Uzbekistan
|
O‘zbekiston Respublikasi
O‘zbekiston Jumhuriyati |
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
|
||||||
| Motto: — | ||||||
| Lagu kabangsan: O`zbekiston Respublikasining Davlat Madhiyasi | ||||||
| Ibu kutha and largest city |
Tashkent | |||||
| Basa resmi | Uzbek | |||||
| Government | Republik | |||||
| Kamardikan | ||||||
| - | Banyu (%) | 4,9% | ||||
| Population | ||||||
| - | 2005 estimate | 26.851.195 (42) | ||||
| - | - census | - | ||||
| PDB (KKB) | 2005 estimate | |||||
| - | Total | AS$45,75 miliar (74) | ||||
| - | Per capita | AS$1.766 (154) | ||||
| Valuta | Som (UZS) |
|||||
| Zona wektu | (UTC+5) | |||||
| - | Summer (DST) | (UTC+5) | ||||
| Kodhe tilpun | 998 | |||||
| Internet TLD | .uz | |||||
Republik Usbekistan (kadhangkala diéja Uzbekstan utawa Ozbekistan), jeneng resminé Republik Uzbekistan (basa Uzbek: O‘zbekiston Respublikasi utawa O‘zbekiston Jumhuriyati; Sirilik: Ўзбекистон Республикаси; basa Rusia: Республика Узбекистан), kuwi negara ing Asia Tengah, sing sadurungé minangka bagéyan saka Uni Soviet. Negara kanthi wilayah sing kakurung dharatan iki wewatesan karo Kazakhstan ing sisih kulon lan lor; Kirgizstan lan Tajikistan ing sisih wétan; lan Afganistan lan Turkmenistan ing sisih kidul. Basa resmi siji-sijiné yakuwi basa Uzbek, sawijining basa Turkik, ananging basa Rusia tetep dipigunakaké, sisa paninggalan pamaréntahan Soviet. Watara 1 yuta suku Tajik, sawijining klompok etnis sing isih sak rumpun karo bangsa Persia, manggon ing negara iki,[1] lan minangka 4,8% saka pedunungé.[2] Tembung Ozbek kawangun saka oz ("sajati/asli") lan bek ("pemimpin/bangsawan"), saéngga "Ozbek" maknané "bangsawan" utawa "pamimpin sajati".
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Wilayah Uzbekistan wis dipanggoni wiwit milennium kaloro SM. Ana temon-temon piranti purba manungsa sarta monumen-monumen ing dhaérah Ferghana, Tashkent, Bukhara, Khorezm (Khwarezm, Khorasmia) lan Samarkand.
Alexander Agung naklukaké Sogdiana lan Baktria ing taun 327 SM, anggarwa Roxana, anak ketua suku Baktria. Nanging, panaklukan iki ora nulung Alexander amarga rakyat tetep nglawan, saéngga tentara Alexander pungkasané kalah ing tlatah iki.
Jroning maabad-abad wilayah Uzbekistan diprintah déning Kakaisaran Iran, kayadéné Kakaisaran Parthia lan Sassanian.
Delengen uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
Pirsani pandhuan wisata Uzbekistan ing Wikivoyage
- (en) Portal resmi
- (en) Perhimpunan untuk Demokrasi di Uzbekistan
- (en) Muslim Uzbekistan
- (en) Profil Uzbekistan di situs CIA
Cathetan suku [sunting]
|
|||||
|
|||||
