A
| Abjad Latin dasar | ||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
| Aa | Bb | Cc | Dd | Ee | ||
| Ff | Gg | Hh | Ii | Jj | ||
| Kk | Ll | Mm | Nn | Oo | ||
| Pp | Rr | Ss | Tt | |||
| Uu | Vv | Ww | Xx | Yy | Zz | |
Kaca iki ngamot artikel ngenani aksara A jroning abjad Latin. Kanggo panggunaan liyané, pirsani A (disambiguasi).
Aksara A iku aksara pisanan ing abjad Latin.
[sunting] Sajarah
Aksara A bisa ditelusuri saka piktogram arupa endhas sapi jantan ing aksara paku Mesir utawa abjad Proto-Sinaitik .[1]
| Aksara paku Mesir endhas sapi jantan |
Proto-Semitik endhas sapi jantan |
Fenisia alef |
Basa Yunani Alfa |
Etruskan A |
Roman A |
|---|---|---|---|---|---|
Watara taun 1600 SM aksara ing abjad Fenisia nduwèni wangun linear sing dadi dhasar kanggo wangun-wangun sing sabanjuré. Jenengé gegandhèngan raket karo alef jroning abjad Ibrani.
![]() A Blackletter |
A Uncial |
Blackletter A  lainnya; |
A Roman Modern |
A Italik Modern |
A Aksara tulis Modern |
Nalika wong-wong Yunani kuna ngadhopsi abjad, wong kuwi ora migunakaké glottal stop sing dikandhut aksara iki ing basa Fenisia lan basa-basa Semit liyané, amarga saka kuwi dipigunakaké tandha iki kanggo aksara urip /a/, lan mempertahankan jenengé kanthi owah-owahan sethithik (alfa). Jroning prasasti-prasasti Yunani sing paling wiwitan sawisé Zaman Kekelaman Yunani, sing kedadéyan ing abad kaping-8 seb.M., aksara iki ditulisaké turon, ananging jroning abjad Yunani sing sabanjuré, aksara iki umumé mirip karo aksara kapital A modhèrn, senadyan manéka variasi saenggon bisa dibédakaké kanthi nyendhakaké salah siji sikilé, utawa kanthi sudut papan garis melintang dipapanaké.
Bangsa Etruska nggawa abjad Yunani jroning peradabané ing Jazirah Italia lan ngumbaraké aksara iki ora owah. Wong-wong Romawi sabanjuré ngadhopsi abjad Etruskan kanggo nulis basa Latin, lan aksara sing diasilaké banjur dilestarèkaké jroning abjad Latin modhèrn sing diangggo nulis akèh basa, klebu basa Inggris.
[sunting] Kodhe-kodhe kanggo komputasi
Jroning Unicode aksara kapital A migunakaké codepoint U+0041 lan aksara cilik a U+0061.[2]
[sunting] Rujukan
- ↑ "A". The World Book Encyclopedia 1. (1956). Field Enterprises, Inc.
- ↑ Javascript Unicode Chart. URL diaksès tanggal 2009-03-08
