Max Born
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Max Born (Breslau, 11 Desember 1882 – Göttingen, 5 Januari 1970) iku sawijining fisikawan lan matématikawan Jerman sing pangaribawané gedhé ing widhang mékanika quantum. Dhèwèké uga mènèhi sumbangsih gedhé ing ngèlmu fisika padhet, optika lan uga mimpin sawetara fisikawan wigati ing dasawarsa 1920-an lan 1930-an. Ing taun 1954, Max Born uga menang Bebungah Nobel Fisika ing taun 1954 (karo Walther Bothe).