Suku Mongol
| Mongol |
|---|
| Gunggung populasi |
|
10 juta (perkiraan) |
| Kawasan kanthi gunggung pedunung sing signifikan |
Cithakan:Bendera russia (0,5 juta) |
| Basa |
| Bahasa Mongol |
| Agama |
| Mayoritas Buddhisme Tibet dengan Shamanisme. Sebagian kecil Muslim, Kristen dan Ateis. |
Suku Mongol (Basa Mongol;
; Hanzi: 蒙古族, hanyu pinyin: mengguzu;) iku salah siji suku saka limang suku kang gedhe ing Republik Rakyat Cina. Suku iki uga diarani Mongolia. Ing donya iki ana kurang luwih 8,5 yuta wong suku Mongol.
Suku Mongol, iku suku minoritas nomer 9 paling gedhe ing Cina, sawise Suku Han, Suku Zhuang, Suku Manchu, Suku Hui, Suku Miao lan Suku Uighur, Suku Tujia, lan Suku Yi.[1] Suku Mongol akeh kang urip ing Cina Lor ing Panggon Otonomi Inner Mongolia, sisane ing Lianing, Jilin, Heilongjiang, Xinjiang, Qinghai, Gansu, Ningxia, Hebei, Henan, Sichuan, Yunnan lan Beijing.[1]
Suku iki nduweni basa dhewe lan aksara dhewe. Basa kang digunakake iku basa Mongolia saka basa Altai. Basa Mongolia nduweni telung dialek yaiku: Inner Mongolia, Barag-Buryat lan Uirad. Ana Script Suku Mongolia kang digawe nalika abad-13 miturut naskah kuna Huihu lan Uighur.[1]
Suku Mongol kang urip ing papan suket kang dawa, banjur wong suku mongol akeh kang dadi tukang ngingu kewan, saliyane iku uga dadi tani. Nalika abad ka-16 suku Mongol percaya marang Shamanisme nanging ngalih dadi Lamaism nalika Dinasti Yuan.[2]
Cathetan sikil [sunting]
|
|||||