Cacing
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Cacing yaiku kéwan cilik, kang ora nduwé sikil, awaké bunder, trepes dawa lan ora ana tangané.[1] Cacing ana kang urip ing banyu, lemah, wetengé manungsa lan kéwan.[1] Cacing ana uga kang bisa dipangan, contoné cacing wowo lan palolo.[1]
Jinis[sunting]
- Cacing bolah yaiku cacing kang nyebabaké panyakit filariasis lan nggawé abuh sikil.[1]
- Cacing gelang yaiku cacing kang urip ing usus alus manungsa.[1]
- Ascaris lumbricoides utawa cacing gedhé.[1] Cacing iki awaké ana keret-keretané lan urip ing lemah kang bècèk lan akèh banyuné.[1]
- Cacing raya yaiku cacing kang urip ing wetengé manungsa utawa kéwan.[1]
- Cacing lemah yaiku cacing kang urip ing lemah kang lembab lan bisa nggawé subur lemah.[2] Cacing iki nduwé gelang-gelang kang rupané putih ing gulune.[1]
- Cacing pita yaiku cacing kang nduwèni glembung mèmper kista kang gedhé.[1] Glembung mau isiné cuwèran.[1] Cacing iki bisa ditemokaké ing daging sapi utawa daging babi.[1]
- Cacing gilik yaiku cacing kang awaké dawa, wanguné silindris.[1] Cacing gilik ora nduwèni ros-rosan lan sègmèn. Cacing gilik urip ing ginjel lan saluran uyuh kéwan vertebrata.[1]
- Cacing ati yaiku cacing kang ana ing ati lan saluran empedhu kéwan ingon.[1] Cacing ati ukurané cilik lan nduwèni sègmèn kang cacahé papat.[1] Cacing iki urip ing kirik, kucing lan kéwan karnivora liyané.[1]
- Cacing jantung utawa nematoda yaiku cacing kang urip ing jantung. [1]Cacing jantung wadon dawané 30 cm.[1]
- Cacing kremi yaiku cacing kang ukurané cilik kang urip dadi parasit ing weteng. [1]Cacing iki akèh urip ing weteng bocah cilik lan kerep metu bareng karo veses nalika lagi bebuwang.[1]
- Cacing palolo yaiku cacing poliket kang urip ing pesisir Lautan Teduh bagéyan kidul.[1]
- Eunice aphroditois utawa cacing weteng yaiku cacing kang awaké trèpès lan nduwèni rongga ing awaké.[1]
- Cacing rambut jaran yaiku cacing kang dawa lan kuru, larvané nduwèni sifat parasit.[1]
- Cacing tambang yaiku cacing parasit kang urip ing tambang.[1] Cacing iki ngisep getih lan nduwèni pangait kang kuwat ing cangkem lan pipi kanggo nyerang usus.[1]