Kompos
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Komposter kanggo gawe kompos saka gegodhongan
Gambar:Kompos jerami.JPG
Kompos saka damen kang bosok
Kompos yaiku arane uwuh/larahan organik kang wis bosok lan banjur dadi lemah lan bisa kagunakake minangka dadi rabuk kanggo tetanduran. Ing alam, larahan kang asale saka tanduran lan kewan kayata gegodhongan, kekembangan, woh-wohan rencek, kayu, tai lan bathang bisa bosok lan dadi lemah sawise sawetara wektu. Kewan-kewan kayata cacing lan rayap mbosokake gegodhongan lan kayu, kutis mangan telek pitik, inthil wedhus lan tai kewan-kewan liyane. Kanthi kasat matar, kruma lan baksil uga mangan barang-barang saka tanduran lan kewan. Udan lan panas uga marakake tepo, gapuk lan remuk. Ananinging, biasane mbutuhake wektu kang suwe.
| Asal | Bahan | ||||
| 1. Tetanèn | |||||
| Limbah lan residu tanduran | Jerami lan sekam pari, gulma, wit lan tongkol jagung, kabèh pérangan vegetatif tanduran, gedebog gedhang lan sepet klapa | ||||
| Limbah & residu kéwan ingon | Kotoran padhet, limbah kéwan cuwèr, limbah pakan kéwan, cuwèran biogas | ||||
| Tanduran banyu | Azola, ganggang biru, èncèng gondok, gulma air | ||||
| 2. Indhustri | |||||
| Limbah padhet | Grajèn kayu, blotong, kertas, ampas tebu, limbah klapa sawit, limbah pengalèngan panganan lan pamotongan kéwan | ||||
| Limbah cuwèr | Alkohol, limbah pengolahan dluwang, ajinomoto, limbah pengolahan lenga klapa sawit | ||||
| 3. Limbah rumah tangga | |||||
| Sampah | Tinja, urin, larahan rumah tangga lan larahan kutha | ||||