Genus
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Genus utawa marga iku salah sawijining wangun panglompokan ing klasifikasi makluk urip. Anggota-anggota genus duwé pepadhan morfologi lan kekerabatan sing cerak. Ing sistem tatajeneng binomial, jeneng sawijining spesies makluk urip kapérang saka rong tembung: jeneng genusé (diwiwiti kanthi huruf kapital) lan jeneng panunjuk spesiesé. Contoné, Homo sapiens, jeneng ilmiah kanggo spesies menungsa modhérn, nandhaaké menawa menungsa modhérn kagolong ing genus Homo.