Wiji
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Wiji ing lombok abang sing kabukak
Wiji (basa Latin:semen) iku bakal wiji (ovulum) saka Spermatophyta sing wis mateng. Wiji bisa kalindhungi déning organ liya (woh, ing Angiospermae utawa Magnoliophyta) utawa ora (ing Gymnospermae). Saka pandelengan évolusi, wiji arupa embrio utawa tetanduran cilik sing kamodhifikasi saéngga bisa tahan luwih suwé ing kahanan kurang selaras kanggo tuwuh. (Pirsani pagiliran keturunan).