Plastik
Plastik yaiku kumpulan dat organik kang stabil ing suhu biyasa, ananging bisa malih bentuké nganggo kalor utawa tekanan amarga plastik iki carané nggawé plastis.[1] Plastik uga nduwéni teges bahan sintetis kang nduwéni macem-macem werna.[1] Plastik uga kena digawé jungkat, dompét, ember.[1] Plastik diasilaké saka produk polimérisasi sintetik utawa semi sintetik.[1] Plastik dibentuk saka kondénsasi organik utawa penambahan polimer lan bisa uga zat liyané kanggo ningkataké hasil.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Gendul Plastik
Ing ngisoré gendul plastik ana simbol panah telu kang mbentuk segitelu. Kang luwih wigati ora segitelu kang kasusun saka panah ananging angka cilik ing tengah-tengah utawa sanjeroné segitelu panah iku.[2] Angka-angka iku diarani sistem kodhe idéntifikasi resin kang digawé nalika taun 1988.[2] Kang nggawé sistem kodhe iki yaiku The Society of the Plastics Industry utawa kang diarani SPI.[2] Sistem kodé resin iki nglompokaké gendul plastik kang ditemokaké ing limbah rumah tangga miturut kandungan resin.[2] Sistem kode iki dikembangaké kanggo nyukupi kabutuhan kang nyediakaké jasa daur ulang lan menéhi konsisténsi lan kaseragaman sistem ing manufaktur plastik kang bisa dipraktékaké ing internasional.[2]
[sunting] Daur ulang
Plastik bisa didaur ulang lan digawé barang-barang kang aji.[2] Plastik bisa dianggo nggawé kerajinan tangan lan kena uga diolah dadi barang liyané.[2]
[sunting] Pranala njaba
- (id) Portal informasi tentang Plastik di Indonesia
- (id) wadahmakmurkencana.com
- (id) lautanluas.com
- (id) interaneka.com
[sunting] Chatetan suku
- ↑ a b c d e (id)artikata.comhttp://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Plastik&action=edit(dipunundhuh tanggal 5 Juni 2011)
- ↑ a b c d e f g (id)majarimagazine.com(dipunundhuh tanggal 5 Juni 2011)