Jaé
| Jaé | |
|---|---|
| Jaé | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Spermatophyta |
| kelas: | Monocotyledoneae |
| ordo: | Zingiberales |
| kulawarga: | Zingibeaceae |
| Genus: | Zingiber |
| Spesies | |
|
Zingiber officinale |
|
Jaé utawa jahé iku sawijining bahan masakan. Jaé wis misuwur dadi bahané masakan, bumbu lan dadi obat. Jaé sing jeneng latiné Zingiber officinale Rosc, iki wis kasebar saindhenging jagad lan akèh gunané.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Jaé kanggo masakan
Ing masakan, jaé biasa ditambahaké kanggo sedhep-sedhepan, utamané ing masakan Cina lan India. Sing biasa didokok jaé sing tansah nom tur seger. Jaé uga dianggo dadi cuka, utawa dadi sedhep-sedhepan permèn pedhes. Saliyané iku dadi sedhep-sedhepan ing jajanan, utawa ing negara Eropah didadèkaké bahan dhasaré Roti Jaé.
Saliyané iku, jaé uga didadèkaké unjukan, kayata STMJ (Susu Telor Madu Jahe), Ginger Ale, Jahe Telor, Sekoteng, Pokak lan sapanunggalé.
[sunting] Jenising Jaé
Jaé bisa dipérang dadi manéka jenis, sing diweruhi uwong-uwong awam yaiku :
- Jaé biasa
- Jaé gajah
- Jaé abang
[sunting] Jaé kanggo obat
Jaé uga didadèkaké obat kanggo rupa-rupa penyakit. Jaé parutan isa dianggo komprès keseleo, pegel-pegel, lan sapanunggalé. Uga bisa dianggo tamba masuk angin, mules-mules utawa diemut kanggo wong wadon sing nembé mbobot kanggo ngilangi rasa kudu gumoh. Balsem ya ana sing nganggo bahan dhasar jaé kanggo ngréwangi ilangé lara.
[sunting] Balik ing :
[sunting] Pranala jaba
|
||||||||