Momèntum
Jroning èlmu fisika, momèntum iku sawijining besaran sing magepokan karo kacepetan lan massa sawijining barang.[1]
Bab lan Paragraf |
Momèntum jroning mékanika klasik [sunting]
Ing mékanika klasik, momèntum (dilambangaké P) didhéfinisi minangka asil ping-pingan antarané massa karo kacepatan, saéngga ngasilaké vektor.[2]
Momèntum sawijining barang (P) sing nduwèni massa m lan obah kanthi kacepetan v didhéfinisi minangka [2]::
Massa arupa besaran skalar, déné kacepetan arupa besaran vektor.[2] Asil ping-pingan antara besaran skalar karo besaran vektor bakal ngasilaké besaran vektor.[2] Dadi, momèntum iku arupa besaran vektor.[2]
Hukum Kekekalan Momèntum [sunting]
Padha karo ènèrgi, jroning kondhisi tinamtu, momèntum sawijining sistem bakal kekal (abadi) utawa ora owah.[2]Kanggo njlèntrèhaké bab iki dipigunakaké konsép Pusat Massa.[2] Umpamané yèn ana sawijining sistem sing dumadi saka sawetara barang kanthi massa
obah kanthi kacepetan saben barang
, mula kacepetan pusat massa sistem kasebut ya iku[2] :
Lan yèn sistem kasebut obah kanthi dicepetaké kanthi percepatan saben barang
, mula percepatan pusat massa sistem kasebut ya iku [2]:
Saiki yèn barang-barang kasebut diwènèhi gaya
, mula saben barang kasebut nduwèni percepatan[2] :
Saéngg percepatan pusat massa sistem bisa dinyatakaké minangka[2] :
Notasi
minangka notasi sing nyatakaké résultan gaya sing ana ing sistem kasebut.[2] Yèn résultan gaya sing ana ing sistem ajiné nul (
), mula sistem kasebut ora dicepetaké (
).[2] Yèn sistem ora dicepetaké, tegesé sistem kasebut kacepetan pusat massa sistem konstan (
). Dadi bisa disimpulaké yèn [2]:
Notasi ing dhuwur minangka notasi saka hukum kakekalan momėntum.[2] Dadi total momėntum sawijining sistem tansah kekal mung yèn résultan gaya sing ana ing sistem kaebut ajinė nul.[2]
Pranala njaba [sunting]
- (id) Impuls dan momentum





