Kacepetan
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kacepetan (simbol: v) utawa velositas kuwi pangukuran vektor saka gedhé lan arah gerakan. Nilai absolut skalar(magnitudo) saka kacepetan disebut laju (basa Inggris: speed). Kacepetan dinyatakaké nganggo jarak kang ditempuh per satuan wektu.
Rumus kacepetan kang paling prasaja yakuwi "Kacepetan = Perpindahan/Wektu" utawa v = s/t. Awit saka kuwi, satuan SI kacepetan yakuwi m/s lan minangka sawijining besaran turunan. Sawetara satuan kacepetan liyané antara liya:
- km/jam utawa km/h
- mil/jam utawa mph
- knot
- Mach kang dijupuk saka kacepetan swara. Mach 1 yakuwi kacepetan swara.
Owah-owahan kacepetan saben satuan wektu dikenal minangka percepatan utawa akselerasi.