Rabuk
Rabuk utawa abuk ing basa Indonésia diarani pupuk yaiku salah sijiné material kang ditambahake ing media tanam utawa tanduran kanggo nyukupi kabutuhan ungsur hara kang diperlukake ing tetanduran sahingga bisa ndadekake tanturan bisa urip kanthi subur. Material rabuk uga bisa arubah wujud dadi bahan organik utawa non-organik (mineral). Rabuk ngandud bahan utama kang diperlukake ing tethanduran lan kanggo uripé , kayata hormon tanduran mbiyantu lan ngelancarake proses metabolisme.Khususé ing rabuk gawean bisa uga ditambahake bahan liyane kanggo material suplemen
Sakjroning ngerabuk kudhu dipastekake ukuran lan kabutuhan tanduran lan ora akeh zat kang dipangan. Akeh sitiké zat ing rabuk bisa uga mbebayani ing tanduran.Rabuk uga bisa dirabukake ing lemah utawa disemprotake ing godhong lan salah sijiné rabuk organik yaiku kompos.