Watuk
| Batuk | |||||
|---|---|---|---|---|---|
| Classification and external resources | |||||
|
|||||
| ICD-10 | ICD-10 Chapter R|R05 | ||||
| ICD-9 | 786.2 | ||||
| MedlinePlus | 003072 | ||||
| eMedicine | ENT/1048560 | ||||
Watuk yaiku sawijining gejala lelara awujud refleks pertahanan awak kanggo ngetokake riak lan benda asing liya saka saluran napas. Istilah kanggo ngilangi gejala watuk kasebut simtomatik.[1]
Bab lan Paragraf |
Jenise Watuk[sunting]
Watuk jenise ana 2 macem:
Obat Watuk[sunting]
Obate uga kabagi dadi2 jenis
- Anti-tusif: dekstrometorfan lan difenhidramin
- Ekspektoran: guaifenesin, gliseril guaikolat, ammonium klorida, bromheksin lan [[succus liquiritae;;.
Anti-tusif kanggo ngobati watuk garing, lan ekspektoran kanggo ngobati watuk riak. Antitusif kerjane neken rangsange watuk ing pusat watuk kang ana ing sumsum terusan (medulla), menawa ekspektoran kerjane ngakehi produksi riak lan ngencerake riak supaya gampang ditokkake awak.[3]
Obat Watuk Tradisional[sunting]
- 10 gram kulit jeruk mandarin garing lan 25 gram kencur (diiris-iris tipis) digodhog nganggo 400 cc banyu kanthi sisa 200 cc, banjur banyune diombe anget-anget.
- 10 lembar godhong sirih digodhog nganggo 400 cc banyu kanthi sisa 200 cc, banjur banyune diombe anget-anget.
- 10 gram kulit jeruk mandarin kering lan 250 gram oyong seger digodhog 600 cc kanthi sisa 300 cc, banjur diombe anget-anget.
- 4 gram brambang, 4 gram godhong poko seger, 3 gram godhong sembung seger, 4 gram herba cekelan seger, 2 gram buah adas, diuleg lan 125 ml air. Tambah banyu. Kanggo infus utawa digawe pil.
- Campur 1 sdm banyu peresan jeruk nipis, 3 sdm madu murni, 5 sdm banyu mateng, banjur ditim suwene 30 menit. Takaran ngombe bayi watara umur 6-1 taun : 2 pisan 1/2 sdt ; bocah 1-3 taun : 2 pisan 1 sdt; bocah 4-5 taun : 2 pisan 1 1/2 sdt.
- Cara liya, iris 1 buah jeruk nipis, peres banyune, wadhahi njero gelas/cangkir. Tambah kecap legi, kudek. Takaran ngombe kanggo bocah, 3 pisan per dina.[4]
Watuk Bronkitis[sunting]
Watuk kadaden amarga radang ing saluran udara tumuju paru-paru. Brokitis bisa dibedakake miturut sebabe. Bronkitis infeksiosa disebabke virus lan bakteri. Bronkitis uga bisa nyerang perokok lan penderita lelara paru-paru. Bronkitis iritatif disebabke lebu, kukus, polusi udara, lan rokok[5] .