Combro

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Combro
Combro
Informasi
Asal Indonésia
Dhaérah Jawa
Penyajian lan bahan
Bahan Ketéla pohung

Combro kuwi salah siji panganan kang digawe saka tela.[1] Wujudé kaya ondhol-ondhol ning isiné sambel oncom. Jinisé combro ana loro yaiku combro garing , lan combro teles. [2]Bahan-bahan kanggo nggawe combro garing antarane:tela pohung, tempe mondhol (tempe kang durung dadi), parudan klapa, brambang, bawang, kencur, lombok, lan uyah seperlune.[3] Carane gawe kulit combro sepisan tela pohung dionceki, terus dikumbah, diparut. sawise dadi parutan tela, banjur diperes.[4] Banyune dienebake kanggo njupuk pathi.Banjur dicampur karo parutan klapa.[3] Yen gawe isine kabeh bumbu mau kuwi diuleg nganti lembut dicampuri tempe mondhol nganti rupane kaya sambel tempe.[4] Tela pohung kang wis diparut diiseni sambel tempe, dikepeli nganti wujude bunder, utawa gepeng.[5] Sawise dicepakake kabeh, combro kuwi digoreng nganti warnane malih semu kuning. [4] Combro wis dadi lan bida dipangan kanggo lawuh medang utawa suguhan tamu.[3] Menawa arep gawe combro teles, carane meh padha mung waé tela pohung kang wis diparut ora diperes ning langsung dicampur karo parutan klapa.[3]


Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ Tim Penyusun. 2009. Profil wisata Kabupaten Purbalingga. Purbalingga: Dinas Kebudayaan Pariwisata Pemuda dan Olah Raga
  2. ^ Tim Penyusun. 2009. Folklore Eks Karesidenan Banyumas: BSJ. UNNES
  3. ^ a b c d (id)Combro Aliran Baru
  4. ^ a b c (id)Resep Combro
  5. ^ (id)Resep Combro
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Combro&oldid=829798"