Eukariota
| Eukariota Temporal range: Cithakan:Long fossil range |
|
|---|---|
| Eukaryotes and some examples of their diversity | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| Domain: | Eukaryota Whittaker & Margulis,1978 |
| Kerajaan | |
|
Animalia – Animals
Plantae – Plants
|
|
| Filogeni alternatif | |
Eukariota (asalé saka basa Yunani "eu" sing tegesé "becik", lan "karyon" sing tegesé nunjuk ing nuklei sel) iku organisme kanthi sel komplèks, ing ngendi bahan-bahan genetikané disusun dadi nuklei sing kaiket membran. Eukariota klebu kéwan, tetanduran, lan jamur—sing akèh-akèhé multiselular—sarta manéka klompok liyané sing diklasifikasikaké sacara kolèktif minangka protista (akèh ing antarané uniselular). Suwaliké, organisme-organisme liyané, kayata bakteri, ora duwé nuklei lan struktur sel komplèks liyané; organisme-organisme kaya iku mau disebut prokariota.
Struktur [sunting]
Umumé, sel eukariota duwé ukuran sing luwih gedhé tinimbang prokariota lan duwé bagéyan-bagéyan sub-selular sing disebut organel. Béda karo prokariota, DNA eukariota disimpen ing kumpulan kromosom sing kasimpen ing njero nuklei sing kabungkus membran nuklei. Saliyané nglakoni panyigaran sel sacara aseksual, akèh eukariota uga bisa nglakoni réprodhuksi seksual liwat prosès fusi sel, sing ora ditemokaké ing prokariota.
Réprodhuksi [sunting]
Réproduksi eukariota dilakoni liwat sigar sel, sing umumé dumadi sacara mitosis, yaiku prosès sigaré inti sel sing njalari sawijining sel anak nampa dhuplikat utawa salinan saben kromosom sing diduwèni sel indhuk. Ing sakèhé eukariota ana uga réprodhuksi seksual, ing antarané sel haploid, yaiku sel sing mung duwé siji kromosom saka saben pasang kromosom sing diduwèni sel indhuk sing nglibataké prosès fusi inti sel (singami) lan panyigaran sacara meiosis sing ngasilaké sel diploid, yaiku sel sing duwé pasangan kromosom sing lengkap.
Pranala njaba [sunting]
| Wikispecies duwé informasi ngenani |