Kayu
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Kayu iku bagéan atos saka Tetanduran sing digolongaké menyang Wit lan grumbul. Kayu dipigunakaké kanggo manéka warna kaperluan, wiwit saka masak, gawé perabot (meja, kursi), bahan bangunan (lawang, jendéla, rangka payon), bahan kertas, lan isih akèh liyané. Kayu uga bisa dimanfaataké minangka hiasan-hiasan rumah tangga lan kagunan liyané.
Sacara kimia, kayu kasusun saka sawetara bagéan utama yaiku Selulosa lan Lignin.
Jroning èlmu kayu dikenal sawetara sipat yaiku: sipat kimia, sipat fisika lan sipat mekanika
Deleng uga [sunting]