Bawang
| Bawang putih | |
|---|---|
| Bawang putih | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Asparagales |
| kulawarga: | Alliaceae |
| Subkulawarga: | Allioideae |
| Suku: | Allieae |
| Genus: | Allium |
| Species: | A. sativum |
| Jeneng binomial | |
| Allium sativum L. |
|
Bawang utawa ing Basa Indonesia bawang putih (jeneng Latin: Allium sativum, Linn.) iku jeneng tetanduran saka genus Allium lan jeneng umbi sing diasilké.[1] Umbi saka tanduran bawang putih minangka bahan utama kanggo bumbu dhasar masakan Indonesia. [1]
Bawang mentah sugih senyawa-senyawa sulfur, kalebu dat kimia sing disebut alliin sing agawé bawang putih mentah krasa getir utawa angur.[1]
Bawang kalebu familia Liliaceae.[1] Tanduran iki uga kalebu tanduran usuman.[1]
Bawang bisa ditangkaraké saka umbiné.[1] Bagéyan umbi sing ndhuwur dipèngkès utawa dikethok, banjur ditandur kanthi dicublekaké ing lemah.[1]
Bawang luwih apik ora dipangan mentah amarga ngganggu asam lambung.[1] Bawang luwih becik dimasak dhisik kanthi digodhog, digorèng utawa dipanggang dhisik.[1]
Bab lan Paragraf |
Kandhutan dat [sunting]
Bawang ngandhut lenga atsiri, aliin, kalium, saltivine, lan diallysulfide.[1]
Dasanama [sunting]
Jeneg Latin: Allium sativum, Linn.[2]
Jeneng lokal : Garlic (Inggris), bawang putih (Indonésia), bawang (Jawa); bawang bodas (Sunda), bawang handak (Lampung); kasuna (Bali), lasuna pute (Bugis), bhabang pote (Madura); bawa bodudo (Ternate), Kalfeo foleu (Timor).[2]
Jeneng dhaérah liyané:
- Sumatra : bawang putih (Melayu), lasun (Aceh), dasun (Minangkabau), lasuna (Batak), bacong landak (Lampung).[3]
- Jawa : bawang bodas (Sunda), bawang (Jawa), babang pole (Madura).[3]
- Kalimantan : bawang kasihong (Dayak).[3]
- Sulawesi : lasuna kebo (Makassar), lasuna pote (Bugis), pia moputi (Gorontalo).[3]
- Nusa Tenggara : Incuna.[3]
Klasifikasi [sunting]
- Divisio : Spermatophyta[3]
- Sub divisio : Angiospermae[3]
- Kelas : Monocotyledonae[3]
- Bangsa : Liliales[3]
- Suku : Liliaceae[3]
- Marga : Allium[3]
- Jenis : Allium sativum[3]
- Jeneng umum : bawang putih[3]
Khasiyat [sunting]
Kanggo obat panyakit hipertensi, asma, watuk, masuk angin, lara sirah, lara kuning; sesek napas, busung banyu, ambeien, sembelit, njarem utawa abuh, abses; tatu bendha landhep, dicokot srangga, cacingen, angèl turu (insomnia).[2]
22 khasiyat [sunting]
- Saliyané bisa mbiyantu sistem kakebalan lan kinerja otek, bawang putih uga nduwèni akèh khasiyat liyané.[4]
- Bisa njaga awak lan sèl-sèl saka prosès panuwan dhini, ngalonaké patumbuhan sèl kanker.[4]
- Kanthi ngonsumsi bawang, bisa ngurangi risiko kéna kanker.[4]
- Bawang yèn dikonsumsi kanthi rutin bisa ngurangi kadhar kolèsterol.[4]
- Bawang nduwé dat anti-kolèsterol kang jenengé ''ajoene'', dat iki bisa nyegah panggumpelan getih.[4]
- Bawang bisa mbiyantu ngurangi strèss lan dhèprèsi.[4]
- Bawang ngandhut vitamin A lan nduwèni èfèk luwih lembut.[4]
- Bawang ngandhut vitamin B[4]
