Tanah Jawa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Tanah Jawa iku tlatah ing pulo Jawa sing dipanggoni déning wong Jawa utawa wong sing nuturaké basa Jawa. Tlatah iki ngliputi Banten, sabagéyan Karawang, Darmayu, Cerbon, Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Nanging ing sisih liya ing kabupaten Brebes lan kabupaten Cilacap, basa Sundha uga dipituturaké. Banjur ing tlatah Bang Wétan, dadi Bangil mangétan nganti saloring Banyuwangi, basa Madura uga dipituturaké.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tanah_Jawa&oldid=856130"