Wortel
| Wortel | |
|---|---|
| Panenan wortel | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Apiales |
| kulawarga: | Apiaceae |
| Genus: | Daucus |
| Species: | D. carota |
| Jeneng binomial | |
| Daucus carota L. |
|
Wortel iku salah sijiné tetanduran kang duwéni akèh baget vitamin c lan karokèn.[1] Salah sijiné jinis antioksidan kang banget pentingé kanggo sèhaté mripat.[1] Saliayané iku uga bisa kanggo njaga-jaga saka lara jantung sarta saperangan jinisé kangker.[1] Siji wortel mentah kang aboté sedeng kuwi kira-kira bisa nyukupi kabutuhan vitamin A awaké dhéwé.[2] Amarga ana zat kang jenengé bétarotén kang banget dhuwuré, apik banget kanggo kesarasan mripat kita.[2] Sakliyané iku uga nduwéni kalori kang saben tugelané wortel kira-kira 10 cm, duwé 52 kalori, lan 12 gram karbohidrat.[2] Rasa legi kang ana ing wortel ora marahi awakè dhèwè dadi lemu.[2] Amarga kuwi saka gula asli kang digawé saka serat lan karbohidrat kang jangkep.[2] Ing gula asli iki uga duwéni manéka werna vitamin lan mineral.[2] Mupangat kang bisa dijupuk saka wortel yaiku bisa dadékaké séhat pencernaané awaké dhéwé.[2] Wortel iki nduwé zat fakarinol kang bisa biyantu kanggo jaga-jaga saka kangker usus.[2] Wortel uga bisa dadi sarana ngresiki lan nguwataké ati awaké dhéwé, mula bisa gawé ndhuwuraké kabéh fungsiné sitemé awak.[3] Dr. Kirsten Brandt nuturakĮ yen ta mupangaté wortel iku bisa ilang yén ta ora ngerti kepriyé carané ngolah kang apik.[3] sapérangan wong peneliti saka Newcastel, Inggris nuturaké yén ta cara ngolah wortel kang apik yaiku ora dikethok-kethok dadi cilik-cilik.[3]
Prof Kendal Hirschi, yaiku salah sijiné wong kang dadi peneliti ana Baylor Collage of Medicine AS, wara-warakaké menawa kasil tanduran wortel kang diolah kanthi rekayasa génétik ndadèkaké tambahing zat kalisium.[4] Wong kang seneng madhang wortel anyar iki bakal bisa nduwéni luwih 41% kalsium yén ta dibandingaké karo wortel sing biasané.[4] Saka wara-wara iki muga-muga bisa biyantu jaga kesarasan, kayata lara balung lan osteoporosis.[4] Tetanduran iki apik banget yén dikanggoké diet kang bisa mudhunké aboté awak wong sing kelemon.[5] Amarga wortel iku duwé kalori kang cendhèk, nanging akéh seraté lan banyuné.[5] Mula bisa mbiyantu maregaké weteng kang bisa ngedhemké rasa luwé kang rada suwé.[5] Apiké manéh saka prakara iku bisa ngilangi rasa kepèngin ngemil panganan kang ora apik kanggo awak.[5]
Pranata Njaba [sunting]
- (en) Processing Carrot Research Program, Nova Scotia Agricultural College
- (en) BetaSweet purple carrot
- (en) World Carrot Museum
- (en) Carrots at The World's Healthiest Foods
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c (id) health.kompas.com (Kaundhuh tanggal 30 April 2011)
- ^ a b c d e f g h (id) suaramerdeka.com (Kaundhuh tanggal 8 Mei 2011)
- ^ a b c (id) suaramerdeka.com (Kaundhuh tanggal 8 Mei 2011)
- ^ a b c (id) suaramerdeka.com (Kaundhuh tanggal 8 Mei 2011)
- ^ a b c d (id) lain mengkonsumsi wortel (Kaundhuh tanggal 11 Mei 2011)