasserman, J. L. Elliot, S. D. Kern, K. B. Clancy, E. I. Chiang, A. B. Jordan, K. J. Meech, R. M. Wagner, D. E. Trilling (2005). "Procedures, Resources and Selected Results of the Deep Ecliptic Survey". Lowell Observatory, University of Pennsylvania, Large Binocular Telescope Observatory, Massachusetts Institute of Technology, University of Hawaii, University of California at Berkeley. Diarsip saka sing asli ing 2012-01-18. Dibukak ing 2006-09-07.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  57. E. Dotto1, M.A. Barucci2, and M. Fulchignoni (2006-08-24). "Beyond Neptune, the new frontier of the Solar System" (PDF). Dibukak ing 2006-12-26.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  58. Cithakan:Cite science
  59. Marc W. Buie (2008-04-05). "Orbit Fit and Astrometric record for 136472". SwRI (Space Science Department). Dibukak ing 2008-07-13.
  60. David Jewitt (2005). "The 1000 km Scale KBOs". University of Hawaii. Diarsip saka asliné ing 2002-12-15. Dibukak ing 2006-07-16.
  61. Mike Brown (2005). "The discovery of 2003 UB313 Eris, the 10th planit largest known dwarf planit". CalTech. Dibukak ing 2006-09-15.
  62. Stern SA, Weissman PR. (2001). "Rapid collisional evolution of comets during the formation of the Oort cloud". Space Studies Department, Southwest Research Institute, Boulder, Colorado. Dibukak ing 2006-11-19.
  63. Bill Arnett (2006). "The Kuiper Belt and the Oort Cloud". nineplanets.org. Dibukak ing 2006-06-23.
  64. T. Encrenaz, JP. Bibring, M. Blanc, MA. Barucci, F. Roques, PH. Zarka (2004). The Solar System: Third edition. Springer. kc. 1.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  65. Durda D.D.; Stern S.A.; Colwell W.B.; Parker J.W.; Levison H.F.; Hassler D.M. (2004). "A New Observational Search for Vulcanoids in SOHO/LASCO Coronagraph Images". Dibukak ing 2006-07-23.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  66. A.D. Dolgov (2003). "Magnetic fields in cosmology". Dibukak ing 2006-07-23.
  67. R. Drimmel, D. N. Spergel (2001). "Three Dimensional Structure of the Milky Way Disk". Dibukak ing 2006-07-23.
  68. Leong, Stacy (2002). "Period of the Sun's Orbit around the Galaxy (Cosmic Year". The Physics Factbook. Dibukak ing 2007-04-02.
  69. C. Barbieri (2003). "Elementi di Astronomia e Astrofisica per il Corso di Ingegneria Aerospaziale V settimana". IdealStars.com. Diarsip saka sing asli ing 2005-05-14. Dibukak ing 2007-02-12.
  70. Leslie Mullen (2001). "Galactic Habitable Zones". Astrobiology Magazine. Dibukak ing 2006-06-23.
  71. "Supernova Explosion May Have Caused Mammoth Extinction". Physorg.com. 2005. Dibukak ing 2007-02-02.
  72. "Near-Earth Supernovas". NASA. Diarsip saka sing asli ing 2010-03-13. Dibukak ing 2006-07-23.
  73. "Stars within 10 light years". SolStation. Dibukak ing 2007-04-02.
  74. "Tau Ceti". SolStation. Dibukak ing 2007-04-02.
  75. "HUBBLE ZEROES IN ON NEAREST KNOWN EXOPLANET". Hubblesite. 2006. Dibukak ing 2008-01-13.
  76. Alessandro Morbidelli (2006). "Origin and dynamical evolution of comets and their reservoirs". CNRS, Observatoire de la Côte d’Azur. Dibukak ing 2007-08-03.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Pranala jaba[besut | besut sumber]


Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.