Babi
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
|
|
|||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Gembluk (anak babi) karo mbokné sing wis dijinakaké
|
|||||||||||||
| Klasifikasi èlmiah | |||||||||||||
|
|||||||||||||
|
|
|||||||||||||
| Sus barbatus Sus bucculentus |
Babi utawa Cèlèng kuwi sajinis kéwan ungulata sing moncongé dawa lan irungé lèpèr lan arupa kéwan sing asal asliné saka Eurasia. Sok uga diarani minangka khinzir[1] (tetembungan Arab). Babi iku kéwan omnivora, sing tegesé mangan daging lan uga tetanduran. Babi uga salah sawijining mamalia sing paling pinter, lan dilapuraké luwih pinter lan gampang diupakara tinimbang asu lan kucing.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Babi minangka panganan
Cithakan:Artikel Ing al-Quran, minangka kéwan, babi hukumé najis yèn didumuk lan haram dipangan déning umat Islam. Babi uga diharamaké dikonsumsi ing agama Yahudi lan Gréja Masehi Advent Dina Kapitu ing kalangan Kristen.
Nanging babi akèh dikonsumsi wong Éropah lan wong Tionghoa. Sapérangan suku bangsa ing Indonésia saliyané suku Tionghoa-Indonésia uga seneng ngonsumsi babi yaiku suku Bali, Batak lan Manado.
Sapérangan conto panganan sing ngandhut babi:
- Babi panggang abang (legi) khas Tionghoa
- Babi panggang putih (asin) khas Tionghoa
- Sekba (isiné jeroan babi mawa duduh) khas Tionghoa (Jakarta, Bogor, Bandung, Tangerang)
- Kitoba (irisan bagéyan ndhas babi sing diolah kanthi cara dikukus. Mangané kudu diclupaké ing cukak arèn sing dicawisaké khas Tionghoa Bogor
- Saté babi khas Tionghoa: padha karo daging saté umumé nanging tusukané luwih gedhé lan rasané legi.
- Ngo hiang / Go Hiong: Daging babi cincang sing dibungkus nganggo kulit kembang tahu tipis. (Jakarta, Bogor, Bandung).
- Babi cin: Daging babi + lenga lan duduh sing rasané legiamarga kecap legi.
- Bakut: khas Tionghoa sing arupa campuran saka jangan asin lan kaldu iga babi.(Bisa ditemoni ing saindhenging Indonésia).
- Saksang: Olahan daging babi khas dhaérah Tapanuli
- Babi rica-rica: Daging babi olahan khas Manado sing rasané pedhes banget.
- Babi guling: Olahan daging babi khas Bali
- Babi putar: Olahan daging babi khas Manado sing umumé disajèkaké nalika pahargyan.
[sunting] Gambar babi minangka panganan
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ Utamané ing Malaysia
[sunting] Pirsanana uga
- Pigasus (pulitik), sawijining babi sing dicalonaké minangka Présidhèn Amérika Sarékat 1968.
| Artikel prakawis kéwan puniki setunggaling tulisan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |

