Soto
Soto, sroto, utawa coto iku panganan khas Indonésia sing kagawé saka kaldhu daging lan janganan.[1] Daging sing paling kerep digunakaké yaiku daging sapi lan pitik, nanging uga babi lan wedhus.[1] Manéka dhaérah ing Indonésia nduwèni jinis soto dhéw-dhéwé, kanthi kandhutan sing béda-béda, kayata Soto Kediri soto Madura, soto Betawi, soto Padang, soto Bandhung, soto Sokaraja, soto Banjar, soto Medan, coto Makassar. [1]Soto uga dijenengaké miturut bahané, kayata soto pitik, soto babat. Soto nduwèni kamiripan karo sop.[1]
Soto bisa dihidangaké karo rupa-rupa lawuh, upamané krupuk, perkedel, emping mlinjo, sambel, saus kacang, lan sapanunggalané. [2] Akèh-akèhé soto dihidangaké sacara kapisah karo sega, kayadéné Soto Betawi, Soto Padang, lan liya-liyané.[2] Nanging ana sing dihidangaké bebarengan karo sega utawa soto campur sega, contoné Soto Kudus. [2]Saliyané kuwi ana uga soto sing dihidangaké nganggo lonthong utawa sega sing wis dimasak kanthi dibungkus godhong gedhang (buras), upamané Coto Makassar. Ana uga soto sing nganggo mie, lan dudu sega minangka menu pokok, contoné Soto Mie Bogor.[2]
[sunting] Jinis
- Soto Betawi
Soto betawi diarani uga soto jakarta.[3] Soto iki kalebu soto bening kang ora nganggo santen. [3]Soto betawi ana wuwuran emping mlinjo ing dhuwuré.[3]
Soto kudus yaiku soto kang asalé saka kutha Kudus.[1] Soto Kudus biyasané butheg amarga ana santené.[1] Soto Kudus biyasané didéléh mangkok lan diwuwuri pitik kang disuwir-suwir, taogé, kucai, bawang goréng, brambang goréng.[1] Dipangan yén isih anget lan diwénéhi sambel saka lombok rawit, kécap, lan peresan jeruk nipis.[1]
- Soto Ayam
- Soto Sapi[4]
Soto sapi yaiku soto kang ana dudohé.[4] Kuah utawa duduh soto sapi ana sing bening ana sing butheg utawa nganggo santen. [4]Soto sapi iki diwénéhi irisan daging sapi lan godhong bawang, lobak kang diris tipis-tipis lan bawang goréng.[4] Bawang goréng iki diwuwurna ing soto sapi kang wis diséléhaké ing mangkok.[4] Dudoh soto sapi digawé saka banyu kaldu sapi lan bumbu rempah-rempah.[4] Rempah-rempah kang kanggo nggawé yaiku mrica, bawang, tumbar lan liya-liyané.[4]
Soto bandung kalebu soto kang duduhe bening kaya duduh sup.[5] Bedané karo sup, soto bandhung luwih akéh rasané amarga susu bandung diracik karo daging sapi dadi luwih gurih.[5] Bumbuné uga béda karo bumbu sup bening.[5] Bumbu rempah kang dianggo ngracik soto bandung yaiku godhong salam, seré, jaé, mrica, brambang, lan bawang. [5]Soto bandung uga diracik karo uyah lan gula pasir.[5]
Kuah kaldu soto bandung digawé saka daging sapi kang digodhog.[5] Daging sapi iki yaiku daging sapi kang ora ana gajih utawa lemaké banjur diiris bentuk kotak utawa dadu.[5] Bumbu rempah lan daging digodhog karo banyu.[5] Geniné kang dinggo nggodhog cukup cilik wae supaya ora gosong.[5] Godhog nganti kurang luwih telu nganti papat jam.[5]
Soto kediri yaiku masakan soto kang khas dhaérah Kediri.[6] Kang mbedakaké soto Kediri karo soto liyané yaiku soto kediri nggunakaké sendi sémpol sapi.[7] Sendi sempol sapi utawa kang diarani skengkel iki kang marakaké soto kediri nduwéni rasa sedhep.[7]
[sunting] Galeri
[sunting] Chatetan suku
- ↑ a b c d e f g h i (id)[1](dipunundhuh tanggal 29 April 2011)
- ↑ a b c d (id)[2](dipunundhuh tanggal 30 April 2011)
- ↑ a b c (id)[3](dipunundhuh tanggal 30 April 2011)
- ↑ a b c d e f g (id)[4](dipunundhuh tanggal 30 April 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j (id)[5](dipunundhuh tanggal 30 April 2011)
- ↑ (id)[6](dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
- ↑ a b (id)[7](dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||