Embrio

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Embrio (lan sawijining berudu) Rana rugosa, sajenis kodhok.

Embrio (basa Yunani: έμβρυον) iku sawijining eukariota diploid multisel jroning tahap paling awal saka perkembangan.

Jroning organisme sing tangkar tumangkar sacara seksual, nalika siji sèl sperma mbuahi ovum, asilé iku siji sèl sing diarani zigot sing nduwèni kabèh DNA saka kaloro wong tuwané. Jroning tetanduran, kéwan, lan sapérangan protista, zigot bakal wiwit mbelah sacara mitosis kanggo ngasilaké organisme multiselular. Asil saka prosès iki diarani embrio.

Ing kéwan, perkembangan zigot dadi embrio dumadi liwat tahapan sing ditepungi minangka blastula, gastrula, lan organogenesis.

Ing tetanduran, istilah embrio mung dinggo kanggo tetanduran cilik sing kabentuk jroning wiji sing ana jroning kahanan dormansi, nunggu kondhisi lingkungan sing cocog kanggo ngecambah.

[sunting] Pirsani uga


Didhisiki déning:
{{{pendahulu}}}
{{{jabatan}}}
Diganti déning:
{{{pengganti}}}



[sunting] Pranala njaba

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Embrio ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Embrio&oldid=663184"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès