Marning
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Marning menika kalebet salah sawijining panganan tradhisional ingkang asalipun saking woh jagung ingkang dipungoreng. Marning menika saged kangge camilan. Marning menika wonten macem-macem kadosta marning gurih, marning pedes, marning asin, lan wonten ugi marning ingkang legi.
Caranipun damel marning jagung [sunting]
Menika caranipun damel marning jagung
- Jagung dipunresiki ngangge toya. Lajeng dipungodhog kaliyan kapur sirih dumugi jagungipun pecah.
- Menawi sampun pecah lajeng dipunsaring saking toya godhoganipun lajeng dipunadhemaken.
- Menawi sampun adhem marning menika dipunwisuhi dumugi kapur sirih menika ical dumugi resik.
- Lajeng dipungodhog kanthi tambahan uyah. Dumugi raos uyahipun mlebet wonten jagung.
- Menawi sampun cekap anggenipun nggodog, jagung dipunangkat banjur dipunadhemaken.
- Dipunpepe wonten ing ngandhaping srengéngé dumugi garing.
- Menawi sampun garing lajen dipuncampur kaliyan bumbu. Bumbunipun menika gumantung kaliyan raos ingkang dipunremeni saged dipuncampuri bawang, lombok, uyah , gula pasir utawi gula Jawa lansapinunggalipun ingkang dipunuleg dados satunggal miturut karemenanipun piyambak-piyambak.
- Menawi sampun kacampur lajeng dipungoreng dumugi mateng.