Rabuk kandhang
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Rabuk kandhang iku dat organik sing dipigunakaké minangka rabuk organik jroning tetanèn. Rabuk kandhang nduwèni peran marang kasuburan lemah kanthi nambahaké dat lan nutrièn, kaya nitrogen sing ditangkep baktèri jroning lemah. Organisme sing luwih dhuwur sabanjuré urip saka jamur lan baktèri jroning ranté kauripan sing mbiyantu jaring panganan lemah.
Jroning ngupakara lemah, rabuk kandhang bisa diklompokaké dadi 3 werna, yaiku rabuk kéwan, kompos, lan rabuk ijo.
Pirsani galeri bab Rabuk kandhang ing Wikimedia Commons.