Mongolia
|
Монгол Улс
Mongol Uls |
||||
|---|---|---|---|---|
|
|
||||
| Motto: — | ||||
| Lagu kabangsan: Bügd Nairamdakh Mongol |
||||
| Ibu kutha (lan kutha paling gedhé) |
Ulan Bator | |||
| Basa resmi | Mongol | |||
| Pamaréntahan | Sistem parlemèntèr | |||
| - | Presidhèn Perdhana Mentri |
Nambaryn Enkhbayar Sanjaagiin Bayar |
||
| Kamardikan | ||||
| - | - Dhéklarasi | 11 Juli 1921 |
||
| Jembar | ||||
| - | Total | 1,564,116 km2 (19) | ||
| - | Banyu (%) | 0,6% | ||
| Pedunung | ||||
| - | Kira-kira 2006 | 2.832.224 (134) | ||
| - | Sensus - | - | ||
| - | Kapadhetan | 1/km2 (193) | ||
| PDB (KKB) | Kira-kira 2005 | |||
| - | Total | US$4,83 miliar (151) | ||
| - | Per kapita | US$1.918 (148) | ||
| Valuta | Tugrug (MNT) |
|||
| Zona wektu | (UTC+7) | |||
| - | Musim panas (DST) | (UTC+8) | ||
| Domain internet | .mn | |||
| Kodhe tilpun | 976 | |||
Mongolia (basa Mongol: Монгол Улс) kuwi sawijining negara sing kakurung dharatan ing Asia Wétan, wewatesan karo Rusia ing sisih lor lan Tiongkok ing sisih kidul. Mongolia minangka pusat Kakaisaran Mongol ing abad kaping-13, ananging dikuwasai déning Dinasti Qing wiwit pungkasan abad kaping-17 nganti sawijining pamaréntah mardika kawangun kanthi bantuan Uni Soviet ing taun 1921. Sawisé karuntuhan Uni Soviet, Mongolia nganut aliran dhémokrasi. Kanthi jembar wilayah sing padha karo Alaska, sebagéyan gedhé wilayah Mongolia nduwèni lemah sing gersang: racaké wilayah arupa ara-ara suket, kanthi pagunungan ing bagéyan kulon lan lor lan Gurun Gobi ing sisih kidul. Mayoritas pedunung saka ètnis Mongol sing nganut agama Buddha Tibet kanthi cara kauripan nomad.
[sunting] Provinsi
Mongolia kapérang jroning 21 provinsi (aymguud; dicekak aimag utawa aymag) lan 1 kuthamadya (hot) satingkat provinsi.
- Arhangay
- Bayan-Ölgiy
- Bayanhongor
- Bulgan
- Darhan-Uul
- Dornod
- Dornogovĭ
- Dundgovĭ
- Govĭ-Altay
- Govĭsümber
- Hentiy
- Hovd
- Hövsgöl
- Ömnögovĭ
- Orhon
- Övörhangay
- Selenge
- Sühbaatar
- Töv
- Ulaanbaatar (munisipalitas)
- Uvs
- Zavhan
[sunting] Pranala jaba
Pirsani pandhuan wisata Mongolia ing Wikitravel
- (en) Situs resmi
- (en) Situs resmi pariwisata
- (en) Mongoluls.Net
- (en) Mongolia Development Gateway
- (en) Bendera dan lambang Mongolia
|
|||||