Werner Heisenberg

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Werner Heisenberg

Werner Karl Heisenberg (lair ing Würzburg, Jerman, 5 Desember 1901 – tilar donya ing München, Jerman, 1 Februari 1976 kanthi umur74 taun) inggih punika salah satunggaling ahli teori sub-atom saking Jerman, pemenang Penghargaan Nobel nidang Fisika taun 1932.[1]

Taun-taun wiwitan[sunting | sunting sumber]

Taun-taun sekolah lanjutan Werner Heisenberg mandheg déning Perang Dunia I, nalika piyambakipun kapeksa ninggalaken sekloha saperlu mbiyantu mendheti kasiling panén ing Negara Bagian Jerman (Bayern). Kondur dhateng München sabibaripun perang, piyambakipun purun kanthi ikhlas dados kurir kanggé angkatan sosialis demokrat ingkang perang ngusir pamaréntahan komunis ingkang sampun mendhet kendhali wonten ing Bayern. Piyambakipun ndherek wonten ing salebeting kelompok pamuda ingkang nyobi mbangun malih masyarakat Jerman saking awu Perang Dunia I, kalebet "Pramuka Énggal" ingkang kepéngén pagesangan Jerman lumantar pengalaman langsung dhateng alam, geguritan romantis, musik, lan pamikiran.[2]

Proyek bom atom Nazi[sunting | sunting sumber]

Éwadéné wonten perkawis kaliyan pamaréntah Nazi, Heisenberg dipunkeparengaken dumunung wonten ing Jerman, déné loyal dhateng Nazi. Sabibaripunfifi nuklir kapanggihaken wonten ing Jerman nalika taun 1939, Heisenberg mlebet ing program tenaga nuklir ing sangandhapipun Profesor Walther Bothe. Program punika ngrembakakaken satunggal saking senjata nuklir Jerman.

Tugas Heisenberg inggih punika nyiptakaken reaksi fisi ingkang "bertahan" lan nyiptakaken reaktor pembiakan plutonium wonten ing Hechingen. Ing sanés papan Profesor Kurt Diebner lan Dr Paul Harteck, sejawatipun mimpin proyék bom atom tandhingan. Damel pengayaan uranium lan bom atom ingkang migunakaken uranium.[3]

Ing mriki kontroversial medal. Heinsenberg dipunanggap salah ngétang massa kritikal uranium ingkang dipunbetahaken satunggaling bom atom. Kalepatan punika ingkang dipunanggep minangka salah satunggaling faktor gagalipun proyek bom atom Jerman. Cariyosipun, nalika Heisenberg mireng kabar pengeboman Hiroshima, piyambakipun nganggep bab punika minangka taktik propaganda Sekutu kemawon. Déné wonten ing Jepang, Akio Morita, pendiri Sony ugi naté ngétang bom atom punika nalika tugas wonten ing panalitén pengembangan persenjataan Angkatan Laut Jepang (Kaigun), Morita piyambak ngendikakaken bilih Jepang prelu 20 taun kanggé damel punika.

Heisenberg piyambak naté ngrembag program pendamelan bom atom kaliyan Niels Bohr. Ananging pirembagan punika boten naté tuntas amargi Bohr lajeng dhateng Amerika Serikat sabibaripun lolos saking tahanan polisi Jerman. Lajeng Amerika Serikat ngrekut Bohr wonten ing Proyek Manhattan.

Ing mriki lajeng medal spekulasi sanés ingkang nedahaken bilih Heisenberg sajatosipun mangertosi kathah babagan sedaya teori atom, piyambakipun sengaja nggagalkan proyek nuklir Jerman adedasar alasan moral. Mendel-mendel, menteri persenjataan Albert Speer nyengkuyung langkah punika, ingkang lajeng wonten friksi ing Nazi.

Pascaperang[sunting | sunting sumber]

Ing pungkasan perang, Heisenberg dipuntangkep Sekutu lan dipuntahan wonten ing Inggris sadangu 6 wulan. Piyambakipun dipunbebasaken lan kondur dhateng Jerman nalika piyambakipun ndhirikaken malih Institut Kaiser Wilhelm kanggé Fisika, ananging maringi nama malih Institut Max Planck, saperlu maringi pakurmatan dhumateng kancanipun.

Heisenberg maringi kuliah ing kathah negara pasca Perang Dunia II kalebet ing Inggris, Amerika Serikat lan Skotlandia, sadéréngipun pindhah dhateng München saperlu makarya ing Institut Max Planck untuk Fisika. Nalika taun 1955-1956 Heisenberg maringi kuliah Gifford ing St. Andrews University lan nyerat buku Physik und Philosophie.[4]

Nalika taun 1957, Heisenberg kaliyan Otto Hahn, Max Laue, Carl Friedrich von Weizsacker lan Max Born "merumuskan" lan "menandatangani" protes nglawan pengerahan senjata nuklir déning Angkatan Bersenjata Jerman lan ing sedaya negara ing donya. Rumusan punika dipunkenal minangka Gottingen Declaration of the German Nuclear Physicist.

Piyambakipun nyepeng kathah kadudukan administratif ing Jerman Barat lan makili negaraipun wonten ing pertempuran internasional. Piyambakipun ngaso nalika taun 1970, lan séda ing taun 1976 nilaraken garwa ingkang taksih 39 taun kaliyan 7 putra.

Nalika wulan Pebruari 2002, cariyos babagan Heisenberg medal malih sabibaripun satunggaling tiyang manggihaken serat saking Niels Bohr ingkang boten kakirim. Serat punika ingkang dados dhasar jurnalis Robert Junk wonten ing seratanipun Brighter than a Thousand Suns kanggé nggambaraken Heisenberg minangka pahlawan. Piyambakipun dipunanggep minangka pahlawan amargi sampun ngupaya nyesataken proyek Jerman piyambak, adedasar alesan moral.

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Werner Heisenberg ing Wikimedia Commons.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Werner_Heisenberg&oldid=836203"