Siomay
| Siomay | |||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Siomai ala Kanton | |||||||||||
| Chinese name | |||||||||||
| Traditional Chinese: | 燒賣 | ||||||||||
| Simplified Chinese: | 烧卖 | ||||||||||
|
|||||||||||
| Jeneng Vietnam | |||||||||||
| Vietnamese: | síu mại | ||||||||||
Siomai utawa siomay kalebu salah siji jinis dim sum.[1] Ing basa Mandarin, siomai diarani shaomai.[1] Ing basa Kanton siomai diarani siu maai.[1] Ing dialek Beijing, siomai diarani shaomai lan ditulis 燒麥.[1] Kulit siomai méh padha kaya kulit pangsit.[1] Siomai asalé saka Mongolia dalam.[1] Ing resep masakan Cina, siomai yaiku daging babi kang diiris lan dibungkus kulit tipis. [1]Kulit tipis iki digawé saka glepung utawa trigu. [1]Siomai uga digawé saka urang, daging pithing utawa daging sapi. [1]Siomai digawé kanthi bentuk silinder lan diwénéhi hiasan kayata endhog, pithing, parutan wortel utawa kacang polong.[1] Sawisé iku siomai banjur dikukus.[1] Siomai bisa dipangan nganggo cuka utawa kécap asin.[1]
Ing Indonésia ana werna bentuk lan isi siomai.[2]Wiwit saka siomai iwak tenggiri, daging pitik, urang, pithing, utawa campuran daging pitik lan urang.[2] Bahan kang kanggo ngisi dicampur karo trigu utawa tapioka.[2] Siomai uga ora dibungkus kulit kang digawé saka glepung utawa trigu.[2] Endhog pitik lan sayuran kayata kentang, peria, lan kul kanthi isi utawa tanpa isi disuguhaké ing piring bareng karo siomai.[2] Tahu bakso utawa tahu isi uga kalebu jinisé siomai.[2] Siomai utawa siomai Bandung disuguhaké sawisé diwénéhi saos kacang.[2] Saos kacang iki digawé saka kacang brol kang dialuské nganggo banyu.[2] Bumbu saos kacang yaiku lombok, gula pasir,bawang, uyah, lan cuka utawa jeruk limau. Nalika disuguhaké, siomai diwénéhi tambahan kécap legi, sambel botolan, utawa saos tomat.[2]
Chatetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.