Kanker prostat
Kanker prostat yaiku penyakit kanker kang ana ing prostat. [1]Prostat yaiku salah sijiné kelenjar sajroné sistem reproduksi wong lanang.[1] Kanker prostat bisa kadadeyan amarga sel prostat ngalami mutasi lan wiwit thukul lan ora bisa dikendalekaké.[1] Sel iki bisa nyebar kanthi metastasis saka prostat ing bageyan awak liyané, khususé balung lan lymph node.[1] Kanker prostat bisa nggawe lara lan angel anggone pipis, disfungsi erektil lan gejala liyané.[1]
Prostat iku kelenjar kang ana ing sangisoré kandung kemih wong lanang.[1] Fungsi utamané prostat yaiku kanggo mrodhuksi cairan kang njaga lan nyaluraké sperma.[1]
Prostat kerep gedhé ukurané nalika umuré 50 taun.[2]Nalika umuré 70 taun 80% wong lanang nduwéni prostat kang gedhe.[2] Akeh wong lanang kang umuré wis lansia kang ngalami masalah nalika nguyuh awit prostat kang ukurané gedhe.[2] Ananging ana uga kang gedhené prostat iki uga saka thukulé kanker.[2] Kanker prortat umume nyerang wong lanang lan umumé kang umuré sandhuwuré 65 taun.[1]
Tandha [sunting]
Tandha-tandhané yèn kena kanker kelenjar prostat yaiku.[1]
- Ilèn urin lemah lan mbutuhaké wektu kang suwé kanggo nguyuh.
- Ngentèni suwe lagi urin bisa metu.
- Luwih kerep nguyuh tinimbang biyasané.
- Kerep kebelet pipis.
- Ngrasake lara ing pangkal penis utawa urin kang ana getihe. Iki biyasané dadi gejala ing kanker prostat stadium lanjut.
Panyebab [sunting]
Panyebap kanker prostat yaiku:[1]
- Umur kang wis tuwa.
- Riwayat kulawarga lan faktor katurunan.
- Suku bangsa. Wong lanang Asia nduwe resiko kang kurang yèn kabandingaké wong lanang kang asalé saka negara kulit ireng lan putih.
- Paparan logam cadmium.
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.