Jagung

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Jagung
Zea mays.jpg
Jagung
Taxonomi
Regnum: Plantae
Rumpun: Magnoliophyta
Kelas: Liliopsida
Ordo: Poales
Kulawarga
  Zea mays

Jagung iku panganan dhasar sing wigati nomor loro sajagat sawisé gandum lan sadurungé beras. Ing tanah Jawa lan sakitaré utamané wong Madura sing demen mangan jagung.

Jagung bisa thukul ing tlatah garing mulané disenengi wong Madura. Jagung sajatiné asalé saka jagat bawana Amérika. Para pakar ngira-ngira yèn jagung wis ditandur manungsa kurang luwih 6.500 - 12.000 taun kapungkur.

Jagung bisa digawe panganan werna-werna, kayata marning, brondong, lan bakwan jagung. Yen digawe glepung jenenge maizena, kena kanggo gawe jenang, nyamikan, kue putri ayu lan liya-liyane. Godhong jagung bisa kanggo pakan sapi.

Jagung kalebu bahan pangan sing nandure gampang lan akeh manfaate. Mangsa ketiga utawa rendheng bisa nandur jagung. Yen ketiga kudu gelem nyirami. Rabuke cukup pupuk kandhang lan urea. Yen ditambahi pupuk plant catalyst wohe akeh, gedhe-gedhe, tur luwih enak rasane.

Tanduran jagung.
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Jagung"