Tomat
| Tomat | |
|---|---|
| Tomat ingkang sampun mateng | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiosperms |
| (unranked): | Eudicots |
| ordo: | Solanales |
| kulawarga: | Solanaceae |
| Genus: | Solanum |
| Species: | S. lycopersicum |
| Jeneng binomial | |
| Solanum lycopersicum L. |
|
| Sinonim | |
|
Lycopersicon lycopersicum |
|
Tomat inggih menika taneman kanthi woh ingkang kathah nutrisi nipun, menawi saged dipunwastani sayuran utawi jangan-janganan. [1]
| Klasifikasi | |
|---|---|
| Genus | Lycopersicon[2] |
| Familia | Lycopersicon[3] |
| Spesies | Solanum lycopersicum L[3] |
Tomat saking wilayah Amerika ingkang iklimipun tropis. [3] Tomat dipuntanem dados tanduran buah wonten ing ladang, latar, utawi liar wonten ketinggian 1-1600 m wonten samandhapipun permukaan laut. [3] Tanduran menika boten tahan kaliyan jawah, srengéngé banter, sarta ngremeni siti ingkang gembur saha subur. [3]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Anatomi Tomat
Batangipun tomat menjalar saha lemes, boten tegap kados tetanduran sanés.[3] Dhuwuripun 0,5 ngantos 2,5 meter, cabangipun kathah, berambut, saha ambetipun kiyat. [3] Batangipun bunder, kandhel wonten ing buku-bukunipun.[3] Godhongipun majemuk menyirip, panggénanipun selang-seling, bentukipun bunder tigan ngantos memanjang, pucukipun landhep, helaian godhong ingkang ageng sisihipun berlekuk, ingkang helaianipun langkung alit sisihipun bergerigi, panjangipun 10 ngantos 40 cm, werninipun ijem anom. [3] Sekar majemuk, makempal wonten ing rangkaian kados tandan, bertangkai, mahkota wujudipun lintang, werninipun jené. [3] Wijinipun kathah, pipih, saha werninipun jené radi soklat. [3]
[sunting] Jinisipun Tomat
Buah tomat ingkang limrah wonten ing pasaran wujudipun bunder. [3] Ingkang ukuranipun ageng, dagingipun kandel, wijinipun sakedhik, saha werninipun abrit dipunwastani tomat buah. [3] Ingkang ukuranipun langkung alit dipunwastani tomat sayur amargi dipunginaaken wonten ing masakan. [3] Ingkang alit-alit kados kelèrèng dipunwastani tomat ceri saha dipunginaaken kanggé campuran damel sambel. [3]
Kathah sanget varietas saking tanduran tomat. [1] Ingkang langkung kathah dipunproduksi inggih menika tomat abrit, ananging wonten ugi tanduran tomat ingkang dipunproduksi sanésipun abrit, tuladhanipun tomat jené, oranye, pink, wungu, ijem, saha tomat pethak. [1]
[sunting] Manfaat Tomat
Tomat nggadhahi Vitamin A saha Vitamin C ingkang inggil. [1] Para ilmuwan saking University of Illinois nemokaken menawi tomat saged dipunginaaken kanggé nyegah saha ngirangi risiko kanker prostat. [4] Pigmen karotenoid wonten ing lebetipun tomat nyegah sel kanker saged tahan. [4] Saged ugi dipunginaaken kanggé penyakit Bronkhitis, asma, radang usus buntu, lsp. [3]
Ing lebetipun tomat ugi wonten Lycopene.[1] Lycopene inggih menika antioksidan ingkang nangkal radikal bébas ingkang saged ganggu pertumbuhan sél secara normal.[1] Kasil ingkang langkng saé saking lycopene saged dipuntemokaken wonten ing produk-produk saking tomat, kadosta saos tomat. [1]
[sunting] Budidaya Tomat
- Persemaian
Bibit tomat ingkang badhé dipuntanem dipunangsal kaliyan nyemai winih tomat. [5] panggénan kanggé persemaian langkung saé dipunparingi tutup plastik bening ngantos winihipun berkecambah. [5]
- Persiapan lahan
Siti dipunpacul saha dipunresiki saking ama, lajeng siti dipunalusaken saha dirataaken. [5] Lajeng dipundamel bédéngan kanthi ambanipun 1,00 - 1,20 cm déné panjangipun sesuai kaliyan kondisi lahan saha dhuwuripun bédéngan 20 - 40 cm kanggé lahan kering nanging kanggé lahan ingkang basah dipundamel dhuwur 50 - 60 cm. [5]
- Pananduran
Sadéréngipun dipuntandur, lebetaken pupuk kandang utawi kompos kaliyan dosis 10-15 ton/Ha saha pupuk SP-36 200-250 Kg/Ha, lajeng bolongan dipuntutup nganggé siti.[5]
- Pemupukan
Pupuk kompos utawi pupuk kandang saha pupuk SP-36 dipunparingaken sadérengipun mangsa tandur. [5] Déné pupuk uréa saha KCl langkung saé dipunparingaken kaping 2, inggih menika saksampunipun tanduran tukhul saha umuripun 1 wulan. [5]
- Pemeliharaan Tanduran
Menawi boten jawah, kedah dipunsirami. [5] Penyiangan saha pembumbungan dipunlampahaken sesarengan kaliyan pemupukan ingkang kaping kalih, inggih menika 4 minggu saksampunipun tandur. [5]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e f g tomato.org (dipunundhuh tanggal 25 Maret 2011)
- ↑ dictionary.references.com (Dipununduh tanggal 29 Maret 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p iptek.net.id (Dipunundhuh tanggal 25 Maret 2011)
- ↑ a b vivanews.com (dipunundhuh tanggal 25 Maret 2011)
- ↑ a b c d e f g h i jakarta.litbang.deptan.go.id (dipunundhuh tanggal 25 Maret 2011)