- Bawang ngandhut vitamin C[4]
- Bawang ngandhut kalsium [4]
- Bawang ngandhut potasium [4]
- Bawang ngandhut antioksidan, karotèn lan selenium [4]
- Mangan bawang 2-3 siung saben dinané, bisa nyegah panyakit jantung.[4]
- Kanggo tamba utawa obat panyakit getih dhuwur hipertènsi[4]
- Njaga lan ngènthèngaké kinerja tukak lambung.[4]
- Ngedhunaké kolèsterol getih.[4]
- Bawang bisa ningkataké insulin getih kanggo wong kang duwé panyakit dhiabètès.[4]
- Nglumpuhaké radhikal bébas kang ngganggu sistem kakebalan awak.[4]
- Bawang uga kena kanggo panawar racun (detoxifier) kang bisa njaga awak saka werna-werna panyakit.[4]
- Bawang yèn dipangan mentah bisa ningkataké nepsu mangan.[4]
- Njaga stamina awak.[4]
- Ngandhut khasiyat antimikroba, antitrombotik, hipolipidemik, antiarthritis, hipoglikemik, lan uga nduwèni aktivitas antitumor.[4]
Paédah [sunting]
Bawang putih dipigunakaké minangka bumbu sing digunakaké tumrap mèh saben panganan lan masakan Indonésia.[1] Sadurungé dianggo bumbu, bawang dijur kanthi dipenet nganggo lading (dikeprèk) sadurungé dirajang alus lan ditumis ing wajan nganggo lenga gorèng sethithik.[1] Bawang bisa uga dialuské kanthi diuleg bebarengan karo bumbu-bumbu liyané.[1] Bawang kena diwuwurna ing mie utawa soto lan masakaan liyané.[1] Bawang kang diwuwurna ing masakan yaiku bawang kang digorèng.[1] Saliyané kanggo bumbu masakan, bawang bisa nyegah panyakit jantung.[1]
Bawang ngandhut lenga atsiri.[5] Saliyané iku bawang uga nduwèni sifat antibakteri lan antisèptik.[3] Bawang nduwèni khasiat minangka antibiotik alami.[1] Dat allicin lan aliin kalebu dat kang nduwé daya anti kolèsterol.[3] Dat iki uga bisa nyegah panyakit jantung koronèr, tekanan getih dhuwur utawa hipertènsi.[3]
Asil olahan [sunting]
Bawang bisa diolah dadi bawang gorèng lan bumbu instan.[6] Sadurungé diolah, bawang luwih dhisik digaringna.[6] Bawang kang garing, kadhar banyuné sithik, saéngga luwih krasa gurih yèn diolah.[6] Saliyané iku, asil olahané uga luwih kemriyuk. [6] Saiki ana alat kanggo nggaringaké bawang, saliyané kanggo nggaringaké bawang, alat iki uga kena kanggo nggaringaké brambang.[6] Alat iki kanggo nggaringaké bawang kanthi kapasitas 5-6 kuintal.[6] Saben prosès penggaringan mbutuhaké wektu kurang luwih 15 jam.[6] Déné suhu kang kanggo nggaringaké yaiku 42-45 drajat Celcius.[6]
Galeri [sunting]
Chatetan sikil [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q (id)warintek.ristek.go.id(diundhuh tanggal 19 April 2011)
- ^ a b c {[id}}iptek.net.id(diundhuh 19 April 2011]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)kamusilmiah.com(diundhuh tanggal 19 April 2011)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v (id)kabarinews.com(diundhuh tanggal 19 April 2011)
- ^ (id)nyonyameneer.com(diundhuh tanggal 19 April 2011 )
- ^ a b c d e f g h (id)balitbangjatim.com(diundhuh tanggal 19 Mei 2011)
Delengen uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
|
||||||